SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

GURIT LEREN DHISIK

 

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Wingi wis arep daklereni olehku nggurit.

Nanging kok ati iki ora gelem leren. Kaya-kaya

kandha yen akeh bab kang bisa digawe gurit.

Saka bab urip iki sing ora ana enteke. Apa maneh

soal dhuwit. Kabeh wong kepingin duwe.

Menawa bisa akeh jumlahe.

 

Nanging urip ora mung omong soal dhuwit.

Uga omong lakune urip sing kudune eling lan waspada.

Eling marang Gustine, waspada marang ombyake

jaman akeh memala. Jaman virus wabah Korona.

Ati-ati.

 

Leren dhisik uga ora apa-apa. Gurit pancen kudu

digawe kanthi ati. Bisa gawe wong liya gelem maca.

Bisa wong liya dadi nglenggana.

Eling lan waspada.

 

Mojokerto, 15/7/2020

 

 

LAYANGAN WERNA ABANG

 

Layangane sapa werna abang ana akasa kuwi.

Dhuwure nganti sundhul langit. Kelap-kelip ora

katon cetha, amarga saking melipe.

Mung werna abange isih katon ngegla.

 

Layangan werna abang iku, kaya-kaya

nggayuh langit. Kepingin nggayuh impene anggit.

Anggitku kang bisa gawe gurit. Sabendina



bisa gawe tanpa kendhat. Nulis apa wae

sing cetha mupangate kanggo sapa wae.

 

Ananging layangan werna abang iku

saiki pedhot, kleyangan ana awang-awang.

Kaya-kaya impenku melu ngleyang.

Pedhot lan ilang.

 

Mojokerto, 14/7/2020



 

ANGKA GANJIL TELULAS

 

Angka telulas mono pancen ganjil, sapa sing

kandha ganep? Nanging ora terus nggawa

hawa ganjil, kaya sing dikandhakake kae!

Kabeh dina iku padha, ora beda.

Ana awan ana bengi.

 



Wingi ika ana sing kandha telulas, angka

sing kudu mawas. Mawas apa wae ing alam donya.

Tanggal akeh godha, jarene kanthi jelas njlentrehake.

 

Terus ana pitakonku, apa angka liyane

ora perlu mawas? Kandhane tetep kudu mawas.

Donya wis kebak memala, ora kudu sembrana.

Ana Korona, ana uga godha liya. Hapemu iku

uga godha bentuk liya. Bisa gawe gara-gara, bisa



gawe mala. Apa maneh omongan ana sosmed

sing cet-cet cowet kaya bethet. Tanpa angger-angger

asal banter, nanging ora pener.

 

Mojokerto, 13/7/2020

 

 

ORA OLEH KEMINTER

 

Urip ora oleh keminter mundhak keblinger.

Ora oleh drengki-srei lan iri mundhak

gawe lara ati. Ora oleh medhit, mundhak

diparapi pelit.

 

Dadiya wong kang gelem weweh. Oleh menehi

dhuwit, esem, ilmu, uga oleh weneh pitutur luhur.

Supaya urip mburimu luhur wekasane.

 

Ora oleh keminter marang sapadha-padha.

Amarga jamane wis beda. Dhuwura olehmu sekolah

yen kurang tata patrapmu, malah digeguyu tengu.

Apa maneh jaman Korona, kabeh sarwa ora cetha.

Sing ora pinter malah seneng keminter. Sing pinter

minteri kancane. Apa ora keblinger?

 

Mojokerto, 12/7/2020

 

KESEL NANGING BISA LEGA

 

Urip iki pancen tan bisa dikira-kira. Kabeh awak

kesel, pikiran bundhel, ananging ana

sing bisa dadi lega. Amarga kerja kang dirancang

pirang-pirang dina, bisa rampung tanpa pepalang.

Badhar kanthi gangsar, lan ugi lancar.

 

Ana ukara gelem nandur becik, olehe bakal apik.

Nandur ala, olehe perkara.Becik ketitik ala ketara,

pancen bener. Ngundhuh wohing pakartine, jarene

para leluhure awake dhewe, iku wis pinesthi.

Ora bisa diwalik, ora isa ditampik.

 

Dina iku pancene kesel, ananging kabeh bisa

dilakoni kanthi prigel. Ora ana sing mbundheli, kabeh

gangsar lan lancar. Padhange srengenge

dina kuwi tumus ning njero ati.

 

Mojokerto, 11/7/2020

 

TAPSIR WENEHANA

 

Dhawuhe Sunan Drajat, weneha teken

wong kang wuta. Wenehana mangan wong

kang luwe. Wenehana payungwong kang

kudanan. Wenehana busana wong kang wuda.

 

Dijarwake kandhanana wong kang ngeyel

kluyuran, amarga isih ana virus Korona.

Supaya ora wuta. Weweha marang wong kang

mlarat. Supaya ora keluwen. Uga dana-driyaha

marang wong kesrakat. Supaya ora udan tangis.

Benerna wong kang mlakune kliru.

Supaya bener urip lakune.

 

Iku mono mung tapsirku marang dhawuhe

Sunan Drajat ing jaman Korona.

Kowe oleh gawe tapsir dhewe.

 

Mojokerto, 10/7/2020

 

AMING AMINOEDHIN

Pangarsa Forum Sastra Bersama Surabaya (FSBS), pensiunan Balai Bahasa Jawa Timur. Mapan ing Puri Mojobaru AZ-23 Desa Canggu, Kecamatan Jetis, Mojokerto, Jawa Timur.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya