Singget
Iki omah tinarbuka
Gampang disawang saka njaba
Siyaga nampa tamu
Mardika kanggo urip bebarengan ing donya
Mangan turu bareng simbah, bapak, ibu, anak, mantu lan putu
Panggonan anak putu gemrayah padha dolanan
Sinau angon wektu
Sinau mbagi wektu
Promosi Tragedi Kartini dan Perjuangan Emansipasi Perempuan di Indonesia
Esuk-esuk ngekum sandhangan
Cecikruk karo unthuk
Mangkat awan njereng kumbahan
Teles ginaringan tembang srengenge pasuryan
Langit Kahanan
Kados makaten jembaripun dina pasugatan
Wiwit esuk nganti dumugi korine dalu sing kinasihan wiramane wektu
Kapantha dadi telung bageyan
Cathetan padinan
Iki omah
Ruwang jembar ginelar
Senthong lan kamar cukup diwatesi garis ing njero pikiran
Bata, pasir, semen, kayu utawa papan mung sakderma rerenggan lan
paesan
Dudu singget sing nuwuhake tatu pingget ing kulit janget
Sisa Cahya
Suwe ora katulis jenenge ing panase srengenge
Dheweke wis trima amarga tangine kerinan
Ora apa-apa
Isih ana dina sakwise iki
Kanggo ngenteni cahya padhang saka wetan
Senajan cendhela wis ketutupan omah gedhong magrong-magrong
kanthi lampu sing mencorong
Dheweke wis trima nampa sisa cahya sing mung satleraman
Kesapu tekane awan
Ora apa-apa
Isih ana dina candhake
Wiwit saiki nembang macapatan kinemulan ayat-ayat suci sing nylempit
ing gurit titi wanci
Dheweke wis sumadya ngenteni sisa cahya nganti enteke wengi kanggo
mapag tekane dina sesuk
Sing luwih wutuh ing gegemane Subuh
Pangumbaran
Dalan-dalan tansaya rame senajan isih ajeg
Rata lan grogalan
Lenceng lan menggak-menggok
Nanging dheweke wis legawa nampa lan ikhlas diliwati
Uga diendhegi
Diparkiri
Diampiri
Kala-kala ing sisih tengen lan kala-kala ing sisih kiwa
Stop! Mandheg! Bengoke penumpang
Lungamu menyang papan sing tumuju wis cinathet ing wektu sing ora beda
Padha
Dadi mung kari mlaku ngono wae
Mula gek ndang mangkat
Yen perlu separo mlaku separo mlayu-mlayu
Rada rikat sethithik
Mumpung isih kuwat ngangkat syahadat lan ayat-ayat sarta kahanan
durung patiya akeh ngalami owah-owahan
Isih padhang
Pandeleng isih bisa nyawang bebaya sing teka saka kadohan
Awan ana srengenge
Wengi kala-kala ana rembulan
Yen udan kala-kala langit dadi tansaya endah rinengga saplengkung
kluwung
Yen peteng wis ana lampu gaweyan sing sumadya madhangi dalan
liwatan lan gang-gang buntu tanpa aran
Supaya kabeh sing mlaku slamet ora cilaka
Ora katut melu dadi korban
Saben pojokan wis dipasang rambu pengetan
Pesen keslametan
Apa sing kurang?
Angok
Telulas meter sakwise ketiga dina kaping telung atus sewidak lima
Ketemu ing dhasare tlaga gaweyan
Kelem ing kahanan sarwa garing
Kahanan sing netesake warna kuning ing lembarane godhong
Garing sakdurunge lan sakwise srengenge
Ing kene
Thukul suket gatel campur tanduran tanpa aran
Ijo pulasan natoni sesawangan ing saben panggonan
Ngarep omah tutupan
Rinengga sapu sada kuwalik
Lombok, trasi, brambang abang tumancep ing pucuke sada
Sega buceng ngundang udan
“Ethok-ethok sambat kadhemen nalika mung kegrimisan!”
Ndumuk Watesku
Sakwise ayang-ayang disampurnakake dadi peteng ireng
Diupakara dening cahya padhang
Kahanan dadi mung sakderma cangkriman lan batangan
Ngowoh ndomblong panyawang kosong
Ing kahanan sepi tansaya lali isi
Wewujudan sumingkir tumuju ing garis pinggir sing saiki dikebaki
barang-barang setengah mati
Durung mati lan barang mati
Uga barang-barang separo dadi
Wewujudan wis salin sandhangan
Dalan-dalan sing biyasane diliwati dadi sepi
Suwung sing mbangeti
Rasa blereng ngiring-iring panyawang samar
Sadawane laku kemul pitakonan
Nganti tekan endi lelakon iki?
Playune wewayangan padhang ngetan
Wewujudan peteng ngulon parane
Sakadoh-adohe
Sakkesel-kesele
Ngetut lakune srengenge
Sikil mecaki impen sing durung nate ketiban udan minangka wewengkon
teles
O, ana sapletik titik ireng ndumuk watesku
Aduhku ngrintih
Wewujudan ketiban cahya putih
Mblerengi
Ana titik kelangan warna ireng nalika ditarik garis lenceng
Nanging tetep kepingin ngadoh saka garis mlengkung
Mengisor utawa mendhuwur
Vertikal marang apa-apa sing tunuju langit biru
Biru sing ngresiki warna klawu
Susanto Sagipah
Sutresna Sastra Jawa dedunung ing Jl. Kol. Sugiyono GBKT No. 8 RT 006/RW 002 Ds. Winong, Pati, Jawa Tengah. Nguri-uri Komunitas Sastra Asem Jawa Winong Pati