Erlin lungguh ing kursi taman kang endah, kaya kursine sultan. Lungguh ijen karo nyawang kembang anggrek kang dadi klangenane swargi Faris. Yen miturut Mbok Marni, anggrek iku klangenane Erlin, mula Faris uga seneng banget karo anggrek. Kabeh kang dadi klangenane Erlin, Faris mesthi banjur uga seneng.
Netes luh saka mripate Erlin, anggrek bulan warna putih kang lagi mekar gambyok, nambahi kaya kekiris atine, banjur eling Faris bojone kapindho kang tumekaning pati. Faris bojo kapindho kang blas ra digape dening Erlin. Erlin ora nduwe rasa tresna marang Faris amarga anggone bebojoan karo Faris mung merga saka pandheseke Faris kang duweni krenteg nyekolahne anak-anakke Erlin nganti rampung. Mula saka kuwi Erlin banjur gelem.