SOLOPOS.COM - FOTO SRAWUNG SENI CANDI : Perempuan Menari di Pelatan Candi Sukuh

Ing Meja Dhahar

Aku ngicipi wingit
Lan esem asin kang cemepak piring
Dudu priya sekda
Utawa srengenge ketusuk sada pandom takdir
Kaya janji lamis marang driji manis

Promosi Liga 1 2023/2024 Dekati Akhir, Krisis Striker Lokal Sampai Kapan?

Sakabehe ora katon werna blawu
Yo mung memper glegeken, mandeg dada
Kelempet ing netra

Dumadakan aku percaya
Esemme priya kerep njanmo wisa
Ing gelase wanita
Solo, 2020

Purna

Kayadene sliramu, aku wis nora ngangkah anane patemon
Nadyan rasa kangen tansah ngalengen
Nenembak prastawa kang gumelar ing gelas ginelar

Yekti pepinginan kanggo ngrengkuh cayamu
Wus suwe dakilangake
Sakliring udan
Dimen nora dadi atur ing rerengketing kembul bujana

Aku wus sayah, ngukur lelampahan kang asring nalikung
Ing cumethering bagaskara, arloji cuwa
Banjur kaprimpen ing gumuke lang-lang
Adoh, sakdurunge kawruh tuwuh
Biwara yen jiwa nora padha dene angrengkuh
Solo, 2020

Setu Paing

1/
Sugeng tindhak, ibu
Matur nuwun
Tumrap tresna lan garbamu
2/
Ibu miwulang akeh babagan
Salah sijine kapang
: lan rasane perih tenan
3/
Saiki aku wiwit ngerti
Surya ora luwih crita lawas kang brai
Gumantung blawu ing mega
Nengeri pandom jam
: duhkita
Solo, 2020

Candi Sukuh

1.
Ing pucukan cemara, alon-alon aku nggurit grahita
Bakal tekan ngendi jangkah iki
Kamangka adem namung nyisihke tembung sepi
Marang dalan kang ngarah wengi
Aku utawa sliramu? Kang luwih dhisik
Ing papan pinuju
Nyerat asma ing gegere pedhut
Pinangka salam pungkasan paling nganglut
2.
Bakal dakdudohke awakmu
Babagan aurat wektu
Dijaga subuh tekan isyak
Kanggo jagad
Lan getih prawan kaya panjalukan
Sakjroning oyot jaman
3.
Ing ngarepe lingga uga yoni
Adam Hawa milih kuldi
Aku ngucap zikir puluhan nganti
Solo, 2021

Kancilen

1.
Pinuju wayah papat esuk
Ngantuk ora jer methuk
Sawetara wengi kadhung ugal-ugalan
Tumrap diri kang morsal

Mila kanggo ganti
Daktulis geguritan
Kanggo kanca, ngluluske bodho kang tanpa tida
2.
Njoget kenes ing suwungmu
Njanmo jangkrik, pewayangan uga gambar
Cukup iku
Minangka nuduhke anaku
Solo, 2021

 

Kreteg Tjampuhan

Sakdawane kreteg, aku kekancan karo wingit
Tan ana panggon kanggo sendhen
Wiwit srengenge sungsang lan menehi tetenger palang
Ing dadaku kang sempal

Jangkah-jangkah dawa pasuryan londo, ora kendho liwat
Ora ana guneman, sewu basa kaya-kaya ilang
Memper wewayangan bapa biyung, aruh-aruh suwung
Asat nggering ndalan, amarga tan ana katresnan
Nalika mlaku kesayahan

Mula ngertenana, yen kala mangsa aku milih dalan dewe
Nglaras wangi saka kemboja, ewondene saben wektu ora mandeg dedonga

Sakdawane tjampuhan, aku ngiderke garise tangan
Tumprap angin, gapura uga patung dewa
Sinambi ngrapal cubluk wektu
Muga-muga wit-witan ora krungu
Kepara atiku pating glodag, netepi kahanan sowak
Ing kreteg iki, aku wuyuing bola-bali
Ubud, 2017

Gamelan, Gendhing, Crita Lawas

Nate daksimpen rasa sengit marang gamelan kuwi, ibu
Amarga tansah kumandang swaramu, anyubya kelangenan
Nalika tekamu njangkepi kenese para wiyogo kang ora nate sayah
Mbiyen, nalika aku prawan kencur
Kabeh ino daktampa, wiwit sindhen mbok piih dadi dalan crita

Nate daksimpen getem-getem
Ing kanthongan rok abu-abu
Lan nyatroni meneng-meneng, saben ibu mulih nyinden
Banjur ngarep sakkabehe mandheg
Mungkasi dukane bapak uga angin sengak
Wektu kuwi, aku isih 17 – nalika ego trengginas
Lagi yuswane ibu 40, kanthi emosi durung seleh
Sawetara dina-dina lumaku ngglece
Ora nyisihke bagya, apa maneh rumaket antarane kluwarga
Gamelan terus ditabuh, ngancani congkrah saben-saben
Solo, 2019



 

Grenengan Ijen

1.
Aku wiwit mbregudul tumrap tetege mangsa
Kang kayadenge cidra
Sakwise wektu mertamu

Sujud iki tansah klisikan, pitakonan
Sapa mbesuk kang nyedekahke tresna ing pungkasan donga?
Nalika tangan buyutan, nalika pipi wis ora kenceng
Sawetara wengi samsaya nglangut
Mertandani uwan lan kisut

2.
Sakumpama takdir iku dolanan
Mungkin aku lan sliramu sida kencan
Andum asmara, sinambi nglaras pangestune kadang mitra
Sakbubare sahadat diwaca
Sak umpama
Solo, 2021

Warung Lokajaya

1/
Ora merga sego bungkus, kopi lan gorengan podho guneman wengi kuwi, nanging kawigaten awakmu. Nglumbrug ing bangku dawa lan dakrahabi saknalika. Karo deg-degan ora karuan. Ing kursi bunder, 2 rokaat manjing solat. Mlebu ing gendhul mineral, mertelake wengi samsaya ndugal. Nyatroni kuwatir sate kikil uga secuwil impen kang cethil, tumrap jantung wanita.
2/
Uga ora mergo wedang jahe, gurit iki ora dirampungke. Ananging pekewuh ngebaki, ngejak mandheg dolanan impi. Cukup marang tahu susur, arum patemon dakcampur. Sakjroning mie. Supayane nalika kilometer jarak ndawa, esuk ora ngebul lara lapa. Pancen tan ana sesambungane sego bungkus lan tapak sepatu. Nanging gumyak aruhmu, agawe kepengin wudhu. Ndhlosor dumadakan dikepung ganji kahanan.
3/
Marang sliramu, arum tembalang daktitipke. Ing rangsel ireng kae. Panggon dhedonga saksuwene.
Solo, 2020

Nimas Padmi, penggurit saka Solo. Pirang-pirang tulisane nate kapecak ing koran.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya