SOLOPOS.COM - Yohanes Siyamta, Pustakawan Universitas Atma Jaya Yogyakarta. (FOTO/Istimewa)

Yohanes Siyamta, Pustakawan Universitas Atma Jaya Yogyakarta. (FOTO/Istimewa)

Basa bisa diarani isih urip lan ngrembaka, lamun isih akeh sing migunakake, duwe tuntunan cak-cakan panganggo lan panrimbage tembung kang awujud paramasastra, nduweni dokumen karya awujud buku kang ajeg kababar lan nduweni bausastra (kamus).

Promosi Mudik: Traveling Massal sejak Era Majapahit, Ekonomi & Polusi Meningkat Tajam

Basa Jawa minangka salah sawijinng basa dhaerah ing Nuswantara bisa disebut minangka basa kang isih urip lan ngrembaka. Kacihna kanthi isih dipigunakake dening panuture, nduweni paramasastra baku kang tumeka saiki isih diugemi, lan isih akeh kababar buku-buku karya sastra sarta nduweni bausastra.

Kupiya murih basa Jawa tetep urip, lestari lan ngrembaka ing jaman saiki sinengkuyung dening medhia cithak (pers). Emane, ora kabeh perusahaan penerbitan ora wani mbabar tulisan abasa Jawa. Keweden bakal  nandhang rugi.

Patut disukuri manawa ing Ngayogyakarta lan Surakarta, minangka punjering budaya Jawa isih ana medhia cithak kang kasdu njaga murih mekar lan ngrembakaning basa, budaya lan sastra Jawa. Ing antarane: Majalah Praba, Kalawarti Djaka Lodang, Mekar Sari lan Jagad Jawa.

Kapisan, Majalah Praba. Medhia iki madeg tanggal 8 September 1949 lan nduweni mottoPembawa Garam Dunia dan Pengamal Pancasila”. Sekawit kalawarti (majalah) iki ababar saben seminggu sepisan. Wiwit madege tumeka taun pitung puluhan bisa sinebut eksis, kababar ajeg saben minggune lan mentes isine. Nanging sabanjure rada kendho. Gara-gara karepotan babagan dana lan sudane pelanggan sarta kuranging paraga ing redhaksi kalawarti iki, mula kalawarti sing isih duwe SIUP lan nate manjila iki nate mati utawa ora terbit sawetara wektu.

Ing taun 1990 tumeka saiki, kalawarti iki urip maneh. Nanging jalaran winates ing paraga redhaksi lan dana kang durung nyukupi, mula banjur kababar campuran basa Jawa lan Indonesia sarta kababar rong minggu sepisan (dwi mingguan).

Kapindho, Kalawarti Djaka Lodang. Kanthi motto-ne “Ngesthi Budi Rahayu, Ngungak Mekaring Jagad Anyar”, wiwit madege udakara patang puluh taunan kepungkur tumeka saiki, panggah  kababar abasa Jawa lan ajeg sowan  marak ingarsane para pandhemene seminggu sepisan. Pratelan iki nate kaandharake dening FX Subroto, redaktur pelaksana Djaka Lodang, ing sawijining adicara pirembugan buku ing Universitas Atma Jaya Yogyakarta. Mangkene, “Demi komitmen lan dedikasi marang ngrembaka lan lestarining basa Jawa, wiwit madeg tumeka saiki Djaka Lodang durung nate prei utawa mandheg ora terbit. Seminggu sepisan ajeg sowan marang para pandhemen lan sutresnane.”

Katelu, Mekar Sari. Medhia iki mbiyen wujude kalawarti kaya Praba lan Djaka Lodang. Gegayuhane padha yaiku nyengkuyung murih ngrembaka lan lestarining basa Jawa. Saiki wis owah ora wujud kalawarti nanging wujud suplemen sakaca ing koran Kedaulatan Rakyat. Ajeg kababar saben dina Minggu.

Kepapat, Jagad Jawa. Kababar seminggu sepisan abasa Jawa minangka suplemen ing koran Solopos lan Harian Jogja. Ing Solopos luwih temata, ajeg sowan nyambangi para sutresna ora mung sakaca nanging kababar telung kaca tumekaning patang kaca. Ajeg sowan nyambangi para sutresnane saben dina Kemis.

Dene ing Harian Jogja sethithik rada ana bedane. Nate kababar ing dina Minggu, banjur owah ing Dina Kemis. Wiwit taun iki bali ing dina Minggu maneh. Isi lan cakrike ngeblat Solopos, kang isih sakgrup. Mung gunggunge kaca rada beda. Yaiku kababar sakaca tumekaning rong kaca.

Kanthi andharan kang mbeber kahananing medhia kang kababar ing Ngayogyakarta lan Surakarta, panulis kepingin ngandharake manawa medhia cithak basa Jawa isih ana. Paling ora, isih ana medhia (pers) sing gelem lan wani nanggung risiko rugi kanggo tetep njaga murih ngrembaka lan lestarine basa, budaya lan sastra Jawa. Nuwun.

 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya