SOLOPOS.COM - Iqbal Wahyu Purwito, Pengurus Paguyuban Metri Budaya Jawi Melathi Surakarta (FOTO/Istimewa)

Iqbal Wahyu Purwito, Pengurus Paguyuban Metri Budaya Jawi Melathi Surakarta (FOTO/Istimewa)

Saben mahargya miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, kawontenan ing Alun-Alun Ler Karaton Surakarta Hadiningrat ketingal semuwa. Kathah pasren-pasren dedagangan maneka warna, wiwit jajanan, sandhangan, dolanan lare, maneka jinis hiburan kulawarga, lan sanes-sanesipun. Sedaya kaimpun ing karameyan sekaten. Karameyan ingkang sampun wonten wiwit Raden Patah jumeneng nata ing Nagari Demak ingkang saged kawastanan sampun dados tradhisi punika, pranyata nyebar sawab arupi berkah ingkang sumrambah, utaminipun ing rodhaning ekonomi. Liripun, para pedagang, pengusaha sarta pengrajin pikantuk srana anggenipun sadeyan. Kajawi punika, ugi berkah tumrap ngrembakaning budaya, religi lan sakpanunggalipun, kalebet piwulang lumantar pasemon tuwin falsafah ing salebeting rerangken sekaten.

Promosi Championship Series, Format Aneh di Liga 1 2023/2024

Ing sakathahing maneka sesadeyan ing karameyan sekaten, wonten sesadeyan ingkang mboten nate klendran lan mesthi wonten. Inggih punika sesadeyan kinang, tigan kamal (tigan asin) lan pecut. Kinang sekaten utawi ganten dipundhahar sinambi ningali lan mirengaken ungeling gamelan sekaten ingkang kapisan (tanggal 5 Mulud). Wonten ingkang pitados bilih kanthi ngganten ing wekdal punika saged nuwuhaken daya kekiyatan lan njalari awet mudha.

Leres lan mbotenipun tamtu kemawon wangsul dhateng pribadi piyambak. Manawi dipunnalar, rangken kinang ngandhut antibiotika, satemah saged njagi kasarasaning badan. Tigan kamal utawi tigan asin ngemu makna bilih tiyang gesang sageda migunani, murakabi saha saged dadosa srana jangkeping kabetahaning gesang ingkang ndayani utami dhateng pagesanganipun. Dene pecut (ingkang wujudipun sansaya panjang sansaya alit lan mentelung) minangka pralambang gesang. Werdinipun, sansaya caket manungsa manembah Gusti Allah, sansaya ageng anggenipun ngrumaosi titah bilih manungsa mboten saged gesang piyambak manawi mboten wonten Gusti Allah Ingkang Murbeng Gesang.

Karameyan sekaten dipunwontenaken pitung dinten pitung dalu. Kawiwitan tanggal 5 Rabiulawal/Mulud ngantos dumugi 11 Mulud. Dene ing tanggal 12 Mulud minangka pamungkasing pahargyan dinten ageng Maulid Nabi Muhammad SAW kanthi tata cara Garebeg Mulud. Kasebat ing Serat Kalijaga, nalika Raden Patah jumeneng nata ing Demak, karameyan sekaten dipunwontenaken ing palataran masjid ageng. Kajawi palataran mejid dipuntarub lan karengga pepajangan mawi plisir gula klapa lan pare anom, ing wanci dalu dipunsumeti dilah sewu, satemah ketingal pajar kumencar. Saking pamrayoginipun Kanjeng Sunan Kalijaga, dipunsranani ungeling gamelan ingkang dipuntabuh wiwit tanggal 5 Mulud kanthi pangajab narik kawigatosan masarakat.

Awit jaman semanten Demak ngrembakakaken ajaran agami Islam, pramila tiyang-tiyang ingkang sami dhateng lan badhe lumebet palataran mejid lajeng dipuntuntun waosan kalimah sahadat (syahadat’ain), ingkang ateges ngrasuk agami Islam. Saged dados salah satunggaling panjurung sumebaripun ajaran Islam ing masarakat, karameyan sekaten lajeng dipunwontenaken pendhak taun minangka pengetan Maulid Nabi Muhammad.

Ananging karameyan sekaten kalawau nate kandheg, sasedanipun Raden Trenggono utawi Sultan Bintoro III.  Awit mboten wonten ingkang jumeneng nata, Kanjeng Sunan Giri lajeng nyelani jumeneng wakil nata. Ing wekdal punika, gamelan sekaten dipunpundhut dening Kanjeng Ratu Ayu Mas Nyawa (putrinipun Kanjeng Sunan Giri, ingkang kaleres garwanipun swargi Sultan Bintoro II). Gamelan sekaten dipunbeta dhateng Karaton Kanoman Cirebon, dipunungelaken saben mahargya dinten ageng Maulid Nabi Muhammad. Karameyan sekaten nembe dipunwontenaken  malih nalika Kanjeng Sultan Agung Hanyokrokusuma jumeneng nata ing Nagari Mataram.

Lumantar karsa yasa pranatan saha undhang-undhang, lajeng dipuntetepaken bilih Garebeg Mulud dipundadosaken dinten ageng. Ing wekdal punika kaungelaken gamelan yasan Kanjeng Sultan Agung ingkang dipunparingi asma Kyai Guntursari. Dene perangkating gamelan mboten mawi kendhang nanging kalintonan bedhug. Emanipun, karameyan sekaten kasuwak malih, awit risaking Nagari Mataram jalaran wonten kraman Trunojoyo.

Sasampunipun Mataram pindhah saking Plered dhateng Kartasura, karameyan sekaten dipunwontenaken malih ing palataran mejid ageng dening Sinuhun PB II. Dereng dangu lumampah, nalika ingkang jumeneng nata Sinuhun PB III, wonten ontran-ontran ingkang kawastanan Perang Giyanti. Gamelan wau ingkang sepalih dipunparingaken Sultan HB I ing Ngayogjakarta lan sepalih ing Karaton Surakarta. Hanjangkepi gamelan ingkang namung sepalih kalawau, sarta ngimbangi wontenipun gamelan Kyai Guntursari ing Surakarta, Sinuhun PB IV kagungan karsa yasa gamelan sekaten malih. Gamelan enggal kalawau dipunbobot mawi katen (timbangan) amrih sami awratipun, lajeng dipunparingi asma Kyai Guntur Madu. Mapanipun Kyai Guntursari ing sisih ler palataran mejid ageng, dene Kyai Guntur Madu ing bangsal kidul. Ngantos dumugi wekdal punika, saben karameyan sekaten, gamelan kalawau kaungelaken tanggal 5 Mulud dumugi 11 Mulud, lajeng karameyan dipunpungkasi mawi tata cara Garebeg Mulud.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya