SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rampungan mangsak, jangan lan lawuh daktata ing ndhuwur meja mangan. Banjur ora lali daktutup krodong amarga usum laler. Mripatku nglirik jam sing nemplek ing tembok sisihe gambar woh-wohan. Jebul uwis meh jam sewelas. Mula kok awak uwis krasa sumuk lan pliket.

Kelingan nek duwe kumbahan neng mesin cuci, aku njangkah nyang jeding ngliwati pawon. Rasan-rasanku luwih becik aduse bar njerengi kumbahan sisan. Ngadhep mesin cuci, ember ireng cilik dakselehake neng ngisore. Dene tangan tengenku njupuki gombal kang uwis semu garing.

Promosi Era Emas SEA Games 1991 dan Cerita Fachri Kabur dari Timnas

Tujune dina iki srengengene gelem njedhul. Komat-kamit aku dedonga muga-muga wae sragam bathike Gendis isa garing sadurunge tumekane mendhung. Pirang-pirang dina iki wayah sore bubar Asar pancen ajeg udan.

Critane, ndhek Selasa bar mulih sekolah, Gendis ora ndang nyelehke sragame neng krenjang kumbahan. Wusanane sragame ketlisut. Rong jam punjul anggonku kiter nggoleki sragam nganti ora kober mangsak sarapan. Sidane Mas Yusuf budhal dhines amung sarapan teh anget lan biskuit klapa. Begjaku duweni bojo sing watake sabar lan pangerten.

Isih repot meresi klambi sadurunge dipeme, dumadakan keprungu swara dhodhog-dhodhog saka lawang ngarep. Amarga merkengkong uwis kelong setengah ember, aku sengaja nglirwakake.

Sawise rampung anggonku mepeni kumbahan, swara dhodhog-dhodhog uwis ilang, aku rada getun. Piye jal nek saumpama tamune mau iku wong penting. Dhuh, isa diceramahi bapake Gendis tenan aku iki mengko.

Rada sumelang aku mlayu nututi nyang ngarepan. Mbok menawa wae tamune durung adoh. Cepet-cepet aku mbukak lawang tanpa nginjen liwat cendhela dhisik kaya adatku.

Makjenggirat aku kaget. Mbah Parmi lungguh nglesot ing ngarep omah. Rambute sing uwis putih jebleh reyap-reyap medeni tenan. Ya Allah … esuk-esuk yahmene kok ya uwis kena prank, sambatku mangkel neng njero ati.

“Mbak Lurah pripun kabare?” Mbah Parmi gondhelan kursi kanggo ngadeg. Dheweke katon kangelan nganti sikile ndredeg. Aku mung meneng kanthi nyawang. Ora engga-engga ngewangi.

“Sae, Mbah. Wonten prelu napa njih, Mbah?” pitakonku nyang Mbah Parmi rada kecut.

“Ajeng nyaosake layang saking Pak Camat kangge Mas Lurah, Mbak Lurah.”

“Owalah … layang saking Pak Camat malih,” semaurku karo ngampet ngguyu. Ngece.

Jujur, sawise sawijining ibu-ibu tangga cedhak omah nyritakake babagan jati dhirine Mbah Parmi, aku dadi geting karo randha tuwa tanpa anak iku. Neng mripatku, Mbah Parmi ora beda karo pelakor neng sinetron. Sing tega nggondhol bojone uwong lan gawe cidra atine wong wadon liyane.

Pancen, nek wis ngrembug babagan pelakor, aku mesthi dadi gregetan dhewe. Rasa-rasane kepengin njambak lan ngunek-ngunekake wong wadon sing tegel ngrusak kulawarga wong wadon liyane. Tujune wae Mbah Parmi sing ora bisa maca-nulis iku wis tuwa. Saengga aku ora tega tumindak kaya mengkana. Wedi kuwalat.

“Mas Lurah tindak pundi njih, Mbak Lurah? Kula padosi ten kelurahan mboten wonten,” pitakone Mbah Parmi. Swarane Mbah Parmi sanalika marai kupingku gatel.

“Bapak dhines ten kabupaten! Konduripun tasih mangke sonten, Mbah! Enjing-enjing malih mawon, njenengan tindak baledesa,” semaurku banter. Ancase Mbah Parmi ben rumangsa trus lunga.

“Oh, mekaten. Mboten napa-napa, kula tengga mawon.”

“Bapak konduripun tasih mangke sonten, Mbah! Bapake gendhuk mesthinipun njih sampun sayah jam semanten.”

“Mboten napa-napa, Mbak Lurah. Kula tengga sadugine Mas Lurah,” wangsulane Mbah Parmi ngeyel.

Kowe ora apa-apa Mbah! Aku sing kempropok iki! Aku ngresula tanpa swara.

Let sedhela, mripatku mentheleng nyekseni Mbah Parmi nglesot maneh ing jogan. Raiku abang ireng ngampet nesu. Neng pucuking rasa mangkel, aku mlebu omah, mbanting lawang.

Nyandhak anduk, aku menyang kolah. Miturut ngendikane Mbah Kyai, wong nesu iku lagi diganggu setan. Mula supaya setane minggat, kudu digusah nganggo banyu wudu utawa adus sisan.

Bubar adus, awakku rasane luwih seger. Pikiranku uga luwih bening. Ora buthek maneh. Mumpung lagi sela, ora ana kagiyatan liya, aku kagodha nonton drakor (drama korea) lumantar HP.

Bener kandhane kanca kethelku ing bank mbiyen, yen drakor isa gawe ketagihan. Ndelok sepisan langsung ngedrel, angel dimandegi. Tujune episodene drakor amung sithik, ora nganti atus-atusan kaya sinetron. Nanging amarga alesan episode sithik iku malah kerep gawe kebablasen. Karepe pingin ndang weruh pungkasaning crita nganti ora lila disemayani.

Gara-gara lena nonton drakor, ameh wae aku kelalen methuk Gendis. Anak wedokku siji-sijine iku daklebokake neng Full Day School sing mulihe jam loro. Saengga aku wis ora sumelang nalika ana kagiyatan PKK.

Metu saka omah, Mbah Parmi lagi klekaran ing jobin. Wegah aruh-aruh, aku waton mancal pit montor tumuju sekolahe Gendis. Ngenteni sauntara wektu, Gendis metu gedhung sekolah sambi clingak-clinguk. Aku sing ngenteni neng pit montor ngawe-ngawe. Gendis mlayu ngampiri karo cengengesan.

“Mama, kula kepingin maem ayam kremes,” jare Gendis karo mesam-mesem.

Senajan Gendis lair neng Jakarta, dheweke lanyah ngomong basa Jawa. Amarga Mas Yusuf ngulinakake ngomong nganggo basa Jawa saben ing omah.

“Mama neng omah ya mangsak ayam goreng kok.”

“Benten, Mah,” wangsulane Gendis.

Aku mikir sedhela banjur manthuk-manthuk. Dakpikir Mbah Parmi mesthi isih nunggu ing emper omah. Rasa aras-arasen mulih sanalika njedhul neng pikiran.

“Ya wis, ayo!”

“Hore….!” Gendis sumringah.



Jam setengah lima sore, aku lan Gendis lagi tekan omah. Aku kaget nyurupi lawang ngarep uwis mbukak. Aku sansaya kaget, nalika nyemoni Mas Yusuf jagongan karo Mbah Parmi. Uwis kegambar ing sirahku, mesthi Mbah Parmi menehi layang nyang Mas Yusuf.

Layang neng amplop putih sing wis katon kluwes uga reget iku, diakoni Mbah Parmi saka Pak Camat. Saben rampung maca layang, Mas Yusuf janji bakal ngusahakake sakmampune supaya lemahe Mbah Parmi isa bali. Banjur Mas Yusuf ngelungi dhuwit seket ewu utawa satus ewu kanggo Mbah Parmi.

“Saka ngendi, Ma?” Mas Yusuf ngintrogasi aku lan Gendis. TV dipateni.

“Maem ayam kremes, Pa. Bibar niku mampir toko baju,” Gendis keceplosan. Mas Yusuf mrentah Gendis mlebu kamar.

“Mama ora sengaja nglungani Mbah Parmi ta?”

“Saumpama sengaja nglungani, salahe ing ngendi, Pa? Wong Mbah Parmi wis dakongkon mulih, tetep ngeyel ngenteni.”

“Ning ya ora trus mbokjarna ngono, Ma! Mesakne lho, Mbah Parmi nganti kaya wong kaliren. Kamangka ing omah akeh panganan.”

“Pa! Omahe dhewe dudu panti jompo! Deloken kae Mbah Parmi dadi tuman dolan mrene merga mboktanggapi! Mboksangoni terus sisan!”

“Ma, Papa iki lurah. Wis dadi kuwajibane Papa ngurmati wargane. Apa maneh warga sing kahanane kaya Mbah Parmi.”



“Mama eling ora karo tujuwan utama Papa nyalon lurah? Papa pingin dadi uwong sing gawa mupangat. Papa pingin nulungi wong akeh!”

Aku nyekel sirah sing ujug-ujug mumet. Aku gelo biyen gelem diboyong nyang kampung lan sarujuk nalika Mas Yusuf nyalon lurah. Kamangka ekonomi kulawargaku jaman iku neng kutha lagi elok-eloke. Aku makarya neng bank lan Mas Yusuf dadi kontraktor. Yen dibandingake gaji lurah, cetha beda adoh. Jabatan lurah iku ora luwih amung prakara kanurmatan. Blas ora ana ajine. Tamtu, iki gegayutane karo lurah sing jujur.

“Mbah Parmi iku kaya mengkana merga karmane dhewe, Pa! Ya wis ben dirasakake!” ukara pedhes iku wusanane makcul metu saka lambeku.

“Ma, ora kabeh wong wadon iku oleh kabegjan kaya awakmu sing duweni bojo ganteng, pinter, setya, sabar, lan pangerten kaya Papa iki,” pituture Mas Yusuf alus kanthi ngelus-elus rambutku. Genah, aku langsung mleroki dheweke sing kober-kobere nggombal. Nanging ora let suwe, aku ora isa ngampet ngguyu.

“Saben uwong uwis duwe pepesthene dhewe-dhewe, Ma. Kayata Mbah Parmi kae, sejatine mesthi emoh duwe bojo sing ora tanggung jawab lan galak. Nanging amarga wis dikersakake marang Gusti Pangeran, Mbah Parmi kudu nglakoni dalane kanthi ikhlas.”

Dheg. Atiku kaya ana sing nyenggol. Atiku sansaya krasa kelara-lara nalika Mas Yusuf njlentrehake kedadeyan sing satemene. Mas Yusuf wani njamin yen apa sing dicritakake karo dheweke luwih isa dipracaya tinimbang apa sing digrenengake karo tangga.

“Ibuku biyen ya randha kaya Mbah Parmi. Nanging ibuku begja amarga oleh bojo maneh sing gemati. Dene, Mbah Parmi malah diapusi karo wong lanang sing ngaku jaka. Wong lanang iku jebul uwis bebojowan lan tegel tumindak pokil. Mblandangake sertifikat lemahe Mbah Parmi.”

Bubar dicritani mengkana aku amung isa ndingkluk. Ora wani nyawang Mas Yusuf. Isin amarga uwis mikir ala marang Mbah Parmi.

“Sajake lemahe Mbah Parmi uwis ora isa bali, Ma. Aku uwis coba golek pengacara nanging ora ana sing saguh. Kasuse abot.” Mas Yusuf ngudhar rasa sing ngebaki pikirane nyang aku.



“Lha, piye ta, Pa? Lak Pak Camat saguh nulung?”

“Karepe Mama layang saka Pak Camat iki? Coba Mama waca!”

Aku trima mringis sawise maca layang sing isine: Pak/Bu, punapa tiyang sepuh niki mboten genep?

Kayata Pak Camat utawa pegawe kecamatan sing uwis nulis layang iku, minangka leladene masarakat, Mas Yusuf jane ya isa wae tumindak padha kaya ngono. Blas ora preduli karo prakara sing disandang wargane. Nanging Mas Yusuf, bojoku, dudu pribadi sing kaya mangkono. Rasa bombong lan tresna marang Mas Yusuf ujug-ujug ngebaki dhadhaku. Aku pancen begja.

 

Endang S. Sulistiya.
Pandhemen sastra Jawa mapan ing Dukuh Poncol, Pulutan, Nogosari, Boyolali. Lulusan FISIP UNS ingkang remen nulis sastra Jawa lan Indonesia.



Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya