Wedi Lara
Ana aturan anyar
Kabeh warga kudu nganggo masker
Supaya memala ora nular
Senajan yen keblekepen bisa klenger
Promosi Komeng Tak Perlu Koming, 5,3 Juta Suara sudah di Tangan
Kaya mengkono yen wedi lara
Nalika pageblug ndadra-ndadra
Sing waras dianggep lara
Apa maneh sing lara
Wedi lara
Bakal muspra
Yen akeh sing ora precaya
Senajan pancen akeh sing lara
Pancen wis mbiyen mula
Kabeh sing mati mesthi tau lara
Embuh apa memalane
Embuh pira umure
Nalika akeh sing precaya
Marang sapa sing wedi lara
Bakal padha kemenusan
Banjur kelangan kamanungsan.
Griya Pena Kudus, 2021
Wedi Mati
Sapa sing wedi mati
Bakal mati
Sapa sing ora wedi mati
Uga bakal mati
Ora prelu wedi mati
Kabeh sing urip bakal mati
Sing mati bakal urip maneh
Wis ana papesthene kabeh
Pancen wis lumrahe manungsa
Duweni rasa wedi mati
Jalaran kakehan dosa
Lan lali wetone rina wengi
Nalika wedi mati
Kabeh liyan dadi memedi
Senajan bebasane urip tanpa memala
Jalaran ora ana doltinuku suwarga
Wedi mati
Aja dianggep mokal
Jalaran kabeh sing urip iki
Kadya laler marani kadhal.
Griya Pena Kudus, 2021
Remeng-Remeng
Remeng-remenge kahanan
Bakal gawe remenge pangaran
Abang karo ijo katon ora seje
Mrengut karo mesem padha ayune
Banjur akeh warung remeng-remeng
Misuwure sapa mara bakal seneng
Jalaran sing mlebu arep mangan
Malah ditawani dipan
Remeng-remeng
Pancen dudu padhang
Nanging uga ora peteng
Kabeh banjur dadi mamang
Remeng-remenge kasunyatan
Bakal dumadi pasulayan
Sing becik ora cetha
Sing ala ora ketara
Pancen akeh sing seneng
Marang papan remeng-remeng
Jalaran ora kuwatir blereng
Senajan wungu katon ireng.
Griya Pena Kudus, 2021
Aja Padha Gumun
Aja padha gumun marang wong-wong kuwi
Saben blanja njaluk rega-rega dilarangi
Nempur beras bae kudu menyang manca
Jalaran kabeh sing mbayari negara
Aja padha gumun marang wong-wong kuwi
Senajan pendhidhikane tekan es telu
Nanging saben ngitung-itung mesthi kleru
Lima ping rolas dadi satus apa malah sewu
Beras sekilo ping sewu dadi limang ton
Aja padha gumun marang wong-wong kuwi
Dipercaya ngedum beras marang kere-kere
Malah mripate cadhok lan mbingungi
Banjur isane mung eling sanak krabate
Sing omahe sakiwatengene
Aja padha gumun
Nyawang kanyatan
Sing satemene tangeh lamun.
Griya Pena Kudus, 2021
Dodolan Banyu
Sansaya akeh sing dodolan banyu
Kamangka banyu satemene ora dol tinuku
Malah ana banyu dijapani klawan ayat suci
Banjur regane dadi larang ngungkuli kopi
Dadi kelingan mangsa mbiyen
Banyu kendhi dicawisake ing ngarep omah
Sapa bae sing ngorong bisa ngombe
Tanpa kula nuwun tanpa matur nuwun
Sansaya akeh sing dodolan banyu
Tanpa pakewuh marang sing gawe banyu
Kamanungsan banjur kadya sirna
Ora ana maneh tetulung marang sapadha
Sansaya akeh sing dodolan banyu
Banjur ngangsu dianggep saru
Kendhi-kendhi kesingker pager ayu
Sumur-sumur kebacut kelangan timba
Kamangka banyu duweke kang kuwasa
Ora pantes diwenehi rega.
Griya Pena Kudus, 2021
Aja Ladak
Pangarsa padha ladak
Rakyat cilik dioyak-oyak
Sing lali maskeran dadi budhak
Kadya kompeni marang pribumi
Nalika sadurunge kamardikane nagari
Bener-bener nggegirisi
Aja ladak marang bangsane dhewe
Ing mangsa pageblug iki
Rakyat cilik sansaya kere
Yen susah mesti gampang lali
Aja ladak nemen-nemen
Kabeh kudune tetep dieman
Sing lali pantes nampa sengen
Murih kabeh tetep seger kuwarasan
Nalika memala gampang nimbal-nimbal
Pancen urip dadi sarwa kedungsal-dungsal
Mula aja ladak
Aja ladak!
Griya Pena Kudus, 2021
Padaringan
Padaringan ing pojok pawon iki
Wis kosong kawit sasi wingi
Saben dina nempure ora sepira
Sawise kapeksa ngiris pedhet jemaka
Saiki kandhang wedhus uga wis kosong
Jalaran wedhus sapranak uga wis didol
Aja nganti lemari dipan katut digotong
Senajan kabeh katon sarwa kemedol
Yen pageblug durung dipungkasi
Pabrik-pabrik ora bakal dibukak maneh
Bansos saka pamarenthah bakal diwatesi
Bocah-bocah bakal kepeksa ngombe teh
Saiki sansaya akeh kawula padha susah
Sawise kebon sawah padha dadi omah
Akeh ibu-ibu sansaya kangelan ramban
Ora ana maneh bayem thukul ing plataran
Kanggone kabeh kawula cilik
Yen padaringan kosong mripate mendhelik
Embuh tekan sok kapan
Bisa maneh ngisi padaringan.
Griya Pena Kudus, 2021
Kramas Merang
Mbah Uti rekmane dhawa
Wernane ireng gilap banyu tawa
Saben dina Jumuwah esuk dikramasi
Nganggo cem-ceman awu merang sepanci
Biyung uga tansah kramas merang
Rekmane dhawa limang kilanan
Nanging wernane wis mublak sawang
Jongkate sansaya kagubet brodolan
Kramas merang
Wis diganti shampo rentengan
Sing wangine kadya kembang
Sing jare bisa nyegah thukule uwan.
Griya Pena Kudus, 2021
Golek Kroto
Golek kroto dadi pakaryan
Jalaran sansaya akih wong ngingu manuk
Sing regane sansaya edan-edanan
Ana manuk sing ajine padha karo gumuk
Golek kroto wis lumrahe mlebu metu alas
Menek wit gedhe dirubung ngangrang
Bebasane rawe-rawe rantas
Putung kabeh sing malang-malang
Golek kroto kanggo urip bebrayan
Pancen sajak ora tinemu akal
Nanging murih wareg kudu kangelan
Senajan katon mokal
Golek kroto turun temurun
Kadya ora ana pakaryan liya
Ora usah gumun
Aja dikuya-kuya.
Griya Pena Kudus, 2021
Tebu
Tebu ijo apa kuning apa abang
Kabeh mesthi manise
Bisa dadi gula kanggo wedang
Gawe marem sing ngombe
Tebu ing Jawa padha karo tabu ing manca
Tau dadi senjata kanggo njajah negara
Mbiyen, ing saperangan kutha
Kompeni mbangun pabrik gula
Rakyat desa dipeksa nandur tebu
Nanging gulane banjur diangkut prau
Saiki rakyat wegah nandur tebu
Jalaran gula saka manca padha teka
Regane medhe tansah dol tinuku
Wekasane dadi memala
Tebu pancen manis
Sing kuning apa ijo apa abang
Kabeh namung lamis
Banjur dadi wedang
Wekasane dadi memala
Sing bakal mretheli raga.
Griya Pena Kudus, 2021
Pari
Sapa nandur gabah
Bakal thukul pari
Sapa ngrumati pari
Bakal panen gabah
Mengkono unen-unene
Senajan kasunyatane bisa seje
Kawit mbiyen mula
Wong tani pancen rekasa
Nandur pari kelangan sawah
Sawise adol bekakas omah
Jalaran tikus padha ngamuk
Banjire uga peres gumuk
Pari apa gabah
Mambu kringete wong mberah
Regane kadya obahe dacin
Jalaran impor beras kebacut ora isin.
Griya Pena Kudus, 2021
Prasmanan
Dumadining urip enak kepenak
Yen saben arep mangan
Bisa milih apa sing dipangan
Nanging weteng dudu dunak
Mula ora kabeh kudu dipangan
Murih ana sisa kanggo sapa
Ngombe uga aja nganti kakehan
Weteng uga dudu rawa
Elingana pituture wong tuwa
Yen memala gawan kemaruk
Urip aja nganti kabotan raga
Bebasan wit bakale ambruk
Ing kahanan sarwa prasmanan
Sapa kemaruk bakal kapiran
Kepara marem malah cilaka
Katerak memala lan bebaya
Panganan
Apa umbenan
Yen pancen ana sisa
Aja nganti muspra.
Griya Pena Kudus, 2021
Maria M. Bhoernomo
Pandhemen Sastra Jawa, dedunung ing Prambatan Kidul RT 002/ RW 004 No.755 Kudus 59331 Jawa Tengah