SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Purwanti mingseg-mingseg nggondheli lawang. Awake lungkrah kelangan daya. Bening luh dleweran ning kiwa tengen pipine. Dene Rendi isih betah misuh-misuh. Ngunek-unekake bapak sambunge sakepenak udele. Bangsa kewan metu kabeh. Saka A tumeka Z.

Sajatine dhodhok selehe Rendi nganti kalap iku mau dilekasi saka prakara sepele. Tengah wengi iku udakara jam loro, Teguh nglilir nyang jedhing. Weruh lawang kamare Rendi isih ablak-ablak tur kamare katon peteng ndedet, Teguh ngira yen bocah sing saben bengi keluyuran iku durung mulih. Dheweke tanpa mikir dawa langsung ngancing saka njaba. Rendi sing lagi dolanan HP njenggirat tangi banjur nesu. Muring-muring.

Promosi Primata, Permata Indonesia yang Terancam Hilang

Makgregah Purwanti tangi. Deleg-deleg, kucek-kucek mripat. Age-age Teguh nyritakake larah-larahe kabeh marang bojone kanggo njagani seling surup. Banjur Teguh milih sumingkir bali nyang panggonane turu ing kamar sasandhike sing amung kesingget kayu jati. Meremake mriprat lan ngleremake ati.

Tinimbang ngladeni anak kuwalone mengko malah dadi padudon gedhen. Mbuh Teguh iku ora preduli tenan apa ya meneng-meneng sajrone ati ngampet lara. Keslomot geni sing diobong Rendi lumantar sindiran. Durung marem, Rendi kerep mbombongake bapak kandhunge sing wis duwe trek loro saka asil kringete dhewe. Dudu saka wong tuwa lan sedulur kaya Teguh.

“Pegatan! Pegatan wae!” Rendi mbengok emosi karo nendhang gebyok.

Mangkel sing dirasakake Rendi tambah mrongkol ing dhadha amarga krasa disepelekake lan diece dening bapak kuwalone. Teguh ora gage-gage njaluk ngapura. Uga rumangsane dheweke, Teguh sengaja wadul-wadul ngedu simbok lan anak.

“Uwis Ren, uwis….,” Purwanti nyedhaki anake lanang sing lagi muring-muring. Ngelus-ngelus rambute, ngambung pipine. Karepe supaya Rendi luwih lerem. Nanging bocahe malah sansaya ndadi. Kaya-kaya njarak njojohi kasabaran sing wis nipis.

“Wong lanang ora mitayani kaya ngono kok isih digondheli? Sedina-dina mung njaga warung. Kapan sugihe?”

“Ibuk barang ki ya bodho. Wis duwe bojo kok isih kerja rekasa! Luwung golek liyane wae!”

“Ya Allah. Uwis Ren….,” pamunggale Purwanti kanthi nyebut asmane Gusti Pangeran. Sedhih, bingung lan kuwatir nglumpuk dadi siji.

Genah Purwanti satenane keweden yen maratuwane saumpama nganti ngonangi kedadeyan iku. Kebrebegan utawa ngepasi wungu ancase arep salat tahajud. Maratuwane kang wis katon ora sreg marang watak lan tumindake Rendi bakal sansaya sengit.

Apa maneh yen tangga teparo melu tangi lan krungu. Bisa-bisa sing padha ora seneng karo dheweke mesthi banjur keplok-keplok. Kamangka jam-jam semana iku kahanane sepi nyenyet. Prasasat swara nyamuk wae mbrebegi kuping apa maneh wong bengok-bengok. Dhuh, arep diselehake ngendi coba raine yen nganti konangan?

“Rene Ren, lungguh dhisik,” ujare Purwanti sambi nggeret lengene Rendi.

Bocah lanang sing taun iki lulus SMA lumantar ijasah corona iku ora sanalika nurut. Purwanti mentheleng kanthi nggeret tangane Rendi sansaya banter. Pisan-pisan dheweke negelake ati kapeksa galak lan teges marang anak tunggale iku. Sajake isih duwe rasa kurmat marang ibune, Rendi lentrih-lentrih manut.

“Ren, ibuk kesel-kesel kerja gawe pesenan risoles, bolu lan maneka werna panganan kuwi hasileora liya mung kanggo kowe. Apa wae panjalukmu, sakuwate ibuk turuti tho?Tekan seprene, ibuk ora tau nuntut kowe kudu neko-neko. Sedina-dina kowe dolanan game terus-terusan ya takjarna. Ibuk kurang piye coba?” jare Purwanti kanthi dhelengi praupane anake sing plekketiplek karo Teguh.

Malah babar blas ora ana mirip-miripe karo mantan bojone. Pawakane Rendi lan Teguh sing lencir kuning pratandha kalorone anak emas sing digemateni tenan karo wongtuwane. Ora tau ngrasakake kerja rekasa. Tur ora tau kena panas srengenge lan regete bledug. Karana iku kanca kenalan asring ora percaya yen Rendi iku namung anak kuwalone Teguh.

“Pak Teguh iku mau babar blas ora niyat ala, Ren. Namung jaga-jaga amarga saiki usum maling. Yen saumpama lawang ora mbok tutup terus cendhela menga, mengko malinge mlebu kepriye? Dadi aja dibaleni maneh ya, Ren,” panjaluke Purwanti kanthi melas, ngluwihi wong ngemis.

“Ya, ya. Anggere sesuk aku diwenehi dhuwit satus ewu kanggo top up,” semaure Rendi entheng. Kaya-kaya dhuwit ngetuk mili saka sumur.

“Ya gampang. Angger kowe manut karo Ibuk. Ndang gek turu. Aja dolanan game terus. Wis meh subuhan iki,” pungkasane Purwanti. Ora kapok anggone nyrateni anake lanang sing paling disayang kuwi.

Bar geger gedhen iku Purwanti wis ilang ngantuke. Tujune Purwanti dina kuwi entuk pesenan risoles satus iji. Dheweke banjur mupangatake wektu kanggo oncek-oncek wortel terus dirajangi tipis-tipis. Jam lima, Teguh tangi banjur gugur gunung ngewangi gawe kulit risoles.

Bab Rendi ora usah digagas. Bocah sing nunut lair ing tlatah Balikpapan, Kalimantan, iku ajeg tangi awan antarane jam siji tekan jam loro. Saben dina adate Rendi pancen kaya ngono.

Wayah melek, cekelane gur HP lan udud. Weteng ngelih kari nyidhuk. Isah-isah piring ora tau. Apa maneh umbah-umbah. Bengi kluyuran, jam siji munggah lagi mulih. Terus sing paling ngisin-ngisini, mlebu metu omah liwat cendhela.

Dhasare bocah mbeling bola-bali dikandhani becik supaya dhodhog-dhodhog lawang, gugah-gugah ibuke, lha kok malah tuman liwat cendhela. Malah nuruni adate maling ki kepiye jal.

Nanging saking sayange marang anak lanange kuwi, Purwanti eman ngandani apa maneh nyeneni. Wusanane dheweke malah lila pasang awak yen Rendi gawe salah. Ora gumun, selot suwe Rendi dadi bocah aleman lan nakal.

Diulur diungkret ,yen Purwanti gelem mawas dhiri, Rendi dadi bocah ndugal iku satenane amarga salahe dhewe. Minangka ibu, Purwanti wis kleru bab asuh lan asih. Kanthi nuruti karepe dhewe, Purwanti medhot sesambungane anak lan bapake. Nalika Rendi isih umur sepuluh taun, Purwanti congkrah karo bojone banjur purik menyang Wonogiri karo nggawa Rendi.

Mlebu SMP, Rendi dipasrahake menyang pondhok pesantren. Pangarep-arepe Rendi antuk piwulang dadi anak sing soleh. Nanging ora ngertiya neng pondhok malah Rendi kleru anggone milih kanca.

Resmi pegatan karo bojone, Purwanti rabi maneh karo Teguh, tilas pacare sing wis uga dadi duda. Pranyata Rendi ora sarujuk ibuke ningkah maneh. Dheweke isih duwe impen ibuk lan bapake bisa rujuk.

Nanging Purwanti sing ketaman asmara, kebelet dirabi. Apa maneh saiki kulawargane Teguh katon mulya. Sanajan Teguh minangka anak mbarep mung wiraswasta mbukak warung, warisan wong tuwane akeh, adhi-adhine uga wis padha sukses. Teguh sing mbegogok neng omah uga wis disangoni mobil, montor, lan omah magrong-magrong.

Nalika Rendi mlebu SMA, Purwanti njaluk nggawa anake urip bareng ing Boyolali sanajan isih numpang urip karo maratuwa. Idep-idep supaya anake bisa cedhak karo bapak sambunge lan maratuwane. Sapa ngerti Rendi kecripatan rejeki saka maratuwane. Disangoni sekolah, diragati kuliyah sukembene.

Jane wis akeh sedulur lan kulawarga sing ngelingake Purwanti supaya Rendi becike melu bapak kandunge menyang Kalimantan wae. Jenenge anak lanang lumrahe diwulang dadi wong lanang sejati. Wong lanang sing mandiri lan duweni tanggung jawab. Amarga sukmben bakale dadi calon imam. Pemimpin rumah tangga.

Karana cetha yen ndidik anak iku ora cukup nganggo ukara-ukara thok. Nanging kudu dibarengi karo tuladha. Lha, sing samesthine menehi patuladhan iku ora liya ya bapake dhewe.

Sanajan wis akeh sedulur lan kulawarga sing urun rembug ngandani, Purwanti tetep wae ngeyel. Dheweke sing rumangsa bener malah semaur ngene, “Ora urun mangan, rasah urun saran.”

Luwih-luwih durung suwe iki Purwanti malah mutung nalika ibu maratuwane paring wejangan.



“Rendi ki wis jaka lho, Ndhuk. Kudune kathok njerone ki ya wis dikumbah dhewe. Supaya ora dadi bocah sing wani nglawan wong tuwa,” pituture ibu maratuwa.

Diwejangi kaya mangkono karo ibu maratuwane, Purwanti mbesungut. Dheweke malah ngayawara ngungkit-ungkit prakara maratuwane sing emban cinde emban siladan. Jare Rendi dibedha-bedhakake karo putu-putu liyane.

Oleh tanggepan kaya mengkana, ibu maratuwane trima menengl. Wiwit iku banjur wis wegah cawe-cawe rumah tangga anake.

Sejatine pitutur lawas saka mbah-mbah jaman mbiyen kuwi ngandhut makna kang adi luhung. Bocah-bocah sing tumuju gedhe kudune ajar mandiri lan tanggung jawab saka babagan sing paling cedhak dhisik, yaiku upamane cawik, adus, lan umbah-umbah paling ora kathok njerone dhewe. Lha apa ya ora saru lan isin umpama wis prawan utawa jaka, cawik kok isih dicawiki, adus diadusi, cawet utawa sempak isih dikumbah dening ibuke? Kaya mangkono nek dijarke apa ora sansaya nglunjak? Pungkasane, wong tuwa ilang ajine.

Kabukti. Saiki watake Rendi sing wis kasep iku wis abot diowahi. Kayadene semen sing wis kasep garing. Atos. Mulane, siyap-siyap wae anggone Purwanti, momong bayi gedhe salawase.

 

Endang S. Sulistiya. Pandhemen sastra jawa manggon ing Dukuh Poncol, Pulutan, Nogosari, Boyolali. Lulusan FISIP UNS ingkang remem nulis sastra Jawa lan Indonesia. FB: Lara Ahmad. IG: @endangsrisulistiya.







Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya