SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Solopos.com, SOLO — Bareng ora sida gandheng reruntungan karo Juminten Ngabehine katon lesu sakdalan-dalan. Lakune kaya kapedhotan katresnan tenanan.

Senajan ta durung nate kencan kaya wong saklumrahe kang padha pacangan, nanging Ngabehine rumangsa dienggo dolanan. Juminten pancen pinter gawe atine rontang-ranting. Sakwise saben dina dikancani ana warung bakmi Jawa kagungane Pak Mardi entek-entekane banjur milih wong liya.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

“Gek mung karo Agus, bocah lor wadhuk kae ngerti apa?” guneme Ngabehine semu ora trima.

Sakdalan-dalan aku sing diundhamana. Ya wis pancen begjane awakku. Duwe kanca cedhak siji wae senengane ngajak kleru. Wis kepiye maneh, wong watake pancen kaya ngono.

Sanajan tangkepku marang dheweke kuwi wis dak anggep kaya sedulur tuwa dhewe, ning kepiye maneh Ngabehine tetep ora tahu rena penggalihe. Karo aku wiwit semana mung tansah nyepelekake. Gek dosaku apa?

“Ora isa karo Juminten ya golek wong wadon liyane. Ndonya ora mung sakgodhong kelor!” Ngono mau clathune Ngabehine semu getem-getem. Sajake pancen anyel tenan karo aku. Aku dhewe ya nggumun, kena apa Juminten pilih ngeboti aku, ya. Apa iki sing diarani jodho?

Ekspedisi Mudik 2024

***

Durung adoh lakune saka warung bakmine Pak Mardi dumadakan Ngabehine weruh wong wadon setengah tuwa kang tawang-tawang tangis ana ngisor wit-witan gedhe sing ana ing pinggir ndalan.

Ngabehine katon cingak. Ana apa iki kok wanci awan panas ngenthang-enthang ngene, wong wadon kae nangis ana ing pinggir ndalan. Coba dak caketane, batine Ngabehine karo mlaku lon-lonan nyedhaki pawongan mau.

“Ana apa Mbakyu, kok nangis ana ing pinggir ndalan wanci bedhug ngene?

Wong wadon mau noleh. Eba kagete Ngabehine bareng mangerteni sapa wong wadon mau. Ora ngertiya jebul kanca sekolahe dhewe pirang puluh tahun kang wis kepungkur.

“Kowe Ten, kowe iki Sarminten, ta. Yagene tangisan ana kene?”

“Iki mau aku numpak ojek saka terminal. Karepku ngono arep tilik wong tuwa kang manggon ana ing kulon wadhuk. Ning apes awakku Ngabehine. Tukang ojek sing dak kon ngeterake aku mau jebul gantholan driji karo kancane, sajake ya preman tenan, wong awake kebak tato,”guneme Sarminten karo ngunjal ambegan.

“Larah-larahe piye ta Ten, kok isa nampa alangan lan nganti keplantrang ana kene kuwi?”

“Sepedha montor sing daktumpaki diendheg ana ing gang sepi kae, banjur dompet, ponsel, lan kabeh penganggonku dipreteli tanpa sisa. Aku mau kok ya ora cubriya ya, nalika tukang ojek menggok ana gang sepi. Dak kira arep ngapa. Ora ngira yen nduweni niat kang ala.” Sarminten bali tawang-tawang tangis.

Ngabehine dadi bingung dhewe.

“Sabar Ten, apa perlu lapuran polisi?”

“Ora sah Mas Behi, mundhak malah dawa urusane.”

“Lha piye Ten, kok kowe malah semu keweden ngono!”

“Pokoke ora Mas, aku tau digawe gela polisi!”

“Digawe gela piye, Ten?”

“Aku rung isa crita, Mas. Mengko wae yen atiku wis lerem.”

“Ya wis sakarepmu, Ten. Aku ya ora pengin meksa awakmu.”

“Banjur aku piye olehe mulih menyang omahe wong tuwaku? Kamangka isih adoh papan dununge.”

“Kuwi mengko gampang, cah ayu!”semaure sajak piye.

Mas Behi wiwit kumat deglenge. Sanajan pawakane wis aro weweg kaya Juminten amarga kegawa umur, nanging Sarminten isih katon mencorong praupane. Jan ora kalah karo artis. Yen perlu kepara ngungkuli. Pikirane Ngabehine dadi saya ngambra-ambra.

“Gampang piye Mas Behi, aja guyon, ta!”

“Gampang ya gampang. Percaya wae karo aku!”

“Mas Behi kuwi, kene serius malah ngajak guyon.”

“Lha kok awakmu mau ora bengok-brengok, Ten. Ngertiya ngono aku ya mlayu mrene, tetulung karo kowe. Aku iki bubar saka warung bakmi Jawa sing ana kana kae.”

“Aku ora wani mbengok Mas Behi, wong diincim nganggo lading!”

“Kok lelakonmu gawe giris ngono Sarminten,”clathune Ngabehine karo nyawang wong wadon kang ana ing pengarepane nganti ora kedhep.

“Kowe isih tetep ayu ngono Ten, ora beda adoh karo nalikane isih ana ing pamulangan mbiyen.”



“Mosok Mas Behi, aja mbeda atiku, ta. Wong awake dhewe iki wis udakara umur seketan taun, kaya aku iki yen diarani ayu ketemu pirang perkara, coba?”

“Tenan lho Ten, kowe pancen awet ayu. Ora mokal yen jaman semana kowe dadi rebutan kanca-kanca nalika isih ana ing pasinaon.”

“Ah, Mas Behi kuwi pancen ora owah. Isih seneng mbeda wong wadon nganti tekan seprene!”

Ngabehine mandeng maneh wanita ing ngarepe kebak rasa sengsem. Pancen ora luput apa sing dikandhakake Juminten, yen Ngabehine kuwi jebulane thukmis. Sarminten sajak semu ora jenjem.

Dudu amarga disawang Ngabehine, nanging dheweke rumangsa bingung piye carane bali menyang ngomahe wong tuwane.

“Banjur aku iki piye Mas Behi, omahku isih adoh, je. Apa ya klakon mulih mlaku. Banjur tekan ngomahe wong tuwaku kapan?”

“Ora Ten, lha kok bali ijen iki mau kowe saka ngendi? Banjur bojomu kok ya ora melu kuwi genahe piye. Apa ora gelem ngeterke, sajak repot banget kuwi, sisihanmu kerja apa?”

“Bojo apa ta Mas Behi, wong aku iki isih legan. Iki mau aku nembe wae mulih saka paran.”

“Dadi kowe durung omah-omah, ta. Aku malah wis arep mantu lho, Ten!” Ngabehine semu rada umuk. Sarminten mung mencep.



“Ora Ten, kok tekan seprene durung omah-omah kuwi apa sebabe?”

“Iki ana gandheng cenenge karo polisi mau.”

“Aku kok dadi bingung dhewe!”

“Kabar sing dak tampa polisi sing tau ninggalake aku kuwi saiki dines ana ing polres kene. Aku durung bisa nglalekake sepira larane atiku nganti tekan seprene.”

Sarminten bali kembeng-kembeng praupane. Ngabehine dadi rumangsa ora kepenak atine. Dadi genahe Sarminten kuwi patah hati jebulane. Mas Behi rumangsa entuk dalan kanggo ngrimuk atine wong wadon kanca sekolahe kuwi.

“Sik Ten, ketoke ana WA mlebu iki,” semaure Ngabehine karo ngrogoh kanthongan kathok. Ponsel banjur didelok, bener pandugane ana pesen liwat japri saka sing wedok. Ngabehine semu njenggirat maca apa isine.

[Pake Kuncung muliha, wong kok sasat ora omah. Apa klakon dak lurug menyang warung bakmine Pak Mardi. Jenenge wong lanang angger ngerti randha anyaran kok ora bisa jenjem nunggoni anak bojo. Mulih apa njaluk dak krawu ampas?]

Ngabehine praupane malih rada pucet. Mboke Kuncung ngerti dhewe, yen lagi kagol atine, ya ngana kae. Bisa dirujak mengko yen tekan ngomah.

“Ana apa Mas Behi kok semu kurang rena. Apa nyonyahmu ya isih galak nganti tekan seprene?”



“Saka ngendi kowe ngerti yen nyonyahku galak, Ten. Mbok aja gawe-gawe. Aku ora penak yen nganti keprungu wong liya.”

“Ora sah selak Mas Behi. Aku wis tau dicritani kancamu menawa bojomu kuwi galake kepati-kepati, tur ya nganggo sujanan. Ya apa ora?”

“Iya,” semaure Ngabehine semu mangkel. Kira-kira sapa ya sing tumbak cucukan? Aja-aja iki pokal gawene Agus. Mengkono pandakwane. Aku maneh sing dadi parang tutuhan.

“Sik Ten dak mbalesi WA-ne mboke Kuncung. Mesakne yen kesuwen olehe ngenteni.”

“Ya wis kono, isa perang dunia tenanan mengko yen ora digagas!” wangsulane Sarminten sajak ngece. Ngabeheni ora imbal. Dheweke gage-gage kirim balesan menyang ponsele bojone.

[Iki aku ya wis arep bali Mboke Kuncung. Kedadak iki mau ana kancaku sing bar kena todhong ing ndalan. Mula aku ya tetulung dhisik!]

[Kancamu sing endi maneh, lanang apa wadon?]

[Wis beres Mboke Kuncung, iki aku ya wis arep bali. Aja kuwatir, sedhela maneh mesthi aku wis tekan ngomah. Wis kono gek dicepakke kopine. Iki aku wis tekan prapatan gedhe cedhak omahe dhewe. Sabar, ya sayang?] Dening Ngabehine ponsel banjur dipateni. Mengko yen tekan ngomah menawa ditakoni sing wedok ngomong wae ponsele ngedrop.

“Sik ya Ten, aku dak njupuk sepedha montor mulih dhisik. Kowe ora kena lunga menyang ngendi-ngendi, lho ya!”



“Ora Mas Behi, dak tunggu sak tekamu.” Sarminten mesem karo manthuk.

Ngabehine lagi arep jumangkah, dumadakan Sarminten mbengok banter banget. Gawe kaget wong kang padha liwat ana cedhake kono. Kalebu Ngabehine mesthi wae.

“Dhik Agus, mandheg dhisik. Aku dak melu nunut slirane!”

“Sapa, Agus maneh? Bocah kok anane mung gawe mangkele wong liya. Mau Juminten wis gagal dak gandheng, apa iki bakal ana lelakon maneh, aku dikiwakke wong wedok gara-gara menungsa sing aran Agus. Sarminten calone ya bablas iki, pancen durung rejeki apa, ya?” Grenengane Ngabehine jroning ati. Dhadhane prasasat kaya dikilani.

“Aku dak bareng dhik Agus wae ya, Mas Behi. Aku ora sida ngrepoti sampeyan.”

***

Mas Behi legeg nalikane Sarminten nyengklak ana jok mburi. Sepedha montor banjur dak gas banter.

Aku dhewe kesusu pengin tekan ngomah amarga mendhung katon nggembuleng ing ndhuwur dalan sing arep dak liwati. Aku ora perduli menawa Ngabehine atine tambah runtik.

Aku iki bener wae katon ala kanggone Mas Behi. Apa maneh yen dianggep luput. Wis gedhe tuwa mesthine bisa ngerti dhewe. Sarminten rangkulan kenceng ana ing bangkekanku. Saka kaca spion dak tonton Ngabehine katon cuwa banget. Ya wis ben dudu urusanku. Wong niatku ngono ya mung tetulung. Ewadene ana sing nanggapi ala ya mangga kersa!

Sukoharjo, 26 April 2022

Nuryadi Kartono
Pandhemen Sastra Jawa, dedunung ing tlatah Sukoharjo.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya