SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

SAKWISE AYANG-AYANG
Ing Ngisore Wengi Padhang Rembulan
Pitakonmu ngenani sapa sing njalari petenge sesawangan.
Sakwise ayang-ayang disampurnakake dadi peteng ireng
Ing ngisore dhapuran pring
Diupakara lan uga dijak gegojegan dening cahya padhang
Ing saben wektu
Kahanan dadi mung sakderma cangkriman lan batangan
Ngowoh ndomblong panyawang kosong
Ing kahanan sepi tansaya lali isi

Sakwise ayang-ayang
Wewujudan sumingkir tumuju ing garis pinggir
Kabeh panggonan saiki dikebaki
Barang-barang setengah mati, sekarat mati lan barang mati
Uga barang-barang separo dadi
Dheweke banjur rumangsa kelangan
Ing saben wektu mung tetembangan barang-barang Tilas
Barang-barang sing wis ora kanggo
Saben wektu kepingin ketemu marang barang-barang sing wis ora payu
Barang-barang wis mambu
Tansah kelingan marang apa-apa sing wis dilalekake lan sebagean malah wis dibuwang
Adoh saka panyawang
Pepeling lan wis ditulis mawa tenger barang wis ilang ing suwalike kahanan peteng

Promosi Championship Series, Format Aneh di Liga 1 2023/2024

Sakwise Ayang-ayang
Isih ana panggonan liya kanggo bali marang kahanan sarwa padhang
Sakwise ana barang sing ilang lan durung ketemu
Akeh wong padha alok kelangan wewujudan
Rupa kedhokku isih wae nyogok thuntheng
Durung bisa uwal saka abang lan ireng

Ekspedisi Mudik 2024

TILAS
Kaesrengenge
Ngelingake marang godhong garing
Tilas ketiga isih cumithak ing warna kuning
Kae udan; ngelingake marang trubus-e godhong ijo
Tilas rendhengan isih katon cetha ing warna pesenan
Sisane campuran kuning lan ijo
Nyisakake godhong kuning
Woh cilik gepeng aking
Kemleyang tiba
ing lemah nela
Pancen mung tilas; Mung sisane mangsa
Sing wis kadaluwarsa

MUNG UKARA
Wis ping pira sliramu kandha
Arep mara; Nyethakna rasa
Tresna
Sing nganti saiki durung tau mbokucapna
Dadi ukara
Amarga nyatane sliramu malah nyandhing wong liya

TILAS UDAN
Tilas udan isih cumondhok ing kene
Ing lurung tumuju kampung
Nalika langit ketutup mendhung
Apa-apa sing ning ndhuwur sirah
Kepingin dadi caping, topi, kethu utawa payung

NUNUT
Teles iki duweke rendhengan
Garing iki duweke ketiga, nanging kabeh ana sing nyekseni
Tut Wuri Handayani
Kari gumantung marang angin, dadine:
Nerusake lakune teles nunut udan
Kepingin garing nunut ketiga
Dikancani srengenge rina
Ngubengi bunderane donya
Nganti enteke dina

Susanto Sagipah
Sutresna Sastra Jawa dedunung ing Jl. Kol. Sugiyono GBKT No. 8 RT 006/RW 002 Ds. Winong, Pati, Jawa Tengah
Nguri-uri Komunitas Sastra Asem Jawa Winong Pati

 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya