SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Ana

salumahing rina
sakureping wengi
kinira jroning kinira
lelembut tan kasatmata
angebaki jembaring dirgantara
nyigar jagading bebrayan
orak-arik obah-ubenging pranatan
kabeh iku kasunyatan
“ana iku ana”
awit ana ananing ana
“ana iku ana”
sapa nandur bakal panen
“ana iku ana”
wiwitan lan pungkasan
aja ming crita, aja ming kandha
ati kanthi ati, klawan ati ati
rasa klawan rasa kanthi ditindakna
“gajah kalungan bendho”
sakureping wengi
salumahing rina.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Sastrowidjojo,22072020

 

Blocok

Ora ming
swara mercon
sing bisa blocok
ning pangucaping cocot
kala kala uga blocok
mercon lan manungsa
yagene ming banter soraning swara
kuping kuping bisa nampa
banjur ana ngendi sari galihing rasa
lamun ati ming dadi undha usuking wawan pangandikan.

Sastrowidjojo,11082020

 

Kidung Suran

kidung dadi mendhung
sinawang ing awang awang
kayadene ukara rinakit tembung
mekaring tembang akudhuk kembang
arum angganda wangi
manjing madyaning ratri
nglangut angantu wengi kang sintru
yen kidung dadi rimis
mantra mantra asembur ula
tampar tali picis angaku naga
deksura tetopeng wicaksana
lamun kidung dadi udan
sambang saparan paran
teles apadene garing ora dadi ukuran.

Sastrowidjojo,27082020

 

Tali Jiwa Sastrowidjojo

aku kidung
ukara rinakit tembung
mekaring tembang
akudhuk kembang
nyawiji arum angganda wangi
“punjul ing apak-apak
brojol ing akerep”
klawan urap lan urup
kang bisa urip lan nguripi
mring sasami.

SS,29082020

 

Nyilih Ambegan

aja sira
nunggang kreta
kanthi mlumpat gerbong
awit rodha kang wis lumaku
sawetara ninggalake tasiun
iku banter ubenge
apa ya kwawa nututi
nadyan sisa ambegan prenggosan
loko kang katon tuwa
pranyata prakosa
kaprawiran kebak pangariwibawa
yogene
sira tega
nunggangi kreta loko tuwa
sira mentala
jejering satriya muda
nyilih sisa ambegan ambegan tuwa.

Sastrowidjojo,07092020

 

Gurit Lingsa

tuma wis ora ana
tankwawa nandhang lapa
ing pathak keteling alas rikma
saka panas benter bantering pikir
molak malik ndonya jagading tuma.

tuma wis ora ana
ning kor kor panggah anake tuma
gemrayah polah ngidak-idak sirah
pating pendhusul gatel nyecep getih
krembyahan kaya ora duwe salah.

tuma wis ora ana
amung ninggal maewu lingsa
ing sadawane wulu saketele rikma
entenana sauntara sajembare mustaka
akal lan nalar bakal kebak tuma, kor, lan lingsa.

Sastrowidjojo, 13092020

 

Dhedhet Rahina

tintriming wengi
aja kokanggep sepi
ing ulegan usering pikir
sarah lan sangkrah durung gelem kentir
isih mobah mubeng anteng
peteng lelimeng
wiwit awang awang tekan ngarep lawang
tetanduran sawah thukul sajrone omah
batin tansah ngenes teles
banyu langit ngebun tumus ing netra
wengi
tintriming luwih rame saka kutha
dhedheting luwih padhang tinimbang rahina.

Sastrowidjojo,05102020

 

Salah Mangsa

udan lagi wae netesake luhe
ing bumi klairanku kang rengka nela
sabendina ing langit tumlawung mendhung
kasapu angin ambyar sadalan dalan
pandhemi njelma pandhemo
kemriyik kemriyek kemruyuk
kaya udan salah mangsa
tela ing pategalan mingkup sanalika.

Sastrowidjojo,09102020



 

Pinarak Bojonegoro

43
telu papat
ginambar menjangan
sinungu kuat landhep tur ngepang
mula aja gawe kaget mundhak kasundhang
ora sembarang panganan doyan
ming ngemil ijoning gegodhongan
ning playune banter ngungkuli jaran.

343
telu papat telu
ginambar mobil ambulan
nadyan sirinene mecahne talingan
nyigar dalan lan nerak lampu abang
ora kalebu sopir ugal ugalan
kabeh mau mburu cepet “weweh pitulungan”
tumprape wong kacilakan
lelara kang butuhake tetamban
nganti ngemot ngeterake jenasah
saka rumah sakit tekan ngomah
kang ora winates wayah.

321
tesene iki
telu loro siji
ginambar klentheng
papan kanggo ngibadah konghucu
maneka warna minangka tandha
emas, ireng, biru, ijo
ning abang paling katon tumata
uga maneka kewan dadi simbule
peksi phoenix lambang kaisar uga raja
naga, macan, lan kura
ning aja was sumelang kepara dadi ati
awit sajrone klentheng jinejer para dewa.

21
loro siji
ginambar lonthe
ora ateges wanita tunasusila
lacur utawa sundel
ning luwih saka iku
mula kudune ati-ati lan waspada
marang wong wong kang lamis
ngathok ngecipris criwis
lecet ing solah bawa
kang bakal njejeg
kawibawane raja.

Bojonegoro, 20102020

 

Esem Semok



aku
ngopi
tanpa kopi
awit kopi kopi kari aran
warna ireng iku saka sumba
pait lan legi pranyata ming prasa.

aku
ngopi
tanpa gula
awit kopi kopi kari aran
rasa legi iku ora saka gula
pait lan legi pranyata ming rasa.

aku
ngopi
tanpa gula lan kopi
awit kopi kopi kari aran
pait legine kopi gumantung ati
banter luwere signal signal wifi
uga eseme semokepramusaji.

Sastrowidjojo,23102020

 

Udan Udan Udane Uda

sok glogok
nguras banyu langit
akasa kepara njingglang padhang
nyiram ambane tela sisa ketiga dawa
weneh omben ngoronge tetanduran.

udane
glogok sok
nguras dhedheting wengi
ayit adhem atis ngiris iris ati
kemul kandel brukut rangkep telu
yagene durung bisa ngangetake udel.

udane
glogok sok, sok glogok
nguras hawa sajroning rasa
udan wengi, angon ati, momong tresna
adhem rinasa anget, anget dadi kemringet
udan wengi, kemulan udan, udan udan, uda.



Sastrowidjojo, 03112020

 

Edan Taun

jamane
jaman edan
lamun ora edan ora adang
lamun ora melu ngedan ora kondhang.

jamane
jaman edan
sakujur awak kaku kececengan
mripat mendelik kaya kesurupan
ndleming ngalor ngidul ngulon ngetan
gindrang mlayu saparan paran
ndhegar ndhegar persis jaran
tundhane kewan kang durung keloan
paribasan
kapalang mlumpat, kadhadhung pedhot
ngertenana
iki mana jaran edan

jamane
jaman edan
sato kewan padha adu kapinteran
pinter ngakal, ngakali, lan nukilan
minteri dalan buntu dadi tembusan
elinga
sabeja bejane wong edan
isi beja wong kang waras lan waspada.

Sastrowidjojo, 05112020

 

Asu



nesumu kaya asu
pranyata ora ming jenggong
jegug lan njegugi sirah
sirahe bocah uga sirahe simbah
nakur nakur, ngrayah, lan njarah
layah nguleg sambel nganti pecah
ajang mangan numpleg segane wutah
wedang panas ngguling cangkir pecah.

nesumu kaya asu
sadhela mesem, sadhela ngguyu
mbendara, lulut, manut, lan mituhu
sendika parentahe juragan asu
kramut, kopen, kapama kaya ratu
mangane daging ngombene susu
nadyan ming ngimpi jroning turu.

Sastrowidjojo,07112020

 

Gampang Prawoto
Sanggar Sastrowidjojo, Pejambon, Sumberrejo, Bojonegoro

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya