SOLOPOS.COM - Saperangan bocah mbabar beksan Krido Warok ing Alun-Alun Ponorogo, Jawa Timur, Rabu (15/6/2022). (Ronaa Nisa’us Sholikhah)

Solopos.com, SOLO — Beksan Krido Warok cukup kondang ing Ponorogo, Jawa Timur, amarga ajeg dipentaske bareng pentas Reyog. Beksan Krido Warok uga ngandhut sujarah lan kebak piwulang sajroning obahing awak, tangan, lan sakabehe.

Nalika pengetan Hari Anak Nasional (HAN) sawetara wektu kapungkur, beksan Krido Warok dibabar dening 19.271 bocah saka saindenge Ponorogo. Pentas beksan iku banjur diganjar rekor donya saka Museum Rekor-Dunia Indonesia (MURI), Rebo (15/6/2022), ing Alun-alun Ponorogo. Saliyane kuwi, Bupati Ponorogo Sugiri Sancoko uga sengaja nepungake budaya marang bocah wiwit isih cilik.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Budayawan Ponorogo, Gondo Puspito, mratelakake beksan Krido Warok diripta pisanan taun 1996. Rikala semana, bab beksan Krido Warok diputusi saka sarujuke para seniman ing Ponorogo.

“Beksan iku banjur digawe buku lan dijenengi buku kuning,” ujare nalika ditemoni ing daleme, Kelurahan Paju, Ponorogo, Rebo.

Tujuwan beksan Krido Warok diripta jalaran durung ana jinising beksan kang nggambarake blegere warok. Saliyane kuwi, beksan iki digawe kanggo nggenepi adicara festival kesenian Reyog Ponorogo.

“Dadi sakabehing polah nalika mbabar beksan iku nggambarake watake warok,” ujare.

Mula jroning beksan kuwi luwih akeh nggambarake seni bela diri utawa gladhen keprajuritan warok. Gondo ngarani bakune beksan kuwi yaiku adu gores utawa kempol, adu tangan, adu sirah utawa macanan, lan sara gampa. Sara gampa iki nggambarake tradhisi masarakat Ponorogo kanthi cara padha-padha menet pundhak.

“Geladhen keprajuritan warok iki sing didadekake beksan,” pratelane Gondo.

Saliyane kuwi isih ana sing apik maneh. Gondo nyebutake ana saperangan gerakan kang nggunakake kolor sapi utawa diarani gamane warok. Kolor iku uga lumrah diarani usus-usus, wujude dawa lan warnane putih.

“Bab kuwi ngemu teges dadi manungsa iku kudu sabar lan tansah suci. Mula gamane kuwi suci,” ujare.

Gondo mratelakake tegese Krido utawa kridha yaiku nyambut gawe, makarya, lan gelem obah kanggo tandang gawe. Kang diarani warok iku nggambarake blegere utawa wujude. Mula, jroning pentas beksan Krido Warok iku ngandhut piwulang sarta ngemu teges bab warok.

“Iki kabeh bisa ditampa minangka kupiyane kabeh pehak kanggo nggiyarake warisan budaya marang kawula mudha Ponorogo supaya gelem nguri-uri budayane dhewe,”pesene Gondo.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya