SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Wis rong taun Siti ditinggal minggat dening Kaspan. Kaspan ujug-ujug minggat sawise dipaido dening Siti merga kerep prei nyambut gawene minangka tukang kayu. Satenane Siti maido merga yen prei Kaspan tura-turu wae ing kamar utawa lungguh tenger-tenger ing bangku.

Karepe Siti, yen ngepasi prei, Kaspan gelem mocok macul ing sawahe Kaji Kemad utawa mocok mbecak jalaran nalika isih jaka tau dadi tukang becak. Saiki urip butuh dhuwit akeh. Mosok saben prei malah nglokro wae neng omah. Siti wis kebacut metu saka pabrik kawit anake sing jenenge Eko lair merga ora ana sing momong yen dheweke tetep kerja ing pabrik. Sawise setaun ditinggal minggat dening bapake, Eko lara muntaber banjur mati.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Nalika Kaspan minggat, Siti ngira yen bojone kuwi kesusu lunga nyambut gawe saengga lali pamitan. Nalika sesuke Kaspan durung mulih, Siti tetep ngira menawa bojone kuwi nyambut gawe ing kutha adoh saengga mulihe seminggu utawa sesasi pisan. Nanging nalika wis kliwat sesasi Kaspan durung mulih lan ora kirim dhuwit utawa kabar ana ing ngendi bojone kuwi, Siti banjur nyandhaki yen Kaspan pancen minggat lan bisa uga ora bakal mulih maneh.

Ing saperangan kampung, wis akeh wong lanang minggat banjur ora tau mulih maneh merga kecanthol wong wadon liya. Siti banjur ngalamun, gek-gek Kaspan ujug-ujug mulih karo wong wadon liya sing wis duwe anak cilik-cilik. Banjur Kaspan meksa dheweke supaya gelem akur karo wong wadon liya lan nganggep anak cilik kuwi minangka anake dhewe.

Mripate Siti katon mencereng saben wewayangan kaya ngono iku dumadakan liwat ing pikirane, saengga banjur dleming.

“Dadi wong lanang pancen jangkahe amba. Kringete nyiprat rana-rene. Anake pirang-pirang. Bisa minggat tekan adoh, banjur mulih ngejak wong wedok liya sing wis dipek bojo.”

Nalika dleming, Siti kerep karo lungguh ing bangku utawa karo mlaku-mlaku ing latar ngarep omah. Malah nalika mlaku menyang warung arep blanja Siti uga kerep dleming turut-turut dalan. Yen ngepasi wong liya nyawang dheweke dleming turut dalan padatan padha ora sapa aruh, merga yen disapa aruh malah nesu banjur semaur karo nyengol-nyengol.

Satenane Siti klebu ayu tur manis. Mbiyen gelem dipek bojo dening Kaspan sawise Kaspan dadi tukang kayu sing misuwur, ora tau prei merga melu nggarap proyek-proyek gedhe tur wani mborong mbangun omah ing kampung-kampung.

Sadurunge dipek bojo dening Kaspan, Siti tau ape dilamar dening Kamid sing saiki dadi carik ing desa liya. Wektu kuwi, Siti dadi prawan sing kadya kembang mekar, saperangan kupu lan tawon padha arep ngrubung. Kaspan ndhisiki nglamar Siti, sadurunge Kamid nari ngepek bojo.

Akeh tangga padha ngira yen Siti keduwung dipek bojo dening Kaspan sing wekasane malah ditinggal minggat. Kayake panyangka kuwi ora kleru, merga saben dleming Siti kerep nyebut jenenge Kamid: “Mbiyen upama aku dipek bojo Kamid, aku ora urip dhewekan kaya ngene.”

Siti pancen saiki urip dhewekan, manggon neng omah dhewe. Saperangan tangga padha aweh gaweyan umbah-umbah lan nyetrika sandhangan marang Siti, timbange Siti nglangut lan nganggur karo dleming wae ora cekel dhuwit kamangka saben dina butuh mangan.

“Mbok aja dleming wae yen ngepasi umbah-umbah utawa nyetrika. Mbok nembang wae ben sing krungu melu ayem.”

Ngono kandhane tangga nalika mara ngeterake sandhangan sing bakal dikumbah lan disetrika dening Siti. Wektu kuwi Siti dleming karo umbah-umbah sandhangan.

Siti banjur semaur karo nyengol-nyengol: “Lambeku kudu dleming terus, wis ora bisa mingkem maneh, rina wengi kelingan Kaspan. Saupama Kaspan ujug-ujug mulih karo wong wedok liya, bakal dak sunati tenan!”

“Sing sabar lan dedonga sing apik, muga-muga bojo ndang mulih nggawa dhuwit mberah bisa kanggo tuku montor anyar utawa mobil gres.” Sawijine tangga njarag ngejak guneman marang Siti, karepe supaya weruh yen Siti isih waras apa wis ora waras. Yen isih waras mesthi omongane ora nglantur lan ruwet.

Jebul omongane Siti isih bisa tinemu nalar: “Aku wis sabar. Buktine aku ora tau gelem dicedhaki wong lanang liya. Aku uga ora njaluk pegat utawa rapak. Aku tetep ngenteni tekane Kaspan. Nanging saupama Kaspan mulih nggawa wong wedok liya, aja takon dosa!”

“Saupama Kaspan mulih karo wong wedok liya nanging tumpakane mobil gres, awakmu banjur diwenehi dhuwit sakkoper, apa tetep arep mbok sunati?”

Mripate Siti ujug-ujug mencereng karo tangane ngucek-ucek sandhangan sing dikumbah. Bar diucek-ucek, sandhangan kuwi diremet-remet. Banjur Siti semaur karo nyengol.

“Pokoke Kaspan bakal sunat maneh yen nganti mulih karo wong wedok liya. Wong lanang minggat tanpa pamitan, kok wani mulih, kudune ora nggawa perkara sing bisa gawe ruwete omah.”

Wis cetha saiki, Siti katon isih waras. Namung katon nesu tenan marang bojone merga minggat tanpa pamitan tur wis suwe ora kirim dhuwit utawa kabar babar blas.

“Minangka tanggamu, aku mung bisa urun rembug. Becike yen kapan-kapan bojomu mulih aja mbok nesoni, apa maneh yen mulihe karepe apik tur isih tresna marang awakmu. Tenan ya, bojomu aja mbok sunati yen mulih karo wong wadon liya. Kanggone wong lanang, nalika urip ing kutha liya sing adoh karo bojo pancen bisa gampang kagodha dening wong wadon liya.”

Siti sajak ora bisa nampa pituture tangga kuwi. Karo mripat mencereng, Siti dleming maneh.

“Pokoke kapan-kapan yen Kaspan mulih kok karo wong wedok liya, bakal kelakon sunat maneh! Aku ora wedi mlebu pakunjaran, timbange dikon gelem nampa wong wedok liya minangka maruku! Aku ora sudi duwe maru! Yen Kaspan kelakon sunat maneh, bakal gawe wong lanang liya padha ora wani nglarani atine sing wedok!”

***

Pajar ruput-ruput, srengenge durung methungul ing langit wetan, Siti nglilir krungu lawang ngarep ditotok-totok.

Siti banjur njenggirat, tangi, langsung njangkah kebat arep mbukak lawang ngarep, nalika krungu suwarane Kaspan.

“Siti. Aku mulih. Tulung bukakna lawang.”

Nalika lawang wis dibukak, Siti langsung mencereng nyawang jemegere Kaspan sing sepatunan kulit kileng-kileng, clananan lepis, jaketan loreng, pecinan putih, nyangking koper.

Siti sansaya mencereng jalaran ana wong wadon ayu sing ngadeg jejer Kaspan karo mondhong bocah cilik sing umure setaunan. Bocah cilik kuwi katon turu angler. Ing latar, katon ana mobil anyar sing plate isih putih nomere abang.

“Aja salah tampa dhisik. Mengko dirembug sing apik.”

Kaspan sajak pangerten nyawang Siti mencereng kaya ngono. Kawit mbiyen mula, saben nesu, Siti pancen mencereng kaya ngono.

Siti mencerengi wong wadon ayu sing mondhong bocah cilik kuwi. Wong wadon ayu kuwi tansah mesam-mesem nanging sajak wedi nyawang Siti.

“Aku mulih merga kangen marang awakmu. Aku uga njaluk ngapura merga aku wis lunga ora pamitan marang awakmu.”



Kaspan sajak rumangsa kedosan marang Siti merga wis minggat suwe nanging ujug-ujug mulih karo wong wadon ayu lan bocah cilik kuwi.

Siti tetep mencereng. Nanging mripate katon kocoh-kocoh banjur mbrebes mili. Minangka wong wadon, Siti weruh yen wong wadon ayu sing mondhong bocah cilik kuwi katon lemes kekeselen bar numpak mobil suwe saka adoh. Siti banjur mundur aweh dalan supaya Kaspan lan wong wadon ayu sing mondhong bocah cilik kuwi bisa mlebu ngomah.

Siti lungguh ing bangku. Awake krasa lemes. Pipine teles.

Kaspan langsung ngejak wong wadon ayu kuwi mlebu kamar. Kopere diselehake ing dhuwur meja kamar.

“Anakmu diselehake ing kamar kene ben tetep turu. Yen awakmu isih ngantuk, apike melu turu wae. Aku arep ngomong karo bojoku.”

Kasman ngomong irih-irih karo njangkah metu saka kamar. Kasman banjur lungguh njejeri Siti ing bangku. Karo ngelus-elus lengene Siti, Kaspan kandha blaka suta.

“Ora sah nangis. Wong wadon kuwi putrine kontraktor proyek. Dheweke melu aku mulih mrene karo ngejak anake, jalaran sing kakung sing dadi dhokter wis mati kena corona. Seprene, aku melu nyambut gawe ing proyeke bapake. Aku uga manggon ing omahe bapake. Dadi aku wis kulina dolanan karo bocah kuwi. Malah bocah kuwi kerep turu awor aku. Nalika aku pamitan karo bapake wong wadon kuwi, bocah kuwi malah melu, emoh dak tinggal. Ya kapeksa melu aku.”

Siti ora percaya marang Kaspan. Nanging Siti wegah bengkerehan karo bojone kuwi. Luwih becik mingkem wae. Nanging jalaran Kaspan mulih karo wong wadon lan bocah cilik kuwi, Siti banjur ngingkig menyang warung sing dodol wedang lan sega salawuhe sing padatan kanggo sarapan.

“Tumben tuku sega akeh, apa Kaspan mulih karo ngejak kanca-kanca?” Pitakone tangga-tangga sing padha tuku sega salawuhe kanggo sarapan ing warung kuwi.



Siti manthuk-manthuk karo mingkem, wegah semaur.

Tangga-tangga liya padha melu ngomong.

“Mau kayake ana mobil anyar sing diparkir ing latar omahmu. Wah, Kaspan wis sukses jebule, bisa mulih nggawa mobil anyar.”

“Kudune bancakan lho ya. Pokoke sukuran, mangan-mangan enak karo tangga kabeh!”

Siti tetep mingkem, nganti metu saka warung ora ngomong babar blas kejaba nalika mbayar apa sing dituku lan pamitan. Siti ora dleming maneh turut-turut dalan.

Tangga-tangga padha rasan-rasan sawise Siti metu saka warung.

“Aku kuwatir nek Siti tenanan nyunati Kaspan merga bojone mulih karo wong wadon liya.”

“Mau aku pas liwat dalan ngarep omahe Siti, weruh ana wong lanang metu saka mobil karo wong wadon ayu sing mondhong bocah cilik. Ketoke kuwi Kaspan. Apa Kaspan wani mulih ngggawa bojo nom sing wis manak siji, ya?”

“Muga-muga Siti ora wani macem-macem marang Kaspan, senajan bojone kuwi mulih karo wong wadon liya.”



“Nanging wong wadon kaya Siti bisa wani marang sing lanang. Apa maneh Siti wis bola-bali muni arep nyunati Kaspan yen bojone kuwi mulih karo wong wadon liya.”

Tekan omah, Siti banjur ngejak wong wadon ayu kuwi sarapan bareng. Kaspan wis luru ngeloni bocah cilik ing kamar. Siti sajak sumeh. Praupane sumringah. Tutur basane alus marang wong wadon ayu kuwi.

Bubar sarapan, wong wadon ayu kuwi ujug-ujug kandha blaka suta marang Siti yen dheweke saguh diwayuh dening Kaspan, merga anake wis kadung kulina seneng turu karo Kaspan.

“Kula saguh dipun wayuh dening Kang Kaspan, nanging syarate panjenengan kedah paring restu. Pripun, Mbakyu?” Wong wadon ayu kuwi ngomong karo mesem nyawang Siti sing katon mencereng.

“Menawi purun paring restu, kula suwun panjenengan ugi purun manggen wonten griya kula. Lha griya mriki dipun sade mawon. Mbakyu kalih kula gesang sareng-sareng kaliyan Kang Kaspan. Anggep mawon putra kula nggih putra panjenengan.” Wong wadon ayu kuwi ngomong maneh.

Siti tetep mencereng, nanging mripate mbrebes mili.

“Kula ngertos panjenengan betah wekdal kangge nampi kula lan putra kula.” Wong wadon ayu kuwi sajak pangerten banget.

Siti ujug-ujug manthuk-manthuk karo mesem. Nalika Siti gelem melu Kaspan lan wong wadon ayu kuwi menyang kutha, sajrone tas sing digawa Siti ana gunting anyar. Ora ana sing weruh yen Siti meneng-meneng tetep dleming sajrone ati arep nyunati Kaspan karo gunting anyar kuwi.

***



Griya Pena Kudus, 2021

Maria M. Bhoernomo
Lair lan mapan ing Kudus. Seratanipun mawi basa Indonesia lan Jawa
sampun kapacak wonten saperangan media.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya