SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Yen warga ing dhusunku Selamarta nyebut jeneng Bu Guru, sing dikarepake mesthi Bu Sugiyem, garwane Pak Parto. Bu Sugiyem iku ora dadi guru, nanging bojone Pak Parto sing dadi guru SD. Kepara Bu Yulis sing dadi guru SMP negeri ora tau diundang Bu Guru.

Ana maneh Bu Katni sing mataun-taun dadi guru SMA negeri ya ora tau diundang Bu Guru. Semana uga Bu Tina lan Bu Martha sing kakunge ngasta dadi guru SD undang-undangane ya dudu Bu Guru. Nanging mung Bu Tina lan Bu Martha. Ngono wae.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Jare critane wong akeh, tangga teparo ngundang Bu Sugiyem kanthi sebutan Bu Guru amarga ing dhusunku sing dadi guru dhisik dhewe ya mung Pak Parto sing saiki wis pensiun. Sanajan Pak Parto wis pensiun, Bu Sugiyem isih tetep diundang Bu Guru. Kamangka, Pak Parto dhewe sing tau dadi guru, saiki wis ora gelem diundang Pak Guru jalaran wis pensiun.

Sawijine dina kira-kira tabuh siji sore, Bu Guru mlayu-mlayu karo menggeh-menggeh. Playune Bu Guru sansaya banter amarga dalane mudhun. Tekan pos rondha Bu Guru mandheg karo ngunjal ambegan. Ing kono ana Mbak Marfuah sing diundang Mbak Mar.

Mbak Mar iku wanita becik atine. Slirane dadi guru honorer ing SD negeri wis puluhan taun. Nanging, ya ora tau diundang Bu Guru. Undang-undangane Mbak Mar. Kabeh warga dhusunku, warga sadesa Gumiwang Lor ngerti sapa kuwi Mbak Mar.

Blanjane Mbak Mar sejatine ora cukup dienggo tuku wedhak pupur lan kabutuhan saben dinane. Nanging, dheweke tetep mulang amarga tresnane marang bocah-bocah lan tresnane marang pendhidhikan. Amarga kabecikan lan katresnane iku, dheweke bisa lulus testing dadi pegawe. Taun iki Mbak Mar dadi guru PPPK. Mesthi wae blanjane Mbak Mar luwih akeh tinimbang blanjane rikala dadi guru honorer.

“Wadhuh-wadhuuuuh, aku meh mati dioyak-oyak asune Pak RT,” sambate Bu Guru marang Mbak Mar.

“Lhoo, asune Pak RT sangertiku ora tau metu saka omah,” ature Mbak Mar.

“Bener. Menenga dhisik dakcritani! Aku mau menyang daleme Pak RT. Bola-bali aku kulanuwun, kulanuwun. Nanging, ora diwangsuli. Aku banjur mbludhus mlebu omah. Asune Pak RT weruh aku banjur ngoyak aku karo njegog-njegog. Begjane daleme Pak RT amba banget, jembar ngilak-ilak. Jogane dijobin kempling, resik banget. Aku oyak-oyakan karo asune Pak RT. Aku mubeng-mubeng ing jogan, digacar asune Pak RT. Asune jungkir walik, bola-bali kepleset dadine aku slamet, ora kecekel. Aku mencolot munggah meja gedhe.”

Krungu critane Bu Guru kuwi Mbak Mar ngguyu kemekelen, nganti wetenge mules. Ngguyune Mbak Mar nyekakak karo njengking-njengking ora bisa mandheg. Bareng sawetara wektu, Mbak Mar mandheg ngguyune banjur matur marang Bu Guru.

“Panjenengan kendel sanget Bu Guru. Lha yen kula dioyak-oyak asune Pak RT bisa kepuyuh-puyuh, ngompol tenan,” celathune Mbak Marta.

Bu Guru uga ngguyu nyekakak karo nyekeli ngisor wetenge. Bareng rada suda ngguyune banjur celathu.

“Asune kepleset-pleset nganti jungkir walik ngono kuwi merga uyuhku.” Bu Guru ngguyu maneh kaya-kaya ora bisa diampet.

Dumadakan Pak RT kledhang-kledhang njedhul ana ing dalan lor pos rondha. Pak RT kondur saka sawah. Bu Guru karo Mbak Mar isih padha ngguyu nyekakak.

“Bu Guru, wonten punapa kok gumujeng kemekelen?” pitakone Pak RT.

Bu Guru tambah kemekelen ngguyune, ora nggagas pitakone Pak RT. Lagi meneng sedhela wae, wis kelingan maneh anggone dioyak-oyak asu, banjur ngguyu ngakak meneh.

“Bu Guru, Bu Guru, njenengan niku kepripun dipundangu Pak RT kok ora ditanggepi. Jiyan, Bu Guru ki ora duwe subasita tenan,” ature Mbak Mar karo nyedhaki Bu Guru.

“Nyuwun pangapunten Pak RT kula kirang sopan. Pak RT kula badhe matur sekedhap kemawon. Keparenga Pak RT pinarak lenggah sawetawis wonten ing pos rondha punika!” panyuwune Bu Guru.

“Kula ugi badhe matur sekedhik Pak RT,” ature Mbak Mar.

Pak RT banjur tumuju pos rondha sing ana ing kidule. Bu Guru lan Mbak Mar semono uga. Wong telu iku lungguh adhep-adhepan ing pos rondha. Bareng wis lungguh mapan, Bu Guru banjur miwiti ature.

“Rebat cekap Pak RT. Kula kalawau sowan dalemipun Pak RT. Dumugi dalemipun Pak RT, kok suwung. Lajeng kula wangsul, dumugi pos rondha mriki kepanggih Mbak Mar.”

“Critanipun Bu Guru mboten jangkep Pak RT. Mboten namung mekaten critanipun Pak RT,” ature Mbak Mar karo ngendheg ngendikane Bu Guru.

“Lha sing komplit kepriye Mbak Mar?” pitakone Pak RT.

“Kalawau Bu Guru crita mekaten, Bu Guru sowan daleme Pak RT. Wongsal-wangsul Bu Guru sora, kulanuwun, kulanuwun. Nanging, mboten diwangsuli. Bu Guru lajeng mbludhus mlebet omah. Segawonipun Pak RT weruh Bu Guru lajeng ngoyak Bu Guru kaliyan njegog-njegog. Begjanipun daleme Pak RT amba sanget, jembar ngilak-ilak. Joganipun dipunjobin kempling, resik sanget. Bu Guru oyak-oyakan kaliyan segawonipun Pak RT. Bu Guru mubeng-mubeng ing jogan, dipungacar segawonipun Pak RT. Segawonipun jungkir walik, wongsal-wangsul kepleset dadosipun Bu Guru slamet, mboten kecekel, mboten dipuncathek segawonipun. Bu Guru mencolot minggah meja ageng. Jebulipun segawonipun Pak RT ingkang jungkir walik, wongsal-wangsul kepleset punika jalaran uyuhipun Bu Guru. Amargi dipunoyak-oyak segawonipun Pak RT, Bu Guru kepuyuh-puyuh, ngantos ngompol wonten jogan. Mekaten Pak RT,” ature Mbak Mar.

Rikala krungu critane Mbak Mar, Pak RT mesam-mesem. Suwening suwe Pak RT ngguyu kemelen nganti merem-merem. Bu Guru lan Mbak Mar ngerti Pak RT ngguyu, uga melu ngguyu maneh nganti swarane wong ngguyu nyekakak krungu tekan Dhusun Tulakan. Ora ilok temenan. Sanajan diarani ora ilok nanging wong telu iku bungah kabeh. Swasanane nyenengake, akrab banget siji lan sijine, kabeh padha urmat kinurmatan.

Sawise anteng kahanane Bu Guru nyiapake rembug, uneg-uneg sing ana ing njero atine. Watara sepasar kapungkur anggone nyimpen uneg-uneg ing pojokan ati. Bu Guru ora ngerti apa uneg-uneg sing disimpen ing atine iku yen kababar bisa tinampa dening Pak RT apa ora. Nanging atine tetep mantep bakal medhar kekarepane. Bu Guru banjur matur.

“Kula badhe nglajengaken atur Pak RT. Sepisan kula ngaturaken sugeng Natal Pak RT. Gloria in excelsis Deo. Minulya Allah ingaluhur lan manggiha tentrem manungsa ing donya ingkang kinasih ing Gusti. Mugi-mugi damai Natal tansah cumondhok ing manah lan ing jagad buwana punika. Mliginipun ing masarakat Dhusun Selamarta punika.” Ature Bu Guru.

“Kula ugi mekaten Pak RT. Kula ngaturaken sugeng natal saha warsa enggal. Mugi-mugi damai Natal tansah karaosaken wonten ing brayatipun Pak RT lan ugi masarakat ing pundi papan. Langkung-langkung kangge masarakat Dhusun Selamarta punika. Mugi-mugi ing taun enggal ingkang sekedhap malih dumugi saged kita lampahi kanthi iman lan pangajeng-ajeng ingkang ageng. Cekap semanten lan ugi mekaten Pak RT. Nyuwun pangapunten wonten kalepatanipun lan sasar susur anggen kula matur.” celathune Mbak Mar karo munggel ature Bu Guru.

“Matur nuwun sanget kangge Bu Guru lan Mbak Mar ingkang sampun ngaturaken ucapan Natal punapa dene ucapan warsa enggal. Estu manah kula mongkog linuber ing kabingahan rikala mireng atur panjenengan kekalih. Sampun mataun-taun kula dados Ketua RT nembe sepisan punika kula pikantuk ucapan-ucapan kados mekaten punika. Mugi-mugi pandonga panjenengan kekalih kakabulaken dening Gusti Allah temahan damai Natal saged kula alami sabrayat lan ugi karaosaken dening sedaya warga Selamarta sapunika lan salami-laminipun, Amin.” ature Pak RT kanthi penuh ing kabingahan.

“Aamiin ya rabbal alamin.” wangsulane Bu Guru lan Mbak Mar bebarengan.

Suwasana anteng, ora ana suwara pangucap apa-apa. Pos rondha sepi nyenyet, kabeh ati mawas dhiri. Wong telu padha nyawang siji lan sijine tanpa wicara lisan. Nanging, sejatine atine wong telu iku nindakake wawan ati sing kebak ing kabungahan.

“Kula badhe njangkepi atur, Pak RT,” ature Bu Guru mungkasi swasana sepi.

“Ingkang kaping kalih, kula badhe ngaturaken pemanggih kula ingkang sampun dangu kula rembag lan kula lelimbang kaliyan Mbak Mar. Lajeng Mbak Mar sarujuk lan sarujuk satus persen kaliyan pemanggih kula punika.”



“Kawula kekalih badhe berjuwang mujudaken Dhusun Selamarta punika dados dhusun toleransi. Toleransi punika satunggaling patrap ngurmati lan ngajeni antarkelompok utawi antarindividu salebeting masarakat utawi lingkup sanesipun. Toleransi punika antawisipun patrap ngajeni pemanggih utawi pamikiran tiyang sanes ingkang benten kaliyan kita sarta lung-tinulung mring sesami. Utawi gesang sesarengan, mboten nyawang suku, ras agama, budaya, lan antargolongan. Ing tembenipun warga Dhusun Selamarta kedah nggadhahi toleransi ingkang unggul.”

“Leres mekaten Pak RT. Ingkang dipunaturaken Bu Guru punika sae sanget,” celathune Mbak Mar nyumela ature Bu Guru.

”Wonten ing jagad pendhidhikan Indonesia, Bapak Menteri Pendhidhikan badhe mujudaken profil pelajar Pancasila. Salah satunggalipun bilih pelajar Pancasila kedah saged gesang berkebinekaan global. Sedaya pelajar kedah sadar bilih bangsa Indonesia punika maneka warna asal-usulipun, suku, ras, agama, budaya lan sanes-sanesipun. Pelajar kedah saged gesang ing satengahing kebinekaan global punika. Menawi para pelajar ing Dhusun Selamarta saged gesang berkebinekaan global lan masarakat ing mriki saged gesang kanthi toleransi unggul tamtu masarakat sedaya badhe gesang ayem tentrem sarwa ing kabingahan lan pasedherekan. Mboten wonten paben lan pakaryan awon sanesipun.” ature Mbak Mar.

Sawise Bu Guru lan Mbak Mar ngaturake panguneg-unege marang Pak RT swasana ing pos rondha iku dadi sepi maneh. Ora let suwe Pak RT banjur matur kanthi temata.

“Sepisan malih kula matur nuwun sanget dhateng panjenengan kekalih. Ing mangsa Natal taun niki kula bingah sanget. Natal tegesipun lair. Panjenengan kekalih ing mangsa Natal punika sampun nglairaken pemanggih ingkang sae. Sepisan nglairaken ucapan Natal lan warsa enggal kangge kula. Kaping kalih, nglairaken cita-cita mujudaken Selamarta minangka dhusun toleransi. Kula sarujuk kaliyan punaka ingkang sampun panjenengan kekalih lairaken punika. Kula badhe paring panjurung satus persen lan tekun sembahyang murih saenipun lan mekaripun ingkang kalairaken ing dinten punika. Mangga kita sami nyenyuwun dhateng Gusti Allah mugi-mugi sedaya saged lancar lan sae kangge sedaya warga,” ujare Pak RT.

“Sapunika, kula nyuwun Bu Guru lan Mbak Mar kersa dhateng griya kula kangge nyawisaken pesta andrawina, pesta Natal kanthi climen. Kalawau kula dipunkirimi iwak nila 10 kg. Keparengan Bu Guru lan Mbak Mar mangsak nila punika lan olah-olah sanesipun. Menawi sampun rampung anggenipun mangsak, sedaya warga dipunundang pesta Natal dhateng griya kula. Undanganipun lumantar grup WA dhusun kemawon. Matur nuwun,” ature Pak RT.

Wong telu iku age-age mlaku, malah ana sing mlayu ninggalake pos rondha tumuju daleme Pak RT. Kabeh padha duwe pangarep-arep sing gedhe marang apa sing wis dilairake. Kabeh uga mbudi daya amrih bisane urip ngrembaka lan migunani apa sing wis dilairake.

 

D. Roch Ediyanto
Guru SMP Kanisius Wonogiri
Jl. Durian No 9 Wonogiri 57612.







Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya