Sobrah Julikah

Randha Julikah kuwi kulina diceluk Sobrah. Wong wadon sing duwe jeneng asli Julikah kuwi pancen wis suwe ora tau menyang kutha kabupaten. Udakara 20 taun kepungkur saora-orane seminggu pisan liwat dalan kutha kabupaten. Saben malem Jemuwah, angger malem Jemuwah, mesthi menyang Gunung Kemukus.

Kojahe dodolan srabi menawa ditakoni. Yen dodolan srabi kok ora tau nggawa dagangane? Apa dagangane wis ana ing Gunung Kemukus? Jaka tuwa umur 45 taunan, Sudrun, sing pancen tangga desa karo Julikah kuwi, mung bisa mbatin karo mesem nyimpen crita nalika dhemenan karo Julikah.

”Paling srabine dhewe,” rerasan ing batin mau uga dijawab dhew.

Sudrun kelingan kojahe Julikah nalika semana. Jam papat sore wis tekan Pasar Sukoharjo, banjur ngenteni bis jurusan Terminal Tirtonadi. Yen wis tekan terminal ganti bis jurusan Purwodadi banjur mudhun Sumberlawang.

Ing kono Julikah dipapag Jan Pairin. Jan Pairin kuwi wong saka Sambungmacan, Sragen. Pokoke janjine, sapa sing kabul penyuwune ya kuwi kudu ngopeni. Tenan, udakara kliwat pitung Jemuwah apa sing dikarepke Jan Pairin kasembadan.

Wong lanang sing gaweyane nebas pari kuwi sasat ora tau leren, nganti tekan njaban Sragen. Pokoke sawilayah Soloraya kemput, malah kepara bisa duwe wong sing diprecaya ngurus tebasan pari mau. Kocapa, Jan Pairin duwe pit montor anyar, sekawit mung pit montor cekether, kuwi wae pajeke mati ora ana BPKB-ne.

Ringkese crita Jan Pairin dadi wong sukses, sugih, miturut dheweke marga ”nyobrah” karo Julikah. Julikah dhewe dadi wong sing kepenak. Apa wae sing dibutuhake, Jan Pairin mesthi nuruti. Wiwit dadi sobrah, penganggone Julikah ngrempyang, gelang emas modhel dhadhung, kalung wae nganggone nganti tumpuk loro.

Aja maneh mung kalung, jam tangan kuwi wae dinggo kiwa tengen. Sing biyen nganggo benges rega telung ewunan, Sobrah Julikah saiki bengese merek luar negeri. Sing biyen lenga wangine mung srimpi, wiwit Jan Pairin ngopeni dheweke terus ganti lenga wangi saka Italia.

Sing biyen yen jajan ing warung emplek-emplek banjur ganti ing restoran sing platarane akeh mobil diparkir. Sobrah Julikah uga kojah sawise dheweke urip kepenak diopeni Jan pairin, uga duwe gendhakan jenenge Sudrun. Jane mono Sudrun kuwi ora bagus, nanging yen lagi ana paturon, sasat tandange Sudrun kaya baya lanang sing sasen-sasen ora kambonan baya babon.

Ora mung kuwi, jebul gada pusakane Sudrun yen wis ngetokke katiyasane magila-gila, nganti Julikah sasat dhengkleh-dhengkleh, kena gadane Sudrun. Kuwi saupama digambarake yen lagi perang. Kojahe karo nyekakak urakan.

”Aku uga kangen karo kowe, Kah,” swarane Sudrun sabubare ambegan landhung. Sudrun mapanake bokonge sing sajak lungguhe krasa jimpe. Najan lungguh dhewe ing lincak emper omahe, wong lanang kuwi pengangene saya nglangut, gawang-gawang katon eseme Sobrah Julikah sing jare tansah gawe mareme dheweke.

”Julikah kuwi sasat angger wong lanang tepung, najan wonge ora ayu. Dheweke pancen wong wadon grapyak. Cekake grapyak ngisor ndhuwur. Ha…ha…ha...” Sudrun ngguyu dhewe nyekakak sawise ngeling-eling jeneng Julikah sing wis meh setahun ora tau pethuk.

Biyen mesthi ketemu ing Gunung Kemukus angger malem Jemuwah, mung bedane Sudrun golek mangsa srabi anyaran. Amarga wis dadi pakulinan, gaweyane Sudrun mblithuki wong-wong wadon ing Gunung Kemukus. Jare tembunge ngalab berkah.

”Druun...?!” swara wong wadon saka njaba pager lawang mlebu plataran.

Bareng ditoleh jebul wong wadon ayu nganggo krudhung kaya wong-wong liyane kae. Bengese abang mbranang nambahi nggugah atine lanang Sudrun. Sudrun menyat saka lungguhan nggatekake wong wadon mau. Sudrun mung bisa ngeleg idu karo mbatin, rumangsa durung tepung karo wong wadon kuwi. Sawise wong wadon mau mesem, Sudrun dadi kelingan.

”Sobrah Julikah?” dheweke unjal ambegan karo isih ora percaya.

”Mosok Sobrah Julikah saiki nganggo krudhung ?” Sudrun tetep isih ora percaya karo batine dhewe.

Kuwi sing lagi wae dicritakke ing angen-angene Sudrun. Julikah sing lagi mudhun saka kendharaan mobil grab putih. Sudrun nyedhak. Wong lanang sing biyen saben malem Jemuwah ngeloni Julikah kuwi grapyak mbagekake Julikah supaya mlebu omahe.

Percaya menawa Sobrah Julikah setahun kepungkur beda karo saiki.  Julikah age-age mlebu omah. Lawang tetep diblak-blakake. Sepisan sing ditindakke Sudrun marang Julikah mesthi ngremet bokonge nalika Julikah arep lungguh. Marga dheweke kedanan karo Julikah biyen nyawang bokonge sing nyedhit kaya penyanyi dangdut koplo sing diganjel sepon.

”Jebul isih kaya biyen,” swarane Sudrun ngalem.

Sing dialem nuli menjeb minangka tandha dheweke ora tedhas dirayu. Najan ora dirayua wae, kanggone Julikah, Sudrun mono wong lanang sing bisa gawe mareme. Ing omah kang mung dipanggoni dening Sudrun kuwi, ndadekake Sudrun saya kemecer nyawang ayu lan solah bawane Julikah.

Apa maneh Julikah katon seger, wangi, sarta wis setaun ora ketemu. Isih kelingan sasat lagi rong dina kepungkur, ketemu sing pungkasan ing Hotel Novotel. Nalika kuwi Julikah crita lagi cedhak karo kepala dinas saka kutha kabupaten.

Mesthi wae sawise ucul saka Jan Pairin. Jan Pairin lara stroke lan gula. Mula tangeh bisa ngayahi Julikah. Sawise kuwi gandheng karo wong lanang liya kanggo simpenan.

”Ora, jane sebehmu kuwi apa, ta?” Sudrun ethok-ethok takon.

”Tempe goreng.”

”Kok mung tempe goreng?”

”Lha, iya. Angger kambonan getih tanggal abang lan tempe goreng mau mlebu ing ragane wong lanang. Wong lanang ngendi sing ora nyembah ing ngarepanku,” ngono pengakone Julikah blaka.

”Iki yen ora kowe ora tak kandhani.”

Sing krungu mung nggleges.

”Dadi saiki yen aku mbok gawakke utawa mbok suguhi tempe goreng aku wegah mangan. Ndhak nyembah kowe. Ha…ha…ha…” Sudrun nyekakak.

Julikah melu nyekakak karo ngarani Sudrun druhun ping pitulikur.

”Prejenganmu, Druuun…., Drun!”

”Nanging, kowe nyatane kedanan karo aku, ta?”

”Mbuh..!”

Sudrun wiwit mbingungi, kemrangga karo semaure Sobrah Julikah. Wong wadon kuwi nuli nyopot krudhunge karo nguculi benik klambine. Awake isih katon weweg, najan umure seket punjul, marga biyen nalika dadi randha umur 30, nglakoni dadi sobrah udakara 21 taun.

”Aku isih kepingin kojahmu, Kah. Kojah bab wong lanang saliyane aku, Jan Pairin karo sapa mau, kepala dinas ing kutha kabupaten kuwi?” swarane Sudrun karo nyerot udut sing kari sasedhotan.

”Aku terke nyang kolah, tak adus. Mengko kojahe diteruske neng ndhuwur paturon,” Sobrah Julikah nuli nglirik Sudrun. Sudrun age-age menyat saka kursi nuli ngeterake menyang kolah.

 

Dening: Bambang Hermanto

Cumondhok ing Omah Tulis, Sukoharjo

Biyen kulina nulis crita cekak lan opini sastra budaya

Saiki ngemonah kalawarti susastra dwibasa Omah Tulis


Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya






Kolom

Langganan Konten

Pasang Baliho