SOLOPOS.COM - Juru parkir (Jukir) mengenakan seragam baru berupa baju lurik dan blangkon hitam saat apel di Jl. Slamet Riyadi, Solo, Kamis (1/8/2013). Penggunaan pakaian tradisional sebagai seragam juru parkir itu diharapkan bisa menjadi cerminan Solo sebagai kota budaya. (JIBI/SOLOPOS)

PUJIAN KANGGO CELANANÉ

Wis digunakaké
Celanané
Mlebu kaloro sikil
Nggoleki jangkah lan dalan
Menyang jagat sajak
Aku lunga menyang kutha-kutha
Saben dinané
Angin nyebulaké kain iku
Menehi wujud ing lipetan
Sing apik tenan
Banjur, aku muji
Tembung katresnan kanggo dhewéké
Indramayu, 2020

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

NGANGGO BLANGKON

Karo tanganku
Aku nganggo blangkone mbah kakung
Mésem ing ngarep pangilon
Mbayangna pangéran jawa
Nggantheng lan wani
Wong priya sekuduné
Legenda jaman, dadi pahlawan
Indramayu, 2020

SEPATU ABANG

Pasangan sepatu abang
—tengen lan kiwa
Aku nggawe kaya kita
Dijéjéri, langkah beberengan
Menyang dalan
Menyang pangarep-arep
Indramayu, 2020

KALIGRAFI STRIMIN

Dhéwéké isih gumantung
Kaligrafi strimin gawéyan ibu
—sulaman basmalah
Saka benang wol
Werna-werna kluwung
Digambarké ing kain kasa kandel
Saben wektu aku maca
Lan aku krasa tresna
Indramayu, 2020

CÉLÉNGAN GAJAH

Ing dhuwur bufét
Céléngan gajah lenggah piyambak
Bledug lan rereget kandel
Kapandeng sepi
Tanpa ngemprét-ngemprét
Ora ana swara ing kana
Bolongan peteng
Kasepen abadi
Dhuwit-dhuwit ora tau mlebu
Mbokmenawa bakal selawasé
Mung kala mangga nggawé omah
Indramayu, 2020

PUSPA

Mliwis putih puspa ing méja tamu
Dikumpulkaké saka kebon dening ibu
Kang éndah
Kang dadi hiasan
Asring aku lungguh ing cedhak dheweke
Tumuju kembang
Tumuju kasucian diri
Lan aku dadi gumun
Indramayu, 2020

ASBAK

Asbak saka tembaga
Ing méja dadi kanca setya
Mbokmenawa wis ora kaétung
Pira udud kobong ing kono
Kemelun mabur kaya kupu-kupu
Pikiran lan ati mbukak
Aku kandha, apa ora bosen
Mung dadi wadah awu
Lan tegesan?
Indramayu, 2020

Faris Al Faisal lair ing Indramayu, Jawa Barat, Indonesia. Saben dinané nyambut gawé ing Komite Sastra, Dewan Kesenian Indramayu (DKI) lan Lembaga Kebudayaan Indramayu (LKI). Asmané mlebu buku “Apa dan Siapa Penyair Indonesia” Yayasan Hari Puisi. Tulisan-tulisané kaya puisi, cernak, cerpen, cerita remaja, lan resensi kapacak ing koran Indonesia lan Malaysia. Saiki nulis puisi-puisi basa Jawa. Sampun kapacak ing Majalah Djaka Lodang, Majalah Jaya Baya, Solopos, Majalah Swaratama, Majalah Panjebar Semangat. Buku puisiné yaiku: “Bunga Kata” penerbit Karyapedia Publiseher (2017) lan “Dari Lubuk Cimanuk ke Muara Kerinduan ke Laut Impian” penerbit Rumah Pustaka (2018).

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya