SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Solopos.com, SOLO — Nalika kumandhanging khutbah Jemuwah, sarta kawimbuh sumiliring hawa kang ngayemake ati ana sajroning mesjid.

Saknalika kaya wus ora kuwat ngampet tumetesing waspa prasasat jebol mring bendungan.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Sak klebatan kaya weruh gegambaraning pawongan kang nora pangling maneh. Eseming kang isih kaya kagambar lan kaya-kaya isih urip ana donya iki. Yaiku Simbah putri, pawongan kang tansah asih tresna mring aku sanadyan rikala gesange aku akeh gawe gela amarga tumindakku.

“Ya Allah,Ya Rabb. Simbah kok bali mrepegi aku ana kene. Kena ngapa Simbah kok tega lunga ninggalake aku. Idham-idhamane kang durung dak wujudi kok Simbah wus kapundhut sowan Panjenengan Gusti.” Bathinku kaya-kaya bisa ngucap banter mbarengi khutbah Jemuwah, lan terus tumetes eluh aneng pipi.

Kepriye maneh anggonku ora nangis lan ora bisa lali, amarga saka Simbah aku bisa dadi kaya mangkene. Banjur saknalika kelingan rikala semana, jamanku isih SMA.

Aku akeh sambat yen ana garapan sekolah aku mesthi kangelan amarga nora nduwe laptop. Kepengin rasane nduwe laptop kanggo ngenthengake anggonku sekolah lan wektu kuwi aku uga kepingin duwe HP apik kaya kanca-kancaku.

Nanging kahanane wong tuwaku kang wektu iku lagi nandhang susah.

“Le, apa kowe kepengin laptop? Aku saguh nukokake kanggo kowe nanging sing lungsuran wae tur rada murah piye?” pitakonane Simbah rikala semana.

“Regane laptop wae aku ora weruh Mbah. Yen regane larang apa ora nambahi penggalihe Simbah?” wangsulanku karo setengah mbrebes.

“Yen kok enggo tenanan, kok enggo sekolah nganti kuliyah, syukur bisa dadi pegawe aku saguh wae,” wangsulane Simbah kanthi linambaran mesem kang tulus.

Saktemene aku iku pekewuh yen nganti Simbah mujudi apa kang dadi sedyane kanggo aku. Eling-eling sedulur-sedulurku nora dibandhani kaya aku nalika sekolah.

Saben dina aku ditawani terus babagan kuwi, nanging aku nora wani mangsuli kang saktemene.

Ora kanyana-nyana, kaya kajegur segara madu nalika aku mulih sekolah jebulane simbah wis nembung marang ponakane kang nduweni kenalan kanca kang adol uga servis laptop komputer.

Lan bengi iku uga, bakal mara ngomah sakperlu nuduhake barange kareben aku weruh lan didhuwiti dening Simbah.

“Lha kok wis ditembung ki piye ta Mbah, aku urung sreg.”

“Lha ngapa ngenteni srek mu? Pikiren olehmu sekolah kuwi lo. Bisaku ngewangi ya ngene iki ben kowe pinter Le,” wangsulane Simbah karo nangis ngrangkul aku.

“Kowe kudu bisa pinter ya, Le. Dadiya pegawe. Suk aku yen tuwa openana ya, Le.” Simbah terus nangis lan aku ora bisa mbendung tangis.

Saktemene uga aku nyawang wong tuwaku iku ora tega. Aku sekolah kakehan ragat lan terus gawe susah.

Nanging aku wus prasetya sawise mangkene aku kudu luwih pinter lan bisa nggayuh apa kang dadi angen-angenku kanggo mujudake kabahagyan kang ana ing kulawargaku.

Laptop kang ditumbasake Simbah rikala semana nganti saiki tetep awet lan dakrumat kanthi becik nganti aku bisa kuliyah. Nanging ya kuwi, Simbah bacut kapundhut sowan Gusti nalikane aku isih kaya mangkene.

Yen kelingan nalikane Simbah mangkat rasane kaya dene sinamber bledheg ing mangsa katiga. Nalika iku aku lan sakulawarga uga prasasat kabeh lagi nandhang pacoban. Wabah Covid-19 ing taun 2021 kaya dene pageblug kang saknyatane.

Wektu iku kang nandhang gerah yaiku Simbah kakung, Ibu, lan Kakangku. Ora watara suwe Simbah putri kaya tanduran kang semu layu saya layu banjur katut gerah. Aku lan Bapak kaya nora bisa polah maneh kepiye carane amrih kabeh padha sehat.

“Arep digawa menyang Rumah Sakit gek kahanane ngene iki kabeh. Gek wong sak omah mengko yen dadine malah nemen piye Le?” pitakonane Bapak marang aku.

“Aku dhewe bingung Pak, gek Simbah lara kabeh gek kaya ngono iki kepiye? Gek Mbah Kung wis katon pulih nanging kok Mbah Uti sansaya nemen malah kaya wong bingung gek njur merem wae,” wangsulanku karo sangga uwang.

Sasuwene amung patang dina Simbah putri nandhang gerah kang nemen. Rong dina kang pungkasan Simbah wis katon kaya kritis nanging aku ora bisa tandang apa-apa. Kahanan kang medeni isine mung wedi, lan semelang kaya wus ra bisa mikir maneh.

Sabisaku aku ngopeni wong sak omah lan wektu iku simbah wis kritis. Antarane rong bengi aku, Kakangku lan Simbah kakung kang ngrumat Simbah putri.

Bapak pancen sengaja dak kon sumingkir ngrumat Ibuku aneng omah sijine. Amarga aku ngerti menawa ibu wong kagetan lan ora tega yen nyumurip kahanan saktemene. Amung ngertine Simbah putri sare angler nanging sejatine Simbah wus kritis.

“Iki piye Mas, Simbah kaya ngene gek nora paring wangsulan apa-apa?” pitakonku, banjur Kakangku amung gedheg-gedheg sajake bingung.

“Mbah mu iki piye Le kok kaya ngene, lara nemen kok gentenan. Kudune aku mari, Mbahmu melu mari kok kaya ngene?” Simbah kakung amung bisa nangis weruh kahanane Simbah putri.

Sajrone Simbah nandhang gerah aku kang kudu tatag ngrumat sanadyan ana jroning bathin ora tega. Wiwit saka nyibini, ngganteni sandhangane lan liya-liyane.

Ing dina Senen Pon, wiwit esuk rasaku kaya kumleyang tumeka ngendi-endi. Sakbanjure Simbah dak sibini lan dak saline.

Rumangsaku Simbah kaya wong ayem, rasane kaya turu kang jenak kepati beda nalika wengi.

Rasaku ayem lan bungah Simbah bisa kaya pulih ragane. Nanging saktemene Simbah wus pancen titi wancine sowan Ngarsa Dalem Gusti. Aku ora sadhar nalika tabuh 10.34 awan aku lunga sedhela tuku janganan lan lawuh, ya ing wektu iku Simbah sakaratul maut lan nilapake aku. Amung Simbah kakung kang nyumurupi banjur nggugah kakangku.



“Le, iki Mbah mu piye Le. Mbah mu kok ceguk bar kuwi meneng.” Tangise Simbah kakung banjur balangake penthung ana lawang kamare kakangku.

Lan, apa kang ginaris dening Gusti wus ngarani, wus sinerat yen wektu dina iku Simbah kondur ing Ngarsa Dalem Gusti. Sakbaliku, ora watara suwe omahku wus kebak rame lan padha nata kursi.

Jebulane Simbah wus kondur ninggalake donya. Aku kang katilap rumangsa getun, kelangan lan rumangsa gawe dosa gedhe.

“Ya Allah, kok tega ninggalake aku, nilapake aku.”

Aku kang wus lemes, nangis ana ing ngarep lawang kanthi dituntun mlaku tekan ngarepe Simbah.

Simbah wus lunga, cahyaning katon sumunar, resik kaya ra kuwat rasaning ati nyawang lakon iki. Seru lan banter anggonku nangis kejer kaya dakuntabake saknalika iku.

Kang ana amung rasa kangen nalika gesange tansah tresna mring kulawargane. Tansah mikirake kepiye anak putune tansah nyawiji nduweni rasa bungah lan bisa ngabekti mring piyambake.

Linambaran tangis lan kangen marang Simbah, aku nyerat iki kanggo mujudake apa kang dadi pawelinge, supaya aku bisa nggayuh apa kang dadi angen-angenku. Lan uga aku kudu bisa gawe bungahing Simbah aneng kana.

Ya mung kanthi cara mangkene pangajabku supaya aku bisa mujudake yen aku kudu bisa sukses lan bisa ngangkat drajating wong tuwa. Dongaku muga Simbah pinaringan papan kang endah ing Ngarsaning Gusti.



 

Sofiyan Aditiya Firman
Pandhemen Sastra Jawa, dedunung ing Gg. Jeruk, Jln. Nangka, RT 005 RW 002 ,Desa Karangrejo, Kecamatan Kawedanan, Kabupaten Magetan, Jawa Timur.





Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya