SOLOPOS.COM - BUAT HIASAN -- Pekerja membuat hiasan di Bangsal Kepatihan, Yogyakarta, Senin (17/10/2011). Sebanyak duaratusan hiasan antara lain berupa penjor dan kembar mayang dibuat untuk memeriahkan pernikahan putri bungsu Hamengku Buwono X, GKR Bendara dengan KPH Yudanegara. (JIBI/SOLOPOS/Agoes Rudianto)

Solopos.com, SOLO — “Mas Janto! Mas!” Ana sing ngundang aku. Anggonku mlaku ana ing koridor kelas iki banjur mandheg. Dumadakan wae ati tratapan, samsaya cedhak, samsaya ra karuwan rasa ing njero dhadha.

Lintang, bocah wadon sing celuk-celuk jenengku mau. Dak akoni, wis suwe aku nyimpen rasa iki. Rasa kangen nek sedina wae ora krungu swarane.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Lintang, kancaku wiwit lulus SMA nganti saiki bareng kuliyah neng universitas sing padha. Namung beda angkatan lan jurusan. Aku njupuk jurusan menyang atine, eh malah dheweke ora menehi dalan. Horotoyo.

Ah, Lintang, polahmu isih kaya biyen, ceplas-ceplos, renyah kaya karak gorengane ibu. Aku mung isa mesem nyawang dheweke. Adhik tingkatku iki pancen suwe-suwe gawe gemes atiku.

“Wes sida ketemu, Pak Ari ta, Mas? Piye hasil revisine? Wah nek Mas Janto mesthi ora nganggo revisi maneh ya, Mas. Wis lancar jaya,” ujare Lintang njejeri lakuku. Dheweke ngerti wae nek dina iki jadwalku konsultasi karo dhosen killer, Pak Ari.

“Padhakne bis wae, Lin. Lancar jaya. Ya nek revisi ki wajar. Ben sempurna,” semaurku. Ora wani suwe nyawang netrane sing bunder bening kaya cahyane wulan, gur nambahi rasa sing ora bisa dak gambarake maneh.

Ekspedisi Mudik 2024

“Mas, nyang kantin yok. Wis suwe aku ra jajakne sampeyan. Gur repot ngurusi skripsi wae.”

“Ora kuwalik ta iki. Biyasane aku sing mbok kon mbayari.” Bocah wadon ayu kuwi melu ngguyu. Dekik pipine samsaya cetha, nambah manis olehe ngguyu. Ealah ati, kaya ngene iki ta rasane nandang kasmaran nanging ora wani blaka, batinku celathu.

Tangane sing kebak buku kandel, banjur diselehne ing meja kantin.

“Serius iki, Mas. Aku genten sing njajakne sampeyan. Wes ta ndang, arep dhahar apa? Sisan ngunjuke, Mas.”

Nyawang sliramu aku wis ora luwe lan ngelak, Dhik. Sepisan maneh batinku celathu, namung isa dak batin, ora isa kewetu.

“Mas, kok malah ngalamun. Bakso karo es jeruk ya, Mas,” ujare karo nyenggol pundakku.

“Manut sing njajakne wis,” aku manthuk pratandha sarujuk. Gegojegan karo Lintang, gawe ayem atiku. Sedhela isa nglalekake revisi skripsi bab papat saka Pak Ari. Sesuk isih ana wektu.

“Mas Janto, nek bar lulus mengko, arep lanjut nyang endi, Mas?” Dak sawang bocah wadon sing lungguh neng sandingku iki nyambi ngelusi buku-bukune. Jilbab werna biru sing dienggo, nambah ayune.

“Durung weruh, Lin. Nek penginku ndang rabi wae jane. Ning sing dak ajak durung gelem, Dhik.”

“Sapa Mas? Mbok aku ditepangne? Wong ngendi, jenenge sapa. Engko aja-aja aku malah ra mbok undang, Mas.”

Jenenge Lintang Widyani. Deg. Kaya ombak mecah watu karang, atiku rasane kemepyar. Namung isa nyebut jenenge saka njero ati.

“Gampang. Suk emben dak kenalne. Ayo mulih, Lin. Aku selak nggarap revisianku.” Alesanku muga wae isa kanggo ngadem amuk rasa jiwaku. Aku pancen durung wani blaka babagan rasa tresna marang dheweke. Sanajan wis suwe anggonku kekancan karo Lintang.

Swasana kantin kampus wis lekas sepi. Aku sakloron banjur metu saka panggonan mau. Lintang bali menyang kelase, aku dhewe mbacutne laku tekan perpustakaan. Kudu golek referensi tambahan kanggo ngompliti data. Rampung semester wolu iki, aku kudu wis wisuda.

***

Wis kaya adate, nek wayah tanduran pari padha mbledug, Bapak banjur ketok ubet gawe ubarampe kanggo nggesah manuk ing sawah. Mbledug kuwi kahanan tanduran pari sing tumungkul merga wis kebak isi saben wohe. Werna tanduran parine uga wis semburat kuning.

“Manuk jaman saiki ki ora kaya manuk biyen, Jan,” pocape Bapak tanpa leren anggone nglebokake krikil ana ing njero trontong tilas wadhah susu. Banjur digapit karo pring sing wis cumepak ana ing sandinge. Sawise digapit karo kayu, banjur dipaku.

“Diuyak mendel mawon njih, Pak. Malah semu ngece.” Sak nalika Bapak mesem krungu sauranku.

Gegambaran swasana sawah amba kebak tanduran pari, dumadakan liwat ing pikiran. Sawahe Bapak pancen kapetung amba. Ana kira-kira patang pathok. Persis ana sisih kidul dhewe mepet kali proyek. Nek pas ora repot urusan kampus, aku mesthi tansah sumadya ngewangi Bapak.

Dadi anak lanang siji-sijine ana ing kulawarga iki, aku kaya kudu bisa tumandang gawe ana ing ara-ara. Wayah mopok galengan, aku ya melu nyemplung gupak lendhut sawah. Wayah matun, saben esuk aku nggawa sorok, dak jepit ing boncengan pit onthel.

Gowes bablas matun, karo sangu sega pecel sing dak tuku saka nggone Yu Narti. Nek mung kulit dadi ireng merga kenek sorot srengenge, aku wis ora kaget. Dadi kelingan ature Pakde Ratno biyen nalika isih sugeng.

“Rasah isin dadi anake wong tani. Ora ana tani, apa bisa awake dewe mangan sega?” Pakde Ratno aweh semangat.

Pancen bener, arepa bisa tuku beras, nanging nek ora ana petani, lha arep sapa sing nggarap sawah? Sapa sing gelem gupak endhut lan panas-panasan ana ing ngisor sorot srengenge?

Mula banjur aku manteb njupuk jurusan Agrobisnis ing Fakultas Pertanian. Saliyane merga aku seneng nggulawenthah tanduran, aku uga seneng babagan bisnis pertanian.

Saliyane kuwi, aku ya kepengin ngawujudake impenku wiwit biyen. Urip ana ing ndesa ning isa tetep produktif. Bisa paweh kabecikan tumrap lingkungan sekitar.

Alon-alon aku ngajak kanca karang taruna gawe bedhengan kanggo ngingu lele organik. Nganggo tanduran azola sing bisa digunakake kanggo pakan ternak.

Saliyane alami, wis akeh kang mbuktekake, nek ngingu lele kanthi nggunakake tanduran azola kuwi luwih ngirit dhuwit. Budi daya lele organik iki pancen durung ana neng ndesaku. Mbok menawa uga aku bisa nyalon lurah. Nek iki pengangen-angen sing kedhuwuren.

Tangan sepuh Bapak isih kuwat njunjung bentelan pring sing wis dipasangi trontong tilas wadhah susu kang diisi krikil mau. Alon-alon bentelan mau dak unggahne neng jok mburi montorku. Dina iki kudu rampung nancepne memedi manuk iki. Tali rafia sakgulung wis cemanthel neng ngisor setang montor.



Muga-muga isa gawe buyar manuk emprit sing ora kapok anggone menclok. Sakgulung jala plastik ukuran kira-kira sepuluh meter bakal dak jembreng ana sak ndhuwure pathok sawah. Ben kaya sawahe tangga, ketutup jala amba. Tujuwane ya mung siji, nyuda emprit sing ndhisiki manen woh pari.

Bar iki, tugas kampus wis ngawe-awe njaluk digarap. Watara seminggu sesuk aku ora bisa mbantu Bapak. Skripsiku kudu ndang final.

***

“Lintang ki sapa, Jan?” pitakone ibu, sajak semu golek sisik melik Aku durung bisa tangi. Awakku kaya ora nduwe daya. Arep ngobahne sirah, nanging dumadakan krasa kaya mlebu ing puseran. Mubeng-mubeng, banjur netraku nutup maneh. Aku durung bisa semaur.

“Janto, isih mumet, Le? Awakmu semaput kawit wingi. Panas. Gur nyebut jeneng Lintang wae. Lintang ki sapa, Ngger,” tangane Ibu ngusap rambutku.

Ya Allah, aku lagi isa eling. Rong dina kepungkur sawise ketemu bocah wadon geganthilane atiku.

Aku nggeblag saknalika krungu kabar sing gawe jantungku kaya oncat saka panggone. Undangan werna wungu sing diterake Bima, dhuh… gawe remuk atiku. Lintang sing dak gadhang-gadhang jebul mung isa dak sawang.

Jodho pancen tan kena kinira. Lintang jebul arep dirabi Ryan. Kancaku uga sak angkatan biyen jaman SMA, nanging beda sekolahan. Ora ana angin, ora ana bledheg lha kok undangan sing dak waca iki wis gawe ambyar. Iki dudu ngimpi. Iki pancen kasunyatan sing kudu dak adhepi, sanajan pait rasane.

Tresna ora salah. Sing salah kuwi anggonku ngampet rasa sing kebacuten. Watara semenit, aku bola-bali unjal ambegan. Istighfar bola-bali dak ucapne. Lha wong tembe winginane atiku bungah tanpa upama.



Astaghfirullah… sepisan maneh lambeku ngucap dikir. Sawise rada katrem, dak coba tangi. Dak sendhekne gegerku ana ing tembok kamar.

“Bu, tulung, Bu. Janto ngelak.” Swaraku metu alon banget. Ibu sing isih nunggu ing pinggir dipan banjur ngadeg, njupuk sak gelas teh anget sing wes sumadya ing nakas.

“Iki, alon-alon. Arep maem pa piye, Le?”

“Mboten, Bu. Ngeten niki riyin. Kersane tenaga kula saged pulih. Dingapuro njih, Bu. Sampun damel Ibu kuawtir.” Dak gegem tangane ibu, kareben ora pati mikirne kahanan anake. Aku wis ra papa.

Ya Allah, kok aku isa nganti lembek kaya rambak kecemplung duduh sop. Ora isa, aku kudu pulih sak uni-uni. Aku kudu lunga sak untara wektu kanggo ngleremake ati.

***

“Pak, Bu. Alhamdulillah kula sampun lulus. Matur nuwun Pak, Bu.”

Kanthi rasa bungah, dak rangkul wong tuwaku sakloron. Wis lega saiki. Kaya sing wis dak rencanakake, aku kudu ngedhemke pikir. Karo golek wektu sing pas, arep matur Bapak.

“Pak, kula ndherek Pakdhe Gathot ten Cirebon njih, Pak?” Alon-alon anggonku matur. Sore iku, sengaja Bapak dak ajak metu saka ngomah. Mlaku-mlaku ana ing sak pinggire Kali Bengawan neng lor ndesa.



“Jare proposalmu menyang Pak Lurah wingi kae wis gol, Le? Lha kok malah arep mbok tinggal lunga ki karepmu kepiye? Kaya Aziz sak kanca nek mbok tinggal ngurusi kolam lele organikmu kuwi apa ya isa?” Sorot netrane Bapak kaya kebak pitakonan.

“Badhe madhangne ati riyin, Pak. Kados dereng saged nampi kasunyatan niki,” nek karo Bapak aku ora bisa goroh. Pancen wektu iki atiku isih kaya kobong. Abang ireng rupane. Wewayangane Lintang ora bisa ilang saka pengangen-angenku.

“Isih mikir Lintang?”

“Pramila menika, Pak. Kula dak kesah rumiyin. Kersane saged nglipur ati.” Ampeg rasane atiku, nyawang wanita sing dak tresnani jebul wis ana sing nduweni. Bapak banjur ngelus pundakku.

“Le, Janto. Bapakmu iki mbiyen ya tau, Le ngrasakne wuyung kaya sing mbok rasakne saiki, Le. Ambyar rasane urip. Ning ya ora banjur mutung ngene iki. Ibarate nebus kembar mayang, bapakmu biyen iki wis nglakoni lamaran nganti tekan ngetung dina. Ning nek urung jodho, arep dikepriyekake wae ya ora bisa gathuk, Ngger.” Aku gur meneng krungu critane Bapak.

“Kuwi kedadeyan sak durunge Bapak ningkah karo ibumu. Nek nuruti rasane ati ya kudu lunga wae saka desa kene, Le. Lha ning nek Bapak biyen sida lunga, ora ana maneh sing bakal nerusne garapan sawahe Kakungmu. Wis ta, percaya karo Bapak. Ana sing luwih apik tinimbang Lintang. Isih ana wektu akeh kanggo nugar kembar mayang sing luwih apik, Le.”

“Wis ngerti durung kowe, Jan. Tegese kembar mayang ki apa? Bocah enom saiki racake akeh sing lali karo kabudayane dhewe.” Pitakone Bapak namung bisa dak wangsuli karo mesem.

“Lha tegese napa, Pak?” Ora wurung aku ya kepengin weruh maknane kembar mayang kuwi apa. Nek blegere kembar mayang aku wis kerep weruh.

Sepasang debog dhuwure meh sak ukuran uwong, dirias komplit nganggo janur, kembang melathi, pudak sarta kembang merak. Janure dianyam rupa walang. Uga ana sing rupa kaya keris. Woh nanas, apel lan jeruk uga katut dinggo ngrias awak kembar mayang sisih ndhuwur dhewe.



Makna filosofi kembar mayang dhewe aku durung weruh. Kanggoku ana sing luwih wigati timbang nggoleki babagan kaya ngono.

“Kembar mayang kuwi cacahe loro, Jan. Ana sing karan dewandaru karo kalpandaru. Kuwi mono kanggo nggambarake wong kang jejodhowan. Kudu linambaran pirang-pirang rasa. Nek perkara tresna malah keri dhewe, Jan. Ning rasa panriman kuwi sing kudu dadi paitane wong sakloron anggone nglakoni urip. Nglakoni omah-omah.” Bapak mbacutake ature.

“Coba saiki, Jan. Wis arep nyedhaki dina sing wis dietung kanthi njlimet kok ya meksa gagal wae. Bapak biyen wis tau nek gur ambyar, Le. Tatu rasane. Ning ya ora terus nglungani, Jan. Janto anake Bapak kudu dadi priya sing satriya.”

Swara banyu Kali Bengawan gawe ayem atiku. Sanajan durung mari tatu iki, nanging apa sing diaturake Bapak bener lan pener.

Ora perlu sumingkir nek malah mung nambahi pikir. Lakuku samsaya manteb, nyawang ambane tanduran pari neng sawah sing wis tumungkul. Tatu atiku bakal mari. Aku yakin, sedhela maneh bakal nugar kembar mayang kanggo sulihe Lintang.

Sukoharjo Sisih Kidul
Pungkasan Mei 2022

 

Enny. Ibu rumah tangga sing seneng nulis lan ora bosen sinau babagan literasi. Uga tasih remen ngancani bocah-bocah cilik ing lembaga PAUD KB Insan Kamil Desa Karangasem, Kecataman Bulu, Kabupaten Sukoharjo.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya