SOLOPOS.COM - Pengamatan visual Gunung Merapi menunjukkan luncuran awan panas pada Jumat (20/8/2021) pagi. (Istimewa)

Ing Pangrengkuhe Merapi

bengi iki nggonku turu sajake ora bakal bisa kepati
merga isih ana gurit sing durung rampung tak thinthingi
mula menawa kepengin tak kancani
lehmu nggugah aja sero-sero
kepara ngeget-geti ndadekake tratabane ati
mesakake sedulur sing neng ereng-ereng kae
lagi wae bali seka brak-brak pengungsi

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

bengi iki isih ana gurit sing durung tak pungkasi
nanging lamun aku nganti turu kepati
wekasna marang saprotelone wengi
dene aku kudu enggal tangi
asung pepuji mring Hyang Widi

sugeng wengi, Ki Merapi
dak titipake kasalarase bumi jawi ing pangrengkuhmu

Sanggar Sastra Monthit, 22 Maret 2021

 

Sega Putih Rasa Pait

miwiti mangsane rendheng
kadang tani nandur wiji-wiji pari
ngenam-enam ati kebak ing pamuji
bakale tuwuh dadi rumbakane rejeki
pangangen-angen mumbul akasa
mbathik pangentha-entha tekane bada riyaya
mipik klambi apik mbacem ingkung pitik
kepung ambeng tumpeng kuning gurih
anak putu gojeg suka-suka neng gelaran klasa

kadang tani bededengan nyunggi srengenge
sapa sing gelem nggape gumrojoge riwe
kalane panen gedhe ora nukulke esem sing ngawe-awe
kepara dadi abote sanggan nguncegi mbun-mbunane
pindhane srengenge kesusu angslup sadurunge sore
kaya selake para penggedhe saka janji-janjine

wis sawetara wektu sega putih rasa sepa
ewadene ora ana prawira sing njunjung rega
kamangka padaringan duweke nagara
wis kebak mencleb beras manca
regane luwih asor timbang tela kaspa

wekasane sega putih wis rasa pait
kadang tani bisane mung nangis jerit
bulan sajlarit tugel neng pucuk langit
ceblok ambyar ora ana sing bisa kajimpit
kumreceke manuk emprit njilma tangis pating jlerit

Sanggar Sastra Monthit, 2021

Kapilut Pulase Lambe

aja ngarep-arep
sapa sing arep nundhung mendhung
sing gumandhul neng sithip mripatmu
merga srengenge uga wis dikipatake
adoh sungsate saka pangangen-angenmu
ora gantalan wektu sawuse junjunganmu
winisuda pinangka pamengkune praja

aja nagih janji sabaya pati sabaya mukti
marang sing biyen kok labuhi lila toh pati
nganti kaya bektine kawula marang Gusti
nanging sawise kalungguhan yekti ginayuh
kabeh laralapa mung dadi crita wayu
ora marang sok sapoa kamukten bakal dipepantha
uga marang kowe sing mung jejere kawula

aja ngimpi-impi marang sing wis selak ing janji
bakal nelungake kluwung neng amben lincakmu
nuli kok aras bareng anak putu
merga janji sing kok kekep nganti atimu njarem kuwi
amung pinangka ulas-ulas
kanggo mikut atine sapa wae
sing gampang kapilut pulase lambe

uwis kang,
aja meneh-meneh nggonmu nglabuhi rowang
bebasan nganti direwangi mlaku mbrangkang
kepara dadi congkrah bubrah sedulur lan kadang
punton piwalese mung diuncali bathang

Sastra Monthit Magelang, 2021

Kali Gendhol

kali gendhol ora adol watu wedhi
sapa wae kena melu duweki
salagi samurwat kanggo kacukupane rejeki
mula aja dikeruki nganti padhas curi

kali gendhol kudu padha dirukti
tanggul kali aja nganti jebol
mula aja didhodhosi lan dijugrugi
yen tanggul kali nganti ambrol
hyang girinata wis ora kober nututi

kali gendhol ora adol watu wedhi
yen mung padha-padha cadhong rejeki
ora perlu ndadak nganggo regejegan
kepara nganti gething kepati
Sanggar Sastra Monthit, 2021

Omah Suwung Jero Guwa
ora ana gurit sing bisa dak anggit
tembung-tembung tan bisa rinakit
nalar peper kethul kalayon lungid
ukara temangsang neng pucuk langit

udan grimis pijer gawe tangis
adoh sungsate tumiyunge kluwung
lawang jemblang ora weh pepadhang
cendhela menga dadi susuh angga-angga
suket garing ngrungkut sajembare dhadha



: aku kudu njegegreg tanpa adeg
tunggu omah suwung neng jero guwa?

Sanggar Sastra Monthit, 2021

Daladi Ahmad
Kajaba nganggit gurit uga ngripta cerkak, cerpen, puisi, musikalisasi puisi, nulis artikel kanggo majalah basa Jawa. Saperangan karyane asring kapacak ing koran/majalah nasional dan daerah, uga ing pirang-pirang antologi bebarengan.
Antologi kumpulan geguritan tunggale sing paling anyar, Jinawine Jiwa Jawa, terbit ing sasi Maret 2021. Asring nekani undangane kanca-kanca sastra/budaya ing pirang-pirang dhaerah saperlu ngisi acara musikalisasi puisi.

 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya