SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Upacara adat Mandhasiya digelar ing Dhusun Pancot, Blumbang lan Tengklik, Tawangmangu, saben Selasa Kliwon Wuku Mandhasiya. Upacara adat itu sumbere saka mitologi Prabu Baka, yaiku sawijining ratu culika kang karem mangan manungsa. Wusanane Prabu Baka bisa diperjaya dening Puthut Tetuka kang asale saka pratapan Pringgondani.

Tradhisi lisan kang ngrembaka ing Dhusun Pancot nyebutake asal mulane jeneng Pancot saka kedadeyan nalika awake Prabu Baka dipancot ing lemah dening Puthut Tetuka lan sirahe dibanting menyang Watu Gilang. Papan tilas puthule siyunge Prabu Baka banjur tuwuh dadi bawang lan lemah tilas untune tuwuh dadi brambang. Rong jinis tanduran iki nganti saiki dadi tanduran bakune warga Pancot lan Blumbang.

Promosi Ayo Mudik, Saatnya Uang Mengalir sampai Jauh

Miturut critane pandhemen budaya IA Joko Suyanto, kacarita ana ratu raseksa kang ajejiwa satriya, jenenge Prabu Baka. Sawijining dina, nalika mangan, dheweke ngrasakake mangsakan sing disuguhke mau rasane luwih enak tinimbang adate. Nalika diematake, jebul mangsakan iku katutan getih manungsa sing asale saka tangane tukang mangsak sing keperang lading.

“Ing panemune, wong getih wae enak, gek kaya ngapa yen daginge? Mesthi luwih enak. Mula, dina candhake Prabu Baka njaluk mangsakan daging manungsa. Nalika dipangan, dadi tuman. Wiwit kuwi, Prabu Baka njaluk saben pisowanan kudu ana mangsakan daging manungsane. Sapa sing dikurbanake, nurut gilirane,” critane Joko kang uga dhosen Universitas Sahid iki, nalika ditemoni ing kantore, Senen (27/2).

Kekaremane Prabu Baka sing dhemen mangan daging manungsa iku ndadekake uripe warga ora tentrem. Nalika tekan gilirane Mbok Randha tuwa sing kejatah ngaturake anaka lanange kanggo dhaharane Prabu Baka, dumadakan ana satriya sing jenenge Puthut Tetuka. Tetuka saguh ngganteni anak lanange Mbok Randha, banjur salin wujud dadi bayi sing awake nyenengke.

“Bayi iku banjur diaturke marang Prabu Baka. Nalika dibrakot, untune ora tedhas. Banjur diulu. Nalika tekan gulu, bayi iku mancat (Sabanjure ana sing ngarani Pancot). Prabu Baka kapeksa nglepeh. Nalika wus metu, jabang bayi iku salin wujud dadi Puthut Tetuka lan perang tandhing karo Prabu Baka. Wusanane Prabu Baka bisa ditelukake. Sirahe dikeprukke ing Watu Gilang. Uthege muncrat tekan Bandar Dawung dadi Gunung Gamping. Untune sing puthul dadi bawang lan brambang. Dene pelanangane dadi kentang lan wortel,” pratelane Joko.

Nanging crita ngenani Prabu Baka lan Puthut Tetuka iku, jarene Joko, gedhe panemune dirembakakke dening Walanda kanggo ngowahi pola tanam-e para among tani ing wilayah Tawangmangu. Among tani sing maune ajeg nandur jagung banjur diarahke supaya gelem nandur bawang, brambang, wortel, kentang. Malah saiki, jinis tanduran iku dadi wulu pametune among tani ing Pancot lan Blumbang. “Carane ngowahi pola pikir lan pola tanam-e among tani mau kanthi nggunakake crita-crita mitologi kaya ngono mau,” tandhese Joko.

Dening masarakate, upacara Mandhasiya sing ana sesambungane karo crita Prabu Baka mau terus dileluri. Saben Wuku Mandhasiya ing dina Selasa Kliwon digelar upacara merti desa Mandhasiya, kanthi gawe sesaji ing sawetara papan kang diwingitke. Ing Dhusun Pancot, sesaji iku ing antarane dipasang ing  pundhen Bale Pathokan (dipracaya minangka papan perang tandhinge Prabu Baka lan Puthut Tetuka), Watu Gilang (papan remuke sirahe Prabu Baka), lan pratapan Pringgodani (pratapane Tetuka utawa diarani Eyang Kacanegara).

JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya