CERKAK: Tiba Kebrukan Andha

Wis telung sasi Lek Madi rina wengi ngathang-athang neng dhuwur amben, kawit bar tiba kebrukan andha, nalika arep nyulami kentheng omahe sing pecah dijag-jag kucing sing lagi nguber-uber tikus.
Sajake Lek Madi pancen lagi apes. Wis trep karo unen-unen: tiba kebrukan andha, pancen lara banget. Sakojur awake kadya wis ora duwe otot maneh. Uga ora duwe daya maneh. Lemes mes. Ora bisa obah. Mangan, ngombe, nguyoh, ngising, ngenggon. Ora tau adus babar blas. Saben esuk sore mung disibini karo banyu anget. Untunge tangga teparo padha gentenan gelem menehi pempes saenggo Lek Gimah ora repot-repot ngumbah suwale Lek Madi sing glepotan tai.
Sadurunge tiba kebrukan andha, Lek Madi tukar padu karo Lek Gimah. Perkarane mung sepele. Lek Madi kelangan dhuwit seket ewu sing didokok njero sak suwal kolor sing dikumbah dening Lek Gimah. Dhuwit kuwi olehe utang. Kamangka Lek Gimah wis kandha yen sajroning sak suwal kolor sing dikumbah kuwi ora ana dhuwit ko setengik bebasane, apa maneh seket ewu.
Nanging Lek Madi tetep ndakwa Lek Gimah sing njupuk dhuwit kuwi. “Ora ana wong liya maneh neng omah kene! Dadi sapa maneh sing njupuk dhuwitku, nek ora kowe?!” Lek Madi mbengok.
Lek Gimah ora trima didakwa njupuk dhuwit kuwi sing tegese dianggep padha karo nyolong atawa ngutil. Atine Lek Gimah kelara-lara. Banjur Lek Gimah nantang sumpah-sumpahan karo ngombe banyu segelas wong loro.
Sadurunge ngombe banyu segelas wong loro, Lek Gimah supata: “Nek aku pancen njupuk dhuwite bojoku Madi sing ana sajroning sak suwal kolor, aku bakal kuwalat, uripku apes. Nanging jalaran aku ora njupuk dhuwit kuwi, mangka bojoku Madi sing bakal kuwalat, apes uripe.”
Bar kuwi, genten Lek Madi sing supata: “Nek bojoku Gimah pancen njupuk dhuwit seket ewu sing ana sajroning sak suwal kolor, bakal kuwalat, apes uripe. Nanging yen bojoku Gimah ora njupuk dhuwit seket ewu kuwi, aku sing bakal kuwalat, apes uripku.”
Sakbare supata, Lek Gimah lan Lek Madi banjur ngombe banyu segelas. Paronan. Gentenan. Nganti ora ana sisa senajan mung setetes. Let telung dina, jebul Lek Madi tiba kebrukan andha. Tegese, Lek Madi apes, jalaran Lek Gimah ora njupuk dhuwit seket ewu sing ana sajroning sak suwal kolor kuwi.
Tangga teparo padha maido Lek Madi.
“Wong lanang kelangan dhuwit neng ngomahe dhewe, jan-jane ora usah nudhuh sing wedok karo neson. Bebasane sing wedok sing pancen njupuk dhuwite, ya tetepa aja dinesoni, jalaran dhuwit kuwi mesti kanggo blanja keperluan kaluwargane dhewe. Nek wis apes, njur getun, ya ora ana gunane.”
“Lha ya, gara-gara dhuwit seket ewu ilang, kok ya tegel-tegele tukar padu, terus sumpah-sumpahan nganggo banyu. Kamangka banyu kuwi nek digawe sumpah-sumpahan bisa cilaka salah sijine utawa cilaka kabeh. Muga-muga Lek Gimah ora katut cilaka, ora melu apes. Mesakke nek Lek Gimah cilaka, mengko sapa sing ngrumati Lek Madi?”
“Pancen ana-ana bae cobane urip bebojoan nek lagi kecingkrangan. Lek Madi wis arang-arang menyang sawahe kawit sesasi kepungkur jalaran ora ana udan babar blas. Sawahe bero, ora bisa ditanduri apa-apa maneh. Ngenteni udan tiba lagi bisa ditanduri. Kamangka gabah lan beras wis entek kabeh. Lha duwe dhuwit kari seket ewu olehe utang sing ana sak suwal kolor malah ilang, ya pantes njur muring-muring nudhuh Lek Gimah, jalaran Lek Gimah sing pancen ngumbah suwal kolor kuwi. Nanging nek Lek Gimah wis kandha ora njupuk dhuwit kuwi, malah ora weruh nek ana dhuwit neng sak suwal kolor kuwi, ya jane wis bar, ora usah sumpah-sumpahan sing mbebayani.”
“Lek Madi jane ora usah neson. Menawa dhuwite digondhol tikus. Saiki usum tikus akeh, jalaran tikus sawah padha kaliren, terus padha nyerbu kampung kene.”
“Ya, pancen ora mokal nek tikus sing nggondhol dhuwit sing ana sak suwal kolor kuwi, sadurunge dikumbah.”
“Tikus pancen kurang ajar.”
“Lho, kok malah tikus sing disalahke? Ojo-ojo dhuwit sing dianggep ilang kuwi wis ditukokno nomer togel online sing saiki meneng-meneng didol liwat sms? Nanging nomere togel mleset.”
“Lek Madi ora tau tuku nomer togel. Nek ngomong ora usah ngayawara.”
“Wis, ora usah dicatur dhawa-dhawa. Nasib apes sing dialami Lek Madi aja nganti nimbal marang wong liya. Wis tiba saka andha malah kebrukan andhane sisan, pancen lara banget.”
Senajan nyatur sing isine maido Lek Madi, tangga teparo tetepa gelem padha mara tilik lan menehi amplop isine dhuwit kaya adate tilik wong lara. Kabeh tangga padha mbrebes mili nalika nyawang Lek Madi sing ngathang-ngathang neng amben. Ora bisa obah babar blas. Bisane mung nggremeng ora patiya cetha apa sing dikarepake.
Lek Gimah katon sedhih. “Nek Lek Madi duwe salah karo tangga kabeh, ya aku sing njalukno ngapura. Pancen kaya ngene, wis piye maneh. Ora bisa obah. Ngomong bae ya ora cetha. Bisane mung nggremeng. Aku dhewe ora mudheng apa sing dikarepake.”
“Sing sabar, Lek Gimah. Gusti nek paring coba mesti karepe apik. Gusti maha welas asih. Gusti ora sare,” kandhane sawijine tangga sing pancen senengane paring pitutur sing trep karo agama.
Lek Madi dumadakan kejet-kejet. Mripate mendelik. Napase megap-megap.
Lek Gimah nangis ngguguk karo ngelus-elus bathuke Lek Madi. Banjur mbengok: “Nyebut asmane Gusti! Nyuwun nyapura! Nek aku duwe salah, ngapuranen ya! Kabeh salahmu marang aku wis dak ngapura! Elinga! Elinga!”
Tangga teparo sing ngebaki kamar padha mbrebes mili nyawang Lek Madi sing sajak wis sekarat. Saupama Lek Madi ketrucut mati, riwayate bakal cuthel, jalaran durung duwe anak. Wis limalas taun bebojoan karo Lek Madi, Lek Gimah tau meteng pisan nanging keluron. Bayine ireng katon gosong. Jare wong-wong mbiyen, bayine dipangan grahana.
Embuh bener embuh kleru, kawit mbiyen pancen ana sing ngarani bayi dipangan grahana yen nalika lair awake ireng katon gosong. Mulane saben ana grahana, kabeh wong meteng kudu gelem ngawoni wetenge. Tegese wetenge diusap-usapi karo awu supaya bayine ora dipangan grahana. Ngono kuwi pancen wis kebacut diugemi dening saperangan warga, senajan miturut agama lan ngelmu kedhokteran klebu klenik sing ora prelu diugemi maneh.
Lek Gimah dumadakan semaput. Ambruk ngrungkebi dhadhane Lek Madi. Let setengah menitan, nalika Lek Gimah dibopong metu saka kamar, Lek Madi wis ora ambegan maneh.
Tangga teparo padha kaget. Jebul Lek Gimah uga wis ora ambegan maneh nalika dibopong metu saka kamar, banjur diselehake neng dhuwur lincak sing ana neng jaga satru.
Wis tiba malah kebrukan andha, nalika sekarat malah kebrukan sing wedok. Banjur nyawane sing wedok melu ketrucut. Pancen apes banget pungkasane uripe Lek Madi lan Lek Gimah, gara-gara padha neson nganti sumpah-sumpahan sawise kelangan dhuwit.
Ora ana sing ngreti, dhuwit sing ilang kuwi jebul pancen digondhol kucing jalaran mambu gereh. Lek Madi tau ngrogoh sak sing isine dhuwit kuwi nalika bar mangan muluk karo tangan, lawuhane gereh, tur durung wijik karo sabun.
Dhuwit sing mambu gereh kuwi banjur dipangan kucing sing wetenge ngelih. Senajan ngono, ora pantes babar blas yen kucing utawa gereh sing disalahke.
“Urip lan mati wis ana pestine. Bebasane dalan pati ana sewu. Dalan urip semono uga. Manungsa mesti duwe luput lan kleru. Mula sing urip kudu gelem paring ngapura marang sing mati. Yen sing mati isih duwe utang, kamangka ora duwe waris, sing urip kudune sedekah karo dhuwit sing diutang,” ature Pak Modin sing mimpin acara mulasara mayit.
Sawise mayite Lek Madi lan mayite Lek Gimah dikubur jejer ana ing taman pusaran umum, Pak Modin banjur mimpin donga jungkur gunung ing omahe suwargi sarimbit. Kabeh tangga teparo padha lungguh kupeng melu nyadhong dedonga.
Donga jungkur gunung minangka tradhisi sing tegese njaluk pangapura kabeh dosane sing lagi tinggal donya. Yen dosane sing wis mati kadya gunung, bisa jugrug sanalika. Supaya tansah jembar lan padhang kubure. Tansah pinaringan kanugrahan ing ngalam kelanggengan.
“Merga Lek Madi lan Lek Gimah ora duwe anak, uga ora duwe dulur sing bisa nampa warisane, piye yen omah petilasane iki lan sawah tinggalane kanggo kepentingan masyarakat kene?” ature Pak Modin minangka sesepuh kampung sing mimpin rembugan sawise acara donga jungkur gunung rampung.
Kabeh tangga teparo padha sarujuk. Ing kampung kono pancen durung ana panggonan kanggo macem-macem kepentingan. Kaya dene panggonan kanggo acara rembugan warga. Kanggo acara temon ibu-ibu PKK. Kanggo bocah-bocah sing padha sinau bareng-bareng. Kanggo gladhen pencak silat, main gamelan, macapatan lan acara liya-liyane sing migunani.
Sing padha isih urip ora ana sing mangerteni yen ing ngalam kubure Lek Madi karo Lek Gimah tansah bebarengan kadya manten anyar. Praupane katon sumringah. Tansah bungah. Ora tau susah. Kabeh mau jalaran omah petilasane lan sawah tinggalane dadi panggonan sing migunani kanggone bebrayan. Ing ngalam kubur, Lek Madi karo Lek Gimah kadya wis mlebu suwarga kang sarwa endah.
“Aku kok dumadakan pengin momong bayi lanang.” Lek Gimah matur karo teturon ing pangkone Lek Madi sing lagi lungguh neng dhuwur bangku kencana. Lek Madi kadya raja. Panganggone sarwa gemebyar. Ambune wangi kadya kembang setaman.
Dumadakan Lek Gimah wis mangku bayi lanang sing umure selapanan. Lek Gimah kaget lan gumun nganti njenggirat tangi. Banjur ngepuk-puk pipine Lek Madi sing isih turu ngorok. Lek Madi uga banjur njenggirat tangi.
Wis setengah jam Lek Madi karo Lek Gimah keturon neng klasa sangarepe tv nalika bar ndelok sinetron sing judhule “Cahya Ilahi”. Crita sinetron kuwi padha karo impen sing bar kelakon nalika keturon mau.
“Keturon sediluk malah ngimpi,” kandhane Lek Madi karo nyawang tv sing lagi mbeber kabar pageblug sing jare wis mateni mayuta-yuta warga salumahing jagad.
“Ngimpi apa mau?” pitakone Lek Gimah karo nyuwot pipine Lek Madi.
“Ngimpi elek, nanging pungkasane apik,” semaure Lek Madi karo ngelus-elus wetenge Lek Gimah.
“Piye critane?” Lek Gimah takon maneh. “Aja-aja impenmu padha karo impenku?”
Lek Madi unjal ambegan. “Impenku mau, aku tiba kebrukan andha. Banjur aku mati, nanging langsung mlebu suwarga dadi manten maneh karo kowe.”
Lek Gimah mesem ngguyu karo ngithik-ithik wetenge Lek Madi. “Heleh, senengane ngarang...” ***

Griya Pena Kudus, 2020

Maria M Bhoernomo
Lair lan mapan ing Kudus.
Seratanipun mawi basa Indonesia lan Jawa
sampun kapacak wonten saperangan media.



Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya






Kolom