CERKAK: Mendem Kecubung

Sakesuk iki mau Kusno anane mung nesu-nesu wae. Purwati, bojone sing dadi sasaran sajake uga ora gelem kalah. Padudon iku nganti keprungu tangga teparo, yen perkara padu pancen wong loro kuwi juwara. Tangga-tanggane wis ora maelu, mengko lak ya meneng dhewe, ngono batine.
“Karepmu kuwi piye ta Bu, akik kecubung wulung senenganku mbok buwak sakarepmu dhewe? Ora tata tenan!” Kusno mbengok karo nuduhake wadhah akik kang wis ora ana isine.
“Witekna ora payu didol ngono arep dinggo apa?” Purwati nyengaki genti.
“Piye-piyea kuwi akikku, lha mbok rembugan karo aku dhisik yen arep ngapa-ngapa!”
“Apa mbiyen sampeyan ya rembugan karo aku nalika tuku akik kuwi? Dhuwit sepuluh yuta arep diubengke malah dibrah-brehke. Mikira lho, Pak, Angga kae sedhela engkas mlebu kuliyah, Anggi mlebu SMA. Butuh wragad ora sethithik. Mikira lhoo..mikir..wong kok pikirane gur akik..akik..akik…wae!”
“Eh kowe ki ra mudheng perkara akik, aja ngece kesenenganku yen ora pengin…,”
“Ora pengin apa? Jajal tak takon? Yawis sakarepmu, Pak, sak kojah-kojahmu, manganen watu kono yen pengen urip. Aku arep nyang pasar, wis kawanen, wektuku keguwak muspra gur nggo ngladeni padu sampeyan,”
Purwati wis ora nggagas bojone. Motor diselah, digas banter tumuju pasar saperlu kulakan barang-barang nggo isen-isen tokone. Biyasane anggone mangkat mrepet, nanging amarga ana acara perang dunia barang, dheweke kawanen. Ora gumun yen banjur numpake motor kaya diuber dhemit. Dheweke pancen isih getem-getem.
Wingi pancen dheweke jipuk akike bojone tanpa njalukidipalilah. Nalika awake ngresiki kamar, nemu kothakan sing kayane lali ora dibalekke neng nggone sakawit, dibukak, jebule ali-ali mawa akik kecubung. Purwati kelingan, akik kuwi anggone tuku mbiyen marakke tukaran antarane dheweke lan bojone. Lha piye, dhuwit sepuluh yuta simpenane dijupuk Kusno tanpa palilahe dheweke, mung dinggo tuku barang kaya tilas mut-mutan permen. Nalika kuwi Kusno kebujuk kancane, jare akik kecubung kuwi nduwe daya linuwih, bisa ngraketake relasi, pengasihan, embuh apa maneh. Purwati banjur nggawa akik kuwi neng nggon wong dodolan akik sacedhake pasar, karepe arep didol, lak lumayan yen regane mundhak.
“Piye, Mas, kira-kira isih payu didol ora?” takone Purwati.
“Wah Mbak, paling nek pajeng nggih puluhan ewu mawon, niki kualitase mboten apik,” bakul akik mangsuli.
Purwati jomblak, “Wah lha mbiyen bojoku tukune sepuluh yutanan ki, medhun-medhuna mosok ya nganti semono, Mas?”
“Nggih regi akik pancen mboten kados mas napa berleyan, Mbak. Mboten enten pathokane. Kadhang watu hematite mawon saged pajeng awis nek dipercaya gadhah daya linuwih, akik motif gambar saged milyaran regine, nggih ngaten niku lah, seneng-senengan mawon,”
Purwati ora pati mudheng bab per-akik-an. Sing dingerteni, akik sing digawa ora payu didol. Mangkel tenan atine, judheg, banjur akik kuwi dibuwak ngono wae neng pawuhan, ora akikan ra patheken, ngono pikire.
Kusno pancen pawongan sing gampang melu ombyake trend. Jaman tanduran gelombang cinta, onthorium, adenium, senthe kae Kusno ya melu-melu kedanan. Jan-jane gaweane Kusno kuwi bakul beras, jagung, lan asil tetanen liyane, nanging yen ana bab sing lagi in, dheweke ora gelem kalah. Saking kedanan karo tanduran kuwi, bakulane ora digagas, bojone muring, tandurane dibabati dipakakke wedhus. Kusno muntab, wong loro kuwi padu suwe banget nganti ditekakke Pak RT barang. Nalika trend tanduran wis ora booming maneh, Kusno mbalik anggone dodolan, Purwati seneng. Saiki, banjur trend-e ganti akik, lha kok melu-melu maneh.
Jan-jane Purwati ora papa yen bojone nandur tanduran pasren utawa nganggo akik. Ora masalah yen mung samadya wae. Nanging bojone kuwi yen wis kepilut karo sawijining bab, kaya lali liyane. Kuwi sing marakke judheg. Yen nyambi bakulan akik sing nambahi pametu, Purwati ya seneng wae. Lha bojone iki ora bakulan akik nanging koleksi wae. Yen gur puluhan tekan satus ewu isih ra masalah, lha yen nganti yutan, lak ya kojur, wong dheweke ya ora wong sing sugih mblegedhu.
***
“Ngga, kok wis mulih yahmene?” takone Purwati marang anake nalika anake mulih gasik saka sekolah.
“Nggih, Bu, bakda layat,” wangsulane sajak lesu banget.
“Lha sapa sing ninggal?”
“Alif, Bu, kanca kelas kula. Kalap wonten lepen, pados akik,” wangsulane Angga, banjur mlebu kamar.
Purwati ngelus dhadha. Tambah siji bocah sing mati gara-gara golek watu akik. Sasi wingi tangga desa uga ana sing kentir neng kali Lusi gara-gara golek akik. Kamangka jarene kali Lusi ora kali sing akeh watu akik-e, ora ngerti kok ya isa golek tekan kono. Bocah-bocah kuwi paling ya mung melu-melu wong tuwa kae. Desa kulon kali iku uga dalane saiki dadi rusak merga dijugili watu-watune. Mbiyen ya ora digape, nanging banjur ana slentingan yen watu sing dinggo ngurug dalan kuwi kalebu sela aji, banjur padha golek neng ndalan. Yen bar digoleki banjur didandani maneh dalane ora papa, lha wong golek mung sakpenake dhewe, lak ya bisa mbebayani liyan, kaya guwa neng cedhak tegalan kae wis ditutup amarga stalagtit-e dijupuki,wis mutawatiri banget. Akik pancen lagi winongwong jawata. Ora gumun yen banjur padha digoleki. Akeh kepala daerah sing majibake andhahane nganggo akik. Akeh sing banjur mundhak pametune merga dadi pengrajin watu akik utawa mung golek mentahane.
Purwati ora ngerti yagene akik isa se-booming kaya dina-dina iki. Kamangka akik wis ora barang sing asing. Bapake Purwati jaman sugenge ya seneng nganggo ali-ali akik, mung nggo pantes-pantes wae, ora nganti driji sepuluh dienggo kabeh kaya pelawak Tessy. Mbak Rini wong sugih sebrang dalan kae ya seneng nganggo liontin giok. Purwati mikir, apa dheweke kebangeten mbuwak barang klangenane bojone. Nanging pikiran kuwi ditepis maneh nalika kelingan bojone tuku barang kuwi nganggo dhuwite tanpa idin.
Purwati tau rasan-rasan karo tanggane bab akik iku. Ya ibu-ibu yen lagi blanja pancen biyasa yen karo rasan-rasan.
“Ngapa ya, Yu, kok padha seneng golek akik nganti kaya ngono? lha ya mbok ben watu kuwi neng alam,” ujare Purwati sambi ngladeni blanjan.
“Ya jenenge wae ikhtiyar golek dhit, Yu. Penting ora nganti ngrusak, ora nganti ana wong dibegal gara-gara akik lak uwis, gitu aja kok repot,” wangsulane Wati karo niruke omongane Gusdur.
“Yen nganti ngrusak alam tak kira ya ora, Yu. Wong watu akik iku kan langka, dadi entuk paling ya sepira wae, ora nganti lah yen ngrusak,” Ningsih aweh panemu seje.
“Lha buktine neng Sukoharjo kae, watune dijupuki, jare watu lavender apa..apa ngono, lemahe jugrug, saiki wis digaris polisi, piye hara? Lak ya mbebayani,” Yuli sing mau meneng wae melu-melu rembugan.
“Sing paling nggawe embuh maneh, ana wong sing nggantungke uripe karo akik amarga percaya akik kasebut nduweni daya. Apa ra malah kelabu syirik? Jare Pak Yai lho kuwi,” Aminah melu nambahi omong-omongan kuwi saya gayeng.
Kabeh manthuk-manthuk. Purwati sing rumangsa kesindhir amarga bojone percaya banget marang akike kuwi gage mungkasi rembugan kanthi ngitung blanjan kabeh lan ngomong yen wis awan lan wayah masak, becik padha cepet mulih.
***
Sajake Kusno durung mari mangkele. Dheweke pancen wis gelem dodolan maneh, wis nukoni gabahe tangga-tangga, nanging jan ora semangat nganakae. Yen diladeni mangan ya mung ya…ya..wae, ngomong mung saperlune. Kusno jan wis mendem tenan karo akik kecubunge.
Suwe-suwe Purwati ora betah ngingeti bojone kaya ngono, dheweke dadi kelingan yen kuwi gara-gara akike Kusno ilang. Akik sing tau dibuwak digoleki maneh, nanging ora ketemu. Lha ya wis suwe anggone mbuwak, gek neng pawuhan ngono. Banjur dheweke golek neng nggon dhasaran akik, sing memper kaya nggone bojone ora ana.
Nalika arep mulih, dheweke ora sengaja ngerti ibu-ibu nyrengeni anake neng pinggir ndalan, anake sing disrengeni nangis kejer sajak keweden.
“Wis dikandhani Mamak ping pira? Aja dolanan neng pinggir kali Lusi, akeh kecubunge, begja kowe ora ngapa-ngapa!”
Purwati ora krungu ukara sabanjure, krunge amung “Neng pinggir kali Lusi akeh kecubunge,” ora nganggo suwe, awake banjur mrana. Menawa entuk watu kecubung lan cocok karo karepe bojone, isa didandakke neng pengrajin.
Kusno kaget, nalika bojone diotong-otong tanggane digawa nyang omahe.
“Ana apa, ana apa? Ibune Angga ngapa iki kok diotong-otong?” Kusno omongane semu ngewel.
“Anu Lik, bojone sampeyan…,”
“Bojoku gene? Aduh Bune…piye iki..,”
“Wau kula pas ngarit caket lepen niku, kula mireng wonten tiyang estri gremeng-gremeng mboten cetha, kula kinten dhemit, waune ajrih, tapi terus kula caketi, lha kok Lik Pur mpun kados tiyang edan ngaten ngomyang-ngomyang piyambak, pas kula caketi malah semaput, kula undangke tiyang-tiyang sing caket lepen niku, kersane dirumat mriki, napa dibekta wonten puskesmas, sajake Lik Pur niku mendem kecubung, wong pinggir lepen niku wonten sing kathah taneman kecubung sing kembange putih, mendemi sanget niku, mila mboten wonten sing wantun mrika, lha kok Lik Pur saged wonten mriku, adate lak sabane wonten pasar, napa niku wau digondhol dhemit…,”
Kusno lemes, dheweke ngrasa luput, mau bengi Purwati diuman-uman, pokoe kudu bisa nemokke akike, yen ora temu kon golek watune sing padha persis, ora preduli neng endi nggone, arep neng pinggir kali, tengah alas, neng endi wae dheweke ora preduli. Saiki dheweke ngrasa keduwung, merga saka mendeme marang akik kecubung, bojone dadi mendem kecubung. Dhuh…
***

*Impian Nopitasari. Sutresna sastra Jawa, dedunung ing Solo.

Impian Nopitasari
Sawerna tulisane wus kapacak ing medhia lokal lan nasional. Tulisan abasa Jawane wus kapacak ing majalah Panjebar Semangat, Jaya Baya, Djaka Lodang, rubrik Jagad Jawa Solopos, rubrik Mekarsari Kedaulatan Rakyat, majalah Jemparing, majalah Garis Bawah, majalah Utusan, majalah Swaratama lan maneka warna antologi. Cerkak-e Balone Sutejo dadi juara 1 Lomba Nulis cerita Cekak Dinas Kebudayaan Surakarta 2017, cerkak-e Bakpao Meilin kasil dadi Juara Harapan 1 Lomba Nulis Cerita Cekak Yayasan Karmel Keuskupan Malang 2018 lan cerkak-e Sang Waranggana Tayub kepilih dadi 5 Pemenang 5 Besar Sayembara Menulis Cerita Cekak Sanggar Sastra Triwida 2020. Buku kang wus kababar yaiku kumpulan cerita cekakKembang Pasren, kababar September 2017 dening Penerbit Garudhawaca, Yogyakarta lan wacan bocah Si Jlitheng: Dongeng Bocah Abasa Jawa kababar dening Penerbit Babon, Boyolali. Asli Wirosari, Grobogan lan nunut golek upa ing Surakarta. Bisa sesambungan lumantar emai lpitanopi@gmail.com utawa instagram lan twitter @dreamy091_



Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya






Kolom