Merti Bangsa iku kegiyatan kanggo nuwuhake rasa resiking jiwa lan wusanane uga nuwuhake rasa tresna mring bangsa tanpa nglalekake yasane para pahlawan.
Mlebu latar daleme Mbah Carik, wis ana bocah-bocah cilik sing nyekel buku. Ana sing cekikikan dhewe, ana sing nggambar, ana sing nata bukune kancane, ana sing rebutan.
Krasa semilire angin tumiyup, ngobahake pang-pang lan gegodhongan. Sawah kang jembar ngilak-ilak,
tanduran pari wis katon kuning, sedhela maneh Pak Tani panen parine.
Tari Krido Warok diripta jalaran durung ana jinising beksan kang nggambarake blegere warok. Beksan iki digawe kanggo nggenepi adicara festival kesenian Reyog Ponorogo.
Wengi kuwi eneng kedadeyan ora nalar. Bocah-bocah padha keweden amarga pocongan ing sarean. Omahe Mbak Kanthi kang paling cerak banjur dadi jujugan golek pitulungan.
Wah, dhukun ampuh, eh! tukang ngelih udan ampuh, batinku. Aku lan Wiro Bengah pancen kudu endha saka parapan sirik nalika ngarani pawang hujan utawa pawang udan.
Swara jumlegur lemah longsor, Nrabas apa bae kang dadi pepalang, Nora maelu omah, Nora maelu kreteg, Nora maelu wong liwat, Nora maelu sato iwen, Iku pangamuk nyata.
Banyu abang sing mlebu sawahe lan kabeh sawah ing desane gawe kasile panen kurang maremake. Embuh kepriye mula bukane dene banyu kalen malih dadi abang.
Nalika ana kadadeyan pelecehan seksual utawa kadurjanan liyane aku amung bisa meneng, ora bisa nyuwara, lan ora bisa tumindak akeh amarga aku ora duwe kuwasa.
Kutha Solo minangka kutha seni tradhisi lan kabudayan duwe krenteg ngleluri dolanan bocah amrih ora ilang. Salah sajining carane yaiku ngadani adicara Festival Dolanan Bocah.
Simar wis mantep karo pilihan sing ana ing njero atine. Dheweke pingin banget njaluk ngapura lan ngajak balen. Simar saguh nglakoni apa wae sing dijaluk Asri.
lehmu nggugah aja sero-sero, kepara ngeget-geti ndadekake tratabane ati, mesakake sedulur sing neng ereng-ereng kae.
lagi wae bali seka brak-brak pengungsi
aku isih duwe cathetan kasebut, ora bisa diwaca, luntur lan surem, cathetan babagan lelungan, kowe masrahake kanggo aku, nalika aku tresna karo wong liya.
Wong loro banjur golek dalan mlaku mlebu wana, sing miturut wong loro wis meh cerak desane. Dhuwit asil dodolane sing akeh ing tas dadi ora ana ajine. Nganti sedina wutuh wong loro kuwi mau durung nemu dalan.
Wiwit ketemu ing Jogja wulan sadurune, nganti seprene tetep ora ana pirembugan maneh. Citra wis mantep, manawa Argo nggekengi panemune, dheweke trima mundur.
Endah bungahe dhadhane Pak Zuhri. Wiwit saiki dheweke ora bakal krasa sepi maneh. Kawit garwane seda, terus sapine didol, Pak Zuhri kaya wong linglung saking bingung ora duweni kagiyatan lan panglipuran.
Semana uga dhokter Budi wektu iku kelegan bisa ketemu maneh karo Ratri sing saben dinane marakake dhokter Budi ora konsentrasi nyambut gawe amarga kelingan Ratri terus.