SOLOPOS.COM - Istimewa/Dok.Pawiyatan Pambiwara Bupati Karanganyar, Juliyatmono, tapak asma nalika ngresmekake Gedung Sanggar Budaya Jawa, Lembaga Kursus dan Pelatihan (LPK) Parikesit, Karanganyar, Rebo (31/3/2021).

Solopos.com, KARANGANYAR -- Akeh sing kandha bilih kabudayan Jawa saya suwe sansaya ilang. Nanging akeh adat Jawa sing nganti tekan saiki isih diugemi dening masarakat. Adat kasebut yaiku pambiwara Jawa. Pambiwara mawa basa Jawa isih diugemi banjur ditrepake ing maneka kagiyatan adat. Contone sing paling kerep yaiku ing adicara mantu.

Sanadyan ora mapan ing tanah Jawa, akeh keturunan Jawa sing ngetrepake adat kejawen nalika mantu anak-anake. Ngetrepake adat tradhisi kang urut wiwit saka seserahan, siraman, dodol dhawet, panggih, balang suruh, lan liya-liyane. Saben urutan mesti nggunakake pambiwara minangka pambuka lan panuntune adicara.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Dhosen Sastra Jawa Fakultas Ilmu Budaya (FIB) Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Supardjo, nalika diwawancara Solopos.com ing adicara Purnawiyata Siswa Pambiwara Angkatan XVII, Lembaga Kursus dan Pelatihan (LPK) Parikesit, Karanganyar, Rebo (31/3/2021), ngandharake manawa kabudayan Jawa pancen isih diugemi dening masarakat. Buktine isih akeh masarakat sing ngadani tata cara mantu tumrap adat Jawa lan liya-liyane.

“Kabudayan Jawa isih akeh sing nguri-uri. Ananging kadhangkala ana sing isin-isinan ngakoni. Tuladhane yaiku, isih akeh wong Jawa sing ngadani mantu mawa adat Jawa, ngetrepake petungan Jawa nalika lelungan, lan liya-liyane,” kandhane.

Ekspedisi Mudik 2024

Luwih saka kuwi, saben adat Jawa ngandhut piwulang kang mligi. Kudu tansah diuri-uri aja nganti ilang katrajang jaman. Mula ora kaget manawa Supardjo lan pandhemen kabudayan liyane padha nyengkuyung nalika ana pawiyatan luhur kang ancase ngleluri kabudayan. Contone yaiku Sanggar Budaya Jawa, Lembaga Kursus dan Pelatihan (LPK) Parikesit, Karanganyar.

Pawiyatan kanggo ngleluri kabudayan Jawa iku mbukak kelas pambiwara, gamelan, rias, lan beksan Jawa. Pawiyatan iku disengkuyung dening para pandhemen kabudayan saka Keraton Kasunanan Solo, uga dhosen ing kampus UNS utawa ISI Solo. Dina Rebo (31/3/2021) wingi, Supardjo uga diundang ing adicara peresmian Gedung Sanggar Budaya Jawa, Lembaga Kursus dan Pelatihan (LPK) Parikesit. Adicara iku dirawuhi dening para pandhemen kabudayan, guru lan murid Parikesit, uga Bupati Karanganyar Juliyatmono.

Sujarah

Parikesit kalebu pawiyatan lawas. Kira-kira ngadeg ing taun 1997. Sakbubare iku banjur diresmekake dening notaris ing taun 2008. Kira-kira setaun kepungkur dibiyantu dening pamarentah amrih bisa mbangun gedhung anyar. Gedhung iku banjur diresmekake ing dina Rebo wingi.

“Biyen durung duwe lemah. Banjur guru-guru padha urunan tuku lemah. Dibiyantu pamarentah mbangun gedhung, banjur dadi kaya saiki,” kandhane pangarsa pawiyatan kasebut, KRT Suyoto Condro Diningrat, Rebo.

Condro ngandharake manawa pawiyatan iku bisa narik kawigatene masarakat kang kepingin sinau babagan adat Jawa. Murid-muride sumebar tekan ngendi-endi. Mligine saka Karanganyar, Sukoharjo, Sragen, nganti Yogyakarta.

Condro mratelakake nganti saiki wus bisa misuda 23 angkatan kelas pambiwara. Saben angkatan ana 25 wong nganti 30 wong. Wektu sinaune saben angkatan kira-kira 7-8 sasi. Sawise iku ana kelas ujian, banjur diadani adicara purnawiyata tumrap para siswa saben angkatan. “Muride ana sing nom, tuwa, lan liya-liyane,” kandhane.

Salah sawijining murid ing LPK Parikesit, Wiyakta Purwadi, 33, seneng banget bisa sinau ing pawiyatan kasebut. Ancase sinau pambiwara yaiku amrih bisa mbiyantu bebrayan nalika ana kang ngadani adicara kanthi tata cara Jawa. Luwih saka kuwi, dheweke uga kepingin ngleluri kabudayan Jawa.

Wiyakta ngandharake manawa sinau pambiwara mligi banget ing jaman saiki. Mawa pambiwara iku dheweke bisa sinau akeh banget babagan kabudayan jawa. Salah sijine yaiku cara nggunakake basa Jawa kanthi laras, leres, lan lumrah. Ing pawiyatan iku uga diajari kawruh gendhing lan nabuh gamelan.

“Kula asli Jawa, kedahipun nguri-nguri budaya. Minangka kupiya ngleluri kabudayan. Iki uga minangka cara amrih generasi mudha ngerteni lan ngrumat basa Jawa,” kandhane.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya