SOLOPOS.COM - Abdi dalem mbabar beksan Bedhaya Anglir Mendhung ing Pendapa Pura Mangkunegaran, Solo, Setu (12/3/2022). (Solopos/Nicolous Irawan)

Solopos.com, SOLO — Bedhaya Anglir Mendhung dadi beksan wajib ing adicara jumenengan ing Pura Mangkunegaran. Semono uga nalika adicara jumenengan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ario (K.G.P.A.A.) Mangkunagoro X, Setu Pahing tanggal 8 Ruwah Alip 1955 utawa Setu (12/3/2022) kapungkur.

Beksan Bedhaya Anglir Mendhung kang nggambarake perjuwangane Pangeran Sambernyawa nalika perang iku uga dibabar nalika adicara jumenengan Pangeran Sambernyawa minangka K.G.P.A.A. Mangkunagoro I tanggal 17 Maret 1757. Suwene anggone mbabar beksan itu kurang luwih 45 menit, wiwit saka pambuka, isi, lan pungkasaning crita.

Promosi Yos Sudarso Gugur di Laut Aru, Misi Gagal yang Memicu Ketegangan AU dan AL

Salah sijining kerabat keraton kang uga dadi panitya adicara jumenengan, Irawati Kusumorasri, Rebo (2/3/2022), mratelakake para pambeksa wus gladhen pirang-pirang dina sadurunge pentas. Para pambeksane kudu abdi dalem wanita cacah pitu lan isih prawan.

Bedhaya Anglir Mendhung wus dianggep minangka pusakane Mangkunegaran amarga ngandhut makna kang wigati tumprap Praja Mangkunegaran. Pigunane yaiku minangka salah sijining kupiya kanggo njaga wewengkone Mangkunegaran. Saliyane iku dadi pangeling-eling perjuwangane leluhure Pura Mangkunegaran.

Sabanjure beksan iki ajeg dipentaske sajroning adicara-adicara resmi Pura Mangkunegaran, kayata nalika upacara khol agung Pangeran Sambernyawa 24 windu yaiku tanggal 6 Maret 1982.

Semono uga nalika adicara pengetan ambal warsane Sri Mangkunegara VIII kaping 64 taun, penere tanggal 14 Maret 1982. Katrangan iku kajupuk saka karya ilmiyah kang ditulis dening dhosen Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Katarina Indah Sulastuti, kanthi irah-irahan Tari Surakarta Gaya Mangkunegaran Pada Masa Pemerintahan Mangkunegaran VIII (1994-1987) dan Masa Pemerintahan Mangkunegaran IX (1988-Sekarang).

Adhedhasar saka tulisane Katarina Indah, Bedhaya Anglir Mendhung sagendhinge yaiku Gendhing Anglir Mendhung, wus ana kawit jaman K.G.P.A.A. Mangkunagoro I utawa Raden Mas Said utawa Pangeran Sambernyawa. Penere taun 1790 Masehi nganti tumeka ing jaman pamarentahane K.G.P.A.A. Mangkunagoro III, taun 1835 Masehi.

Pawitane saka jaman Raden Mas Garendhi ing Kartasura. Saben pengetan jumenengan nata setaun pisan, ajeg ditabuh Gendhing Ketawang Alit Anglir Mendhung kanggo njangkepi upacara kasebut.

Gendhing Ketawang Alit Anglir Mendhung kang sabanjure kanggo ngiring beksan Bedaya Anglir Mendhung awujud Gendhing Kemanak. Gendhing iku isih sajaman karo Gendhing Ketawang Ageng kang wus ana kawit mangsane Panembahan Senapati taun 1575 Masehi.

Empu Gendhing Kakawin (sedulur sapupone Pangeran Sambernyawa putrane Tumenggung Mlayakusuma) kang jejeneng Ki Secokarmo lan Ki Kidang Wulung banjur ngripta beksan Bedaya Anglir Mendhung kanggo ngisi Gendhing Ketawang Alit Anglir Mendhung.

Para pambeksa Bedhaya Anglir Mendhung nggunakake piranti pistul kang digawa para pambeksa. Pistul iku dislempitake ing bangkekan ngarep sisih kiwa.
Dene beksan Bedaya Anglir Mendhung kang pisanan dipentasake nggunakake pistul kang tau digunakake Pangeran Sambernyawa.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya