SOLOPOS.COM - Teh racikan alias oplosan yang menjadi salah satu oleh-oleh khas Solo. (Solopos.com/Chelin Indra Sushmita)

Sakplastik Wedang Teh

wedang teh plastikan sing temangsang
ana wit-witan prapatan dumadakan crita:
aku iki mung sadrema gambaran pepake perjuwangan

Promosi Pemilu 1955 Dianggap Paling Demokratis, Tentara dan Polisi Punya Partai Politik

Piye gerus getire
golek gogrokan cuwilan pangan
ana ing amuke panas sing mobal tengah kutha
nalika rasa nggiles krasa teka

tanganku mung isa ngathung kaya guritan kecemplung
sepada mbaka sepada kerakit kanthi rekasa
nanging mung tlapak amba
nampek mripat tanpa bisa kacegat

Ekspedisi Mudik 2024

riyaya iki aku balik nyusuh menyang bruwet ndesa
seminggu maneh keterak bali njegur sumup kutha
mbok menawa mengko ana tangan kemlawe
teh plastikan seminggu kepungkur sing cemanthol kae
bakal tak uyub merga kena panase srengenge.
Tlogosari, 2022

 

Wedang Teh Cemceman

wedang teh racikan sing kependhem cem-ceman gandane arum

Ngrubunge teh sing kemampul
mertandhani ngajak kumpul
ana gerdhu prapatan karo mbabah jagongan

teh rasa gandem marem iki asil racikan saka pirang-pirang pacoban tekan pirang-pirang takeran
kajumput saka loro tekan lima merk
ngenthelke rukun akehe pengarep

yen mripatmu wis krasa mbleret
ujug-ujug bisa wae bali awas
cara nyawangmu krasa bregas
nggrayangi urip ora kesleo was-was

teh campuran saka pirang-pirang pabrik
kekuras nganti cbuthek angkir-gelase resik
nekuk awak lungkrah dadi gagah
nganti sesuk isih kober ndhangkeli tunggak tekan
matun sak kedhok sawah kimplah-kimplah.
Semarang, 2022

 

Teh saka Njero Kerdhus

teh sak kothak kerdhus tak borong
ngusung mekroke ati dadi plong
isine patlikur, milang bocah-bocah dadi akur

ora perlu ribet cepak gelas cangkir, genep
tutup lan tatakan – nampan sing temangsang
merga kabeh kudu bali ngelapi mbaka siji
durung anggone nata ana tlatah meja kaca

yen wis rampung kudu diisahi
akeh sing padha iren lan mblenjani
mbledhos dadi rerasan
nadyan puluhan taun isih kelingan.
Semarang, 2022

 

Teh lan Kopi Anget

melu rapat ana hotel, teh lan kopi wis cetha dhewe-dhewe adhahe
milih kopi wedi ora bisa turu
milih teh kurang semriwing gandane kaya celathunmu
“aku pilih kopi campur teh
kareben rasa lelorone keconggah kabeh”
nanging bareng sliramu nganggep aneh
tak toleh jebul malah nyoba
segere ora gawe kuciwa
mengko yen ana pitakonan: ngombene apa
dadi telung werna
teh, kopi lan campuran sing gawe guyonan.
Semarang, 2022

 

Teh Nyemek-Nyemek

: Mbok Sastro Siyam
tesih kemutan Mbah Sastro? Teh nyemek-nyemek
ingkang panjenengan paringaken kaliyan ngliga
kula sampun maca kanthi lantip cetha
kutang cemeng ingkang sampun pinten-pinten taun
sajakipun mboten nemoni bosen
nutup primpen kisutipun hawa nepsu ingkang sampun gumlethak dangu

warung bakmi niki kraos dados aji-aji
sanadyan rasane kepyur ngalor ngidul
ilat kula dereng kethul
“Limalas rupiah Le, komplit karo kepyur kacang brudhul gurih gorenge,” semaur panjenengan
nggenepi teh nyemek-nyemek ingkang pun banrol
gangsal rupiah kanthi rumus matematika nggenah
teh nyemek-nyemek raos kepyur madu
kadeleng winates pun sruputi para suhu
kula namung mesem, durung duwe pametu
kok wis wani ngincipi teh nyemek-nyemek mau
apa maneh mlangkring ana lincak gerang
sing tentrem kanggo jagongan.
Ngambil-ambil, Nguter, 2022



 

Teh Diselipi Jeruk

segelas teh gelas ukuran dhuwur
mbok selipi irisan jeruk lemon bagiyan lambe
yen mlebu restoran wangi; jenenge lemon tea
aja kaget yen regane ndedel netel
padha karo rega sega, kopi kenthel lan lawuh muntel-muntel

teh lan jeruk anet sing mbok suguhke mbiyen
gawe pikiranku kebak taren
geneya nggawene ora kesuwen?
mbok menawa rembug katresnan ben gampang kedaden.
Wonogiri, 2022

 

Sak Ceret Teh

nalika ngirim sega lan lawuh jangan gori
kacang tholo menyang galengan sawah
sak ceret teh sing isine kebak
bakal gage miyak
seret gulu lan buthek pikiranmu

rega rabuk ndedel
polah manuk pating kleper
walang padha balapan ngomyang
apa bakal kabeh ilang nalika bareng madhang?!
“Ilange mung sedhela merga pikiran kejiret rasa,”
bubar kuwi
kahanan sawah bali ngentepi.
Semarang, 2022

Budi Wahyono, lair ing Wonogiri. Geguritane kasebar ing maneka warna media massa lan pirang-pirang antologi. Saiki manggon ana ing pinggiran kutha Semarang 50195.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya