SOLOPOS.COM - Festival Dolanan Bocah diadani ing Rumah Kebudayaan Dalem Joyokusuman, Solo, sawetara wektu kapungkur. (Solopos - Ika Yuniati)

Solopos.com, SOLO — Dolanan kayata jamuran, dhelikan, lan lumpatan kaya-kaya wis angel ditemoni. Bocah cilik jaman saiki luwih seneng dolanan handphone (HP) tinimbang dolanan tradhisional.

Akeh-akehe padha milih dolanan sing nggunakake sarana HP kayata TikTok, Instagram, lan sapiturute. Wis pokoke bisa ngglenik dhewe, ora preduli marang liyan.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Beda karo dolanan bocah jaman biyen sing ora nggunakake sarana HP. Ya kayata jamuran, dhelikan, lan lumpatan ngono kuwi. Kabeh dolanan tradhisional mesthi uga dilakoni bareng-bareng. Saora-orane ana wong loro utawa telu sing melu nyengkuyung. Mula krasa gayeng, krasa guyub, lan bisa luwih ngraketake paseduluran.

Dolanan jamuran contone. Jaman biyen, bocah-bocah padha seneng nglumpuk dolanan ing latar. Lumrahe sawise sinau. Apa maneh manawa padhang bulan. Anggone dolanan tambah regeng lan gayeng. Dene saiki, dolanan mawa HP mung bisa dilakoni cah siji.

Saupama dolanan bebarengan, ya padha anteng-antengan, ora ana swara apa-apa. Kabeh padha repot ngobahake driji ing HP-ne dhewe-dhewe, mripate nyawang HP, pikirane sepaneng, kalamangsa bengok-bengok dhewe nalika ora bisa neluke mungsuhe.

Kutha Solo minangka kutha seni tradhisi lan kabudayan duwe krenteg ngleluri dolanan bocah amrih ora ilang. Salah sajining carane yaiku ngadani adicara Festival Dolanan Bocah.

Adicara iku diadani dening Dinas Kebudayaan Solo. Pangarsa ing Bidang Kesenian Sastra dan Bahasa, Dinas Kebudayaan Solo, Suhanto, mratelakake festival iku sejatine dadi adicara taunan Pemkot Solo.

Nanging taun wingi ora diadani amarga ana pagebluk Covid-19. Taun iki diadani maneh ing Rumah Kebudayaan Dalem Joyokusuman, Setu (27/11/2021) lan Minggu (28/11/2021).

Pasartane mung 10 pepanthan seni ing Solo. Sing pentas ya bocah-bocah cilik sing isih SD lan SMP.

“Sing krenteg melu akeh banget. Ana atusan pepanthan lan sanggar ing Solo. Nanging amarga mangsa pageblug ngene, sing dijupuk ya mung 10 pepanthan,” kandhane Suhanto.

Maneka warna dolanan bocah dipentaske ing festival iku. Ana dolanan jamuran, dhakon, lumpatan, lan liya-liyane. Saben pepanthan kudu mbabar dolanan bocah awujud crita drama utawa teater.

Saben pepanthan kudu mentasake dolanan sing beda-beda. Yen dietung, ana 30-an dolanan bocah sing dibabar ing dina iku. Saliyane gayeng banget, bocah-bocah padha seneng. Semana uga pamirsane ya melu seneng nyawang bocah-bocah padha playon lan dolanan.

“Ya pancene padha kangen nonton pentas ngene. Mula akeh sing padha teka sanajan mangsa udan,” ujare Suhanto.

Salah sajining pepanthan sing melu pentas yaiku Sanggar Metta Budaya. Sanggar lawasan iku ngripta irah-irahan Nini Dhok Nini Thowok. Sutradara, Dwi Jaya, ngandharake crita Nini Dhok Nini Thowok iku diripta mligi tumrap festival. Maknane ya wigati banget. Bakune crita yaiku bab kenthongan. Kenthongan sing dikarepake iku dijupuk saka tembung “kenal tangga, njaga kekadangan”.

“Tegese yaiku dolanan bocah iki bakal njalari bocah-bocah kenal marang tanggane. Bisa njaga paseduluran,” kandhane.

Saperangan dolanan bocah sing dilebokake sajroning pentas yaiku dhakon lan jamuran. Dolanan iku dilakoni sambi padha nembang ing panggung. “Pangajabe ya sabubare pentas ngene bocah-bocah bisa seneng lan nirokake dolanan ing omahe dhewe-dhewe,” kandhane.

Salah sawijining pasarta, Amira Zahira, 11, ngakoni manawa dheweke arang dolanan karo kanca-kancane neng omah. Dheweke luwih kerep dolanan HP. Mula nalika melu adicara iku, dheweke ngrasakake swasana sing beda, lan atine seneng banget nalika dijak melu pentas.

Ing pentas iku, dheweke kajibah dadi sindhen utawa panembang. Dheweke nembang Yo Pra Kanca, lan maneka tembang bocah liyane.

“Seneng banget. Nanging ya rada ndredheg pas ditonton wong akeh,” kandhane Amira. “Mbesuk yen dijak pentas maneh, ya gelem maneh,” kandhane kanthi mesem.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya