SOLOPOS.COM - Peserta peragaan busana mengenakan penutup kepada dengan model khas daerah saat memperingati Hari Batik Nasional di Depok, ,Jawa Barat, Minggu (26/9/2021). (JIBI/Bisnis Indonesia/Arief Hermawan P)

”Srengenge wis angslup, candhikala sumusul dening endahing candra kang nyilak netra. Sapa wonge sing ora gumun?” Candhake Rani kang lagi semendhe lan tangane sedhakep ana ing ngisor wit randu iku katon lagi semruweng.

Rani kang awit sore mau amung ngglubet wit randu mburi omah iku katon durung bisa ngluruh apa kang dadi momotaning pikir. Tangga teparone wis ora gumun maneh marang solahe bocah iku, nadyanta wis surup, yen pikire durung longgar dheweke uga durung gelem mlebu omah. Bab iku ora liya amarga wit randu kang gedhe dhuwur iku pancen wis digawe kanthi tulusing ati supaya Rani bisa betah anggone dolanan ana ing latar mburi omahe.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Latar kang kaetung cukup amba iku katon akeh tanduran mligine kembang–kembangan. Latar kang amba iku diwenehi bandulan, kiwa tengene uga dipasangi bolam limang watt cacah pitu, dicepaki meja siji lan kursi telu dening bapake. Ora suwe adan Magrib kaprungu dening Rani, nanging dheweke sing maune semendhe ana ing ngisor wit saiki tumuju ing bandulane.

“Ran.. gage wudhu banjur jamaah!” Ibune Rani nimbali saka njero omah.

Rani kang sejatine arep tumuju menyang bandulane iku mau mendhem niyatane lan pilih mangsuli apa kang dadi dhawuhe Ibune.

“Inggih Bu.. sekedhap.” Wangsulane Rani. Rani tumuju genthong lan wudhu. Sawise wudhu, Rani langsung ngringkesi buku lan piranti tulise sing isih sumebar ing ndhuwur meja. Dheweke banjur mlebu omah kanggo sumadya tumuju langgar cedhak omahe.

Ekspedisi Mudik 2024

“Ngga Pak…,” pangajake Rani marang bapake kang wis sumadya ing ngarep omah jangkep karo sarung lan kopyahe.

“Alon–alon wae, mundhak kesrimpet.” Bapake ngandhani Rani kang mlaku ora ngawasi dalan amarga sinambi mbenakake sajadah ing pundhake.

“Hehe.. nggih Pak, kula kepingin angsal shaf ngajeng Pak.”

“Lha kok njanur gunung? Wong biyasane lak ya ana shaf nomer telu ta?”

Rani kang rada cepet mlakune iku ora sadhar yen nganthi ndhisiki bapake, “Inggih Pak.. kula kepingin sinandhingan kalih Mbah Mitra.”

“Wo ya wis kana gek mlayu naknu!” Bapake Rani kanthi ngguya–ngguyu nyawang tumindhake anake nadyan sejatine dheweke uga gumun kenangapa anake kaya ngono.

“Inggih Pak.. kula riyin nggih.” Rani kang wus semangat banget selak ketemu Mbah Mitra iku ora nggagas bapake isih keri ana ing mburine, banjur nyincing rukuh lan mlayu tumuju langgar.

Tekan langgar bener wae, Rani bisa manggon sandhinge Mbah Mitra. Sabubare dedonga ngajabake apa kang dadi panyuwune, Rani langsung ngematake Mbah Mitra saka ndhuwur tekan ngisor. Apa wae kang digunakake dening Mbah Mitra iku sawektu dadi pangeling–elinging Rani.

Rani nglirik jarike Mbah Mitra kang pancen mriyayeni banget. Sanadyan Rani neng omah nduwe jarik werna–werna, nanging amung jarik kanthi motif sidamukti tilaraning Mbah kakunge iku kang dadi klangenane. Saben wayah turu lan kapang simbahe, Rani uga gage-gage njupuk jarik iku banjur digegem nalika turu.

Ndilalah, sore iku Mbah Mitra uga nggunakake jarik kang motife sidamukti. Kelakon ora kedhep anggone Rani namati. Sadhar ditamati saka ndhuwur tekan ngisor dening Rani, Mbah Mitra langsung ngluruhi Rani.

“Kepriye Ndhuk? Apa ana sing kurang saka busanaku? Kok awakmu sajak ngemenke pandelengmu marang aku?”

“Oh.. inggih Mbah.. Sejatose kula niku namung badhe ngeling–eling menapa mawon kang dipunagem dening tiyang sepuh kalamben?” wangsulane Rani kang katon kaget diluruhi dening Mbah Mitra.

“Owalah cah ayu.. ya mung ngeneki busanane, prasaja wae lan ora werna–werna kaya jaman saiki.” Durung nganti Rani semaur, Mbah Mitra banjur ngejak Rani metu saka langgar.

“Ayo gage ngadhega! Ora elok jagongan ing njero langgar.” Krungu apa kang didhawuhake marang dheweke, Rani uga gage nglempit rukuhe lan ngewangi Mbah Mitra jumeneng tumuju ana ing njaba langgar.

Rani kang wus ora sabar kepingin nggolek warta babagan jarik iku nganti lali menawa dheweke mau budhal bareng karo bapake. Semana uga Bapake Rani, bubar salat uga langsung mulih.

“Assalamualaikum,” ujare Bapake Rani sinambi ndhodhogi lawang.

“Waalaikumsalam,” wangsulane Ibune Rani, mbukakake lawang.

“Lha Rani nang ndi Pak?” pitakone Ibune Rani.

“Dak kira wis mulih dhisik, apa durung teka?” Bapake Rani njawab kanthi bingung.

“Woalah budhal bareng kok mulih ya kelakon dhewe–dhewe.”

“Lha wong ya ora pamit kok Bune. Nanging, mau pas ameh budhal dheweke kandha yen ameh salat ing sandhinge Mbah Mitra.”

“Wo.. yake Rani mampir daleme Mbah Mitra. Yawis njenengan dhahar riyin mawon Pak!” Ibune Rani sing wis lega kaprungu warta iku banjur cepak dhaharan kanggo Bapake Rani.

Ora let suwe, “Assalamualaikum !” swarane Rani saka ngarepan.

“Lha kae bocahe wis mulih Bune.” Bapake Rani ngandhani Ibune Rani.

“Iyo Pak.. sik dak bukakke lawang sik ya.”

“Mboten sah Buk.” Swarane Rani wis tekan njero omah. Jebul Ibune Rani mau lali ora ngancing lawange, dadi Rani bisa langsung mlebu lan mangsuli ibune.

“Woalah lha kowe kuwi saka ngendi ta Ndhuk, kok mulih ora bareng Bapak?”



“Pangapunten Bu, kala wau kula pancen sengaja manggihi Mbah Mitra kangge ngrembag babagan busana Jawa.” Candhake Rani kanthi blakasutha marang Ibu lan Bapake.

“O.. yawis gage disinggahke rukuhe banjur mangan dhisik.”

Sabubare nyelehake rukuh lan mangan, Rani ora lali uga njlentrehake apa kang dadi panemune. Rani ngandharake kanthi cetha marang Bapak Ibune. Dheweke uga ngandharake kepriye kasile rerembugan karo Mbah Mitra.

Kanthi panjlentrehan iku Bapak Ibune sarujuk lan kepingin bisa ngewangi apa kang diperlokake dening anak wadon siji–sijine iku. Nadyan sedina nuthuk semruwet pikire, kemruyuk prakara kang ngentekake tenagane. Nanging, Rani ora kagol ngono wae. Dheweke kasil anggone netepake apa kang bakal dianakake kanggo mrantasi prakara kang ora trep mring pamanggihe.

Apa kang wis dirembug bebarengan karo Mbah Mitra iku uga dadi pecut kanggo Rani mujudake panemune kanthi tememen. Wengi iki dadi sekaring kisma mring Rani. Dheweke bisa mesem maneh saiki, kaya–kayaa watu gedhe kang dipikul ana ing pundhake awan mau wis diangkat dening ekskavator.

Gumepyaring kartika kang dadi saksi kepriye sungging manis iku ngrembaka. Jarik mbulak iku didudud saka lemari. Digegem, kanggo kanca turu.

Ora krasa kartika lir gumanti bagaskara. Jagone wis kluruk, srengenge wis cumlorot saka wetan, para peksi uga pada muni saut–sautan. Gumregah bocah wadon iku. Nyilakake kemul banjur reringkes paturon. Nyandhak jungkat uga kacamata.

“Sregep temen awakmu Ndhuk, apa ana kagiyatan menyang sekolah dina iki?” pitakone Ibune Rani kang lagi mepeni ing sisih kiduling kolah.

“Inggih Bu, kaleresan menika kula kabageyan sesi setunggal,” wangsulane Rani karo nyandhak andhuk.



“Alhamdulillah, yen ngono mengko bali sekolah gage mulih wae ya. Ibu arep menyang toko nyepakake pesenan roti.”

“Wadhuh.. mangke kula malah badhe mampir ten griyane Sumi niku Bu, kangge ngrembag ingkang kala dalu sampun kula jlentrehaken dhateng Ibu Bapak.”

“Oiya.. yawes yen mengkono kuncine dak delehke ing panggon biyasane wae ya menawa mengko kowe mulih, aku isih lelungan.”

“Nggih Bu.”

Rampung adus, Rani banjur nyepakake apa kang dadi perlune kanggo sekolah. Durung pungkas anggone reringkes, Bapake Rani wis sedya neng ngarep omah kanthi serbet cilik kang diasta. Cetha wae iku mau, kanggo ngelapi pite Rani.

Pancen tresnane wong tuwa marang anake iku ora ana tandhinge. Bab iku mau bisa katon saka tumindhakake Bapake Rani, nadyanta kesusu kayangapa tetep kang dadi perlune anake iku uga didhisikake.

Wong ya, Bapake Rani iku ngasta ora adoh saka ngomah. Bapake Rani iku dadi salah sawijining pegawe pamarentah ing kantor kelurahan. Semana uga ibune nduwe toko roti. Perkara sangu pancen ora bakal kurang, lan uga Rani amung anak wadon siji–sijine. Dadi, lumrah wae Bapak lan Ibune Rani iku mesthi nglodhangake wektune kanggo nyembadani apa kang dadi perlune Rani.

Nalika apa kang diperlokake iku wis sumadya Rani ora lali sarapan banjur pamit budhal menyang sekolah. Satekane sekolahan, Bu Guru enggal miwiti pasinaon dina iku. Dina iku lumaku kanthi lancar, Rani bisa mangsuli kabeh pitakonan kang diwenehi Bu Guru.

Ya wis samesthine, Rani utawa Maharani iku bocah umur 17 taun kang sekolah ing salah sawijining SMA Kutha Solo. Dheweke iku kondhang minangka bocah sing sregep uga krenteg anggone ngudi kawruh, pinter, ora cethil, sopan, bisa kekancan marang sapa wae, lan migunani tumrap liyan.



Bab iku kang njalari Rani ora sarujuk marang busana Jawa kang ora diuri–uri maneh ing jaman saiki. Rani uga nggetuni marang anane globalisasi kang agawe lunturing budaya. Salah sawijining budaya iku mau ya busana Jawa.

Ana ing kasunyatan busana Jawa iku wis dilirwakake dening para panganggone. Akeh kawula mudha jaman saiki wis ora mudheng cara nganggone. Kepara, jarene yen ora nganggo klambi gaya Korea iku diarani ketinggalan jaman utawa kudet (kurang update). Ana uga panemu nalika nggunakake klambi kang dawane kurang utawa cekak iku diarani seksi.

Kamangka, minangka wong Jawa mbiyen iku pancen nggawe busana wis kacocogake dening kodrate wong wadon kang sopan, anggun, lan kudu kajen. Nanging, jamane wis beda. Babagan tata busana iku uga wis gingsir tumrap kahanan. Wong wadon malih ora kajen jalaran ora bisa ngetrapake apa kang digunakake. Menawa kahanan kang kaya mangkene diterus-terusake, bakale wong Jawa iku ilang Jawane.

Anane perkara kasebut gawe gumregeting Rani kanggo ngupayani kepriye carane supaya generasi mudha saiki wiwit nresnani budayane dhewe. Wingi, dheweke uga wis nemoni Mbah Mitra lan njaluk pangestune wong tuwane. Sokur, lampu ijo iku wis ditampa Rani. Dadi, saiki wektune kanggo golek bala.

Pungkas anggone sekolah, metu saka kelas, Rani nyeluk kanca–kancane supaya nglumpuk ing omahe Sumi. Ora amung Sumi, nanging Rani uga ngajak kanca–kanca liyane antarane yaiku Mimi, Nita, Tari, Tami, Tejo, Juna, Jono lan Wiku. Sawise padha nglumpuk, Rani miwiti ngandharake apa kang dadi kekarepane.

“Sugeng siyang para kadhang, ana ing kene aku arep ngaturake panuwunku amarga wis padha sumadya nglumpuk ing omahe Sumi. Dadi, aku arep nggawe kagiyatan kang bakal nggeret wong sadesa iki. Mulane, karepku kanca–kanca kang wis teka dina iki bakal dakdhapuk dadi panitya sing bakal ngurusi apa kang dadi perlune sajroning kagiyatan iku mau.”

Durung nganti pungkas anggone Rani ngandharake apa kang dadi karepe, Mimi kang dhasare bocah criwis iku wis nyelani.

“Lha ameh gawe kagiyatan kaya ngapa ta Ran?”

Kanthi sabar Rani mangsuli pitakonane Mimi.



“Ya kuwi Mi, sing ameh dak rembug babagan kagiyatan iku. Aku kepingin nganakake kagiyatan paragan busana kain jarik.”

“Wah elok tenan kuwi Ran. Aku sarujuk,” candhake Nita karo manthuk-manthuk.

“Aku ya sarujuk. Ning, aku meh mbok wenehi jejibahan apa iki supaya bisa mbiyantu awakmu?” ujare Juna kang katon wis ora sabar kanggo nganakake kagiyatan iku.

“Ya kuwi sing bakal dak andharake dina iki. Dadi, aku wingi wis gawe reng–rengan bab panitya lan jejibahane apa wae. Dak sebutne mengko menawa ana sing ora sarujuk bisa diandharake alesane ya. Sumi lan Juna dadi pambiyawara, Nita ngurusi konsumsi, Mimi milih uga ngajari mlakune paraga, Tari bageyan ndandani utawa ngrias paraga, Tami lan Teja gawe dekor panggung, Jono ngurusi sound system, lan Wiku bageyan tunggu parkir. Nah kepriye? Padha sarujuk pora?” Kabeh kancane Rani, kompak anggone semaur kanthi seru, “Sarujuk!!!”

Atine Rani lega banget krungu candhakane kancane iku mau. Kabeh ora ana sing meri uga gelem nampa apa jejibahane dhewe–dhewe. Kancane uga ora ana kang nulak tumrap jejibahan kang wis didum dening Rani. Bab iku amarga Rani wis mikirake kanthi mateng uga wis dicocogake karo kaprigelane kanca–kancane.

Saka rerembugan iku, njalari raketing kekancan, bunggah anggone nglakoni jejibahan, lan Rani ditampa ana ing sajroning masarakat. Rerembugan dina iku pungkas tanpa anane padudon. Rani gage-gage mulih.

Dina mlaku ngono wae, rerembugan terus kalaksanan kairingan karo nyepakake apa kang dadi perlune. Kayata, ndekor, nggladhi paraga, milih motif utawa corak jarik, nganti nyepakake papan kanggo parkir. Kagiyatan ditata kanthi thirik-thirik saka pambuka nganti pungkasaning adicara.

Tata cara kanggo melu ana ing kagiyatan kayadene paraga kudu wis divaksin, gunggunge pasarta kang teka ana ing kagiyatan kang winates, nganti rega karcis wis katemtokake dening Rani sakanca.

Ngelingi kahanan isih ana sajroning pagebluk Covid–19 mula, Rani sakanca tenanan anggone ngetrapake protokol kesehatan satemah warga desa uga ora kuwatir minangka nganakake kagiyatan. Kanggo njagani pasarta sing lali ora nganggo masker, dheweke uga wis nyepaki masker lan handsanitizer.

Tiba dinane kang wis dianti–anti. Rani lan kanca–kancane uga wis sumadya ing bale desa. Pranala siji mbaka siji uga wis dipesthekake bisa lumaku kaya kang dikarepake. Poster uga undangan wis sumebar kaprungu ing warga desa.

Regudhuk para tamu ngebaki parkiran lan lungguh ana ing kursi sing wis ditata lan dileti siji lan sijine. Kanggo njagani menawa ana kang ora keduman karcis utawa ora gelem nekani adicara sore iku, Rani uga wis ngakon kancane nyoting acara kasebut, satemah para warga tetep bisa nonton lumantar live streaming Youtube.

Siji mbaka siji kagiyatan kang diwacakake pambiyawara lumaku kanthi lancar. Kepara, Pak Camat bisa rawuh lan paring sambutan. Kang paling mbungahake kanggo Rani yaiku nalika Pak Camat ngandharake menawa dheweke bombong banget karo pamanggihe Rani kang bisa mimpin kanca–kancane kanggo ngadani kagiyatan kang ngrembug babagan budaya Jawa.

Ancase ora liya, kanggo nguri–uri budaya Jawa lan ngrembakake rasa tresna marang budaya Jawa mligine yaiku busana Jawa jarik ing satengahe kawula mudha.

Pungkasing acara Rani ora lali ngaturake panuwun marang kanca–kancane.

“Matur nuwun ya kanca–kanca wis padha nyengkuyung bebarengan kagiyatan iki, satemah kagiyatane kasil kaya dene apa kang dikarepake. Menawa saka aku akeh lupute aku nyuwun agunge samodra pangaksama.”

“Iya Ran.. padha–padha.” Mimi kang semangat makili kanca–kanca liyane. Bocah 10 iku mau padha rangkulan uga ngaturake selamat marang siji lan sijine. Kagiyatan wengi iku dipungkasi kanthi bebungah.

“Dhuwer!!!”

Bapake Rani nyumet mercon, ing latar mburi omahe Rani. Ibune Rani amung klecam-klecem neng kursi ngisor wit randu.

Rani nyawang langit kanthi pocap “Sajroning merconku kairing mumbuling pangajab gumebyaring jaya ing angkasa.”

 

Annisa Dian Setyaningrum
Mahasiswa Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa angkatan 2019 Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya