Krasa semilire angin tumiyup, ngobahake pang-pang lan gegodhongan. Sawah kang jembar ngilak-ilak,
tanduran pari wis katon kuning, sedhela maneh Pak Tani panen parine.
Swara jumlegur lemah longsor, Nrabas apa bae kang dadi pepalang, Nora maelu omah, Nora maelu kreteg, Nora maelu wong liwat, Nora maelu sato iwen, Iku pangamuk nyata.
lehmu nggugah aja sero-sero, kepara ngeget-geti ndadekake tratabane ati, mesakake sedulur sing neng ereng-ereng kae.
lagi wae bali seka brak-brak pengungsi
aku isih duwe cathetan kasebut, ora bisa diwaca, luntur lan surem, cathetan babagan lelungan, kowe masrahake kanggo aku, nalika aku tresna karo wong liya.