SOLOPOS.COM - Tetenger jeneng kampung ing njero gang Kampung Kauman, Solo, Selasa (7/6/2022). (Solopos/Siti Nur Azizah)

Solopos.com, SOLO — Kelurahan Kauman kang mapan ing laladan Kecamatan Pasar Kliwon, Solo, duwe jeneng-jeneng kampung sing ana sesambungane karo panggaweyane wargane.

Jeneng-jeneng kampung iku nglumpuk dadi siji ana ing dhaerah Kampung Wisata Batik Kauman.

Promosi Mimpi Prestasi Piala Asia, Lebih dari Gol Salto Widodo C Putra

Adhedhasar saka cathetan lan katrangan saka Kantor Kelurahan Kauman, kampung sing ana ing kono dijenengi miturut jinis panggaweyane wargane, yaiku Kampung Gerjen, Blodiran, Kentiran, Baladan, lan Gebangsan.

Lurah Kauman Nursalim mratelakake wargane akeh kang makarya gawe bathik. Saliyane iku, saperangan wargane uga ana sing dodolan panganan.

“Memper wargaku akeh sing gaweyane padha lan nglumpuk dadi siji ing kampung. Mula dienggo tenger dadi jeneng kampung supaya gampang sing ngeling-eling utawa nggoleki,” ujare Nursalim, Selasa (7/6/2022).

Nursalim banjur njlentrehake tegese jeneng kampung-kampung ing Kauman miturut panggaweyane wargane. Kang kapisan yaiku Kampung Gerjen, kampung iki manggon ing Jl. Cakra sisi Barat, penere ing RT 002/ RW 006.

“Ada Kampung Gerjen, biyasane wong-wong ngaranine Nggerjen. Dijenengi Gerjen amarga akeh warga kono sing padinane dadi gerji utawa tukang jahit,” ujare.

Saliyane iku ana Kampung Blodiran utawa kerep diwaca Mblodiran. Miturut Nursalim, ing kampung iku tau ana sing manggon yaiku sawijining abdi dalem kang panggaweyane dadi tukang bordir. Kampung Blodiran penere mapan ing sisih kidul Kampung Gerjen, RT 002/ RW 006.

Sabanjure ana Kampung Kentiran. Jarene Nursalim, warga kono akeh sing gawe samir utawa lendhang cilik kang lumrahe dienggo abdi dalem Keraton. Kampung kuwi mapane ana ing RT 004/ RW 006, penere ing sisih wetane Kampung Blodiran.

“Ing kampung kuwi, wargane padha gawe samir. Samir iku wujude kaya lendhang nanging ukurane cilik lan carane nganggo dikalungke ing gulu. Biyasane diagem para abdi dalem nalika ing Keraton [Solo],” piterange.

Dene kampung liyane yaiku Kampung Baladan. Miturut Nursalim, warga kampung kono panggaweyane dadi juru mangsak maneka warna jinis panganan. Kampung Baladan penere ing RT 003/ RW 004, ing sisih kulone sekolahan Mambaul Ulum.

Kang pungkasan, Kampung Gebangsan. Warga kono akeh-akehe pakaryane gawe topi manten lanang Jawa utawa kuluk.

“Kampung iki dadi papan panggonane tukang gawe kuluk utawa topi manten lanang adat Jawa. Kampung iki penere mapan ing sisih kulone Blodiran, RT 003/ RW 006,” ujarea Nursalim.

Ing njeron gang laladan Kampung Batik Kauman ana saperangan plang werna putih kang dipasang ing cagak werna ijo tuwa. Plang kuwi ana tulisane jeneng-jeneng kampung iku mau, malah ana tambahane aksara Jawa lan ukiran-ukiran sapinggire plang.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya