SOLOPOS.COM - Penggurit nalika mbabar karyane jroning adicara Geguritan Anggara Kasih ing Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Solo, Senen (18/4/2022) wengi. (Oktina Sakti Nuraini)

Solopos.com, SOLO — Sanajan Sasi Pasa, Geguritan Anggara Kasih ora prei anggone pentas utawa gladhen. Pentas Geguritan Anggara Kasih ajeg dibabar setaun pisan. Dene taun iki kapetung pentas kapitu.

Adicara iku digelar sawetara wektu kapungkur, jam 20.00 WIB, supaya penggurit duwe wektu nindakake Salat Tarweh lan para pandhemen geguritan tetep bisa golek panglipur sabubare ngibadah Salat Tarweh.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Salah siji pandhemen pentas geguritan ing Gedung Teater Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Solo kuwi yaiku Kepala TBJT, Suratno.

“Taman Budaya Jawa Tengah dadi wadhah kanggo rencang-rencang seniman ketemu lan mbabar karya, salah sijine geguritan iki mau,” pratelane Suratno nalika mbuka adicara Geguritan Anggara Kasih, Senen (18/4/2022).

Ekspedisi Mudik 2024

Miturut Suratno, adicara Geguritan Anggara Kasih kuwi yaiku salah siji kagiyatan kang ajeg digelar saben malem Selasa kanggo madhahi angulir budine penggurit lan kanggo nglestarekake budaya geguritan.

Nyatane adicara Geguritan Anggara Kasih iku ora gur awates maca geguritan, nanging uga mbabar beksan kanthi kairing irama lagu kang gayeng.

Para panggurit kang mbabar karya ing Geguritan Anggara Kasih saben taun iku beda-beda. Lumrahe panggurit iku saka para dwija utawa guru sekolah lan uga saka sawetara pepanthan.

Geguritan sing diwaca yaiku karyane dhewe-dhewe lan diwaca dhewe dening panggurite sajroning pentas geguritan. Saben dhaerah biyasane ana pepanthan mligi kanggo para pendhemen geguritan. Contone ing Solo yaiku Rumah Literasi Edelweish.

Koordinator pentas Geguritan Anggara Kasih taun iki yaiku Sus S. Hardjono. Piyambake mratelakake ana buku kang ngamot karya-karya geguritan sing diripta dening para panggurit iki mau kang asesirah Wanita Utama.

Jroning adicara pentas Geguritan Anggara Kasih, Sus S. Hardjono ngajab supaya geguritan bisa lestari lan ditresnani wong akeh.

“Lomba geguritan tingkat SD, SMP, biyasane dileksanakake supaya geguritan ajeg lestari lan ditresnani para kadang kanoman,” ujare Sus. S Hardjono nalika diwawancarai Solopos.com, saselaning adicara.

Ananging uga ana tantangan kang diadhepi ing jaman milenial saiki, yaiku bocah enom wis padha nyekel handphone dhewe. Kamangka ing njero handphone iku akeh gegodhan kang ana pangaruhe tumrap pamikirane lan trapsilane bocah nom.

Mula saka kuwi mau, Sus mbacutake, geguritan wus arang digelemi bocah nom milenial kaya saiki.

“Ya ora bisa diklerokake. Bocah nom saiki wis bedha jamane. Saiki wis padha duwe handphone dhewe. Iku dadi tantangane panggurit kanggo nglestarekake geguritan,” pungkase.

Saperangan pandhemen geguritan kang melu nyengkuyung adicara iku banjur duwe panemu, ing tembe mburi nyoba mbabar adicara Geguritan Anggara Kasih kanggo para siswa utawa kawula mudha.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya