Malem selikuran, tradhisi budaya kebak pralambang
TRADHISI MALEM SELIKURAN -- Para abdi dalem Keraton Surakarta ngusung ubarampe kanggo pengetan malem selikuran. (JIBI/SOLOPOS/dok)

Sultan Agung Hanyokrokusuma akeh paweh werna Islam ing tanah Mataram (1613-1645). Ratu agung iku bisa nyelarasake antarane tradhisi budaya Islam kang diwarisake dening para wali kanthi tradhisi Hindhu-kejawen kang wus suwe urip ngrembaka jroning urip padinane masarakat Jawa.

TRADHISI MALEM SELIKURAN -- Para abdi dalem Karaton Surakarta ngusung ubarampe kanggo pengetan malem selikuran. (JIBI/SOLOPOS/dok)
Salah sijine yaiku tradhisi kanggo nyambut malem Lailatul qadar yaiku upacara kang ginelar saben malem-malem tanggal ganjil ing sepuluh dina pungkasan ing Sasi Pasa. Masarakat Jawa ngarani iki minangka malem selikuran.
Ora amung Sultan Agung, para paneruse ya tansah ajeg ngleluri tradhisi malem selikuran, sanajan Mataram wusanane sigar dadi loro, yaiku Kasunanan Surakarta lan Kasultanan Ngayogjakarta.

Sawetara sumber pancen nyebutake tradhisi maleman utawa kang kasebut malem selikuran wis kababar wiwit Sultan Agung jumeneng narpati ing Mataram. Nanging ana maneh kang ngandharake manawa tradhisi malem selikuran kuwi wiwit Sunan Kalijaga minangka wali ing tanah Jawa. Mangkono sabanjure nganti tumekane ing Karaton Surakarta Hadiningrat nganti saiki.

“Nanging tradhisi kasebut ngalami pasang surut ing antarane ganti panguwasane nata ing Surakarta. Tradhisi maleman kuwi wiwit ngrembaka gedhe nalikane Kasunanan ingkang jumeneng Sri Susuhunan Paku Buwono X. Nganti tumekane saiki tradhisi maleman kalestarekake kanthi becik senajan ora mesthi kanthi arak-arakan gedhen,” piterange Tundjung W Sutirto, pandhemen budaya Jawa kang uga dhosen Ilmu Sejarah FSSR UNS Solo, nalika disuwuni pamawas ngenani tradhisi malem selikuran.

Upacara tradhisi malem selikuran iku, ujare Tundjung, bakune ora liya miyosdalem Sinuhun tumuju Mejid Agung ing dina ngarepke tumurune malem Lailatul qadar, yakuwi wiwit sepuluh dina pungkasan ing Sasi Pasa iki. Upacara kang ginelar wujud donga marang Kang Maha Kuwasa, muga tansah paring kawilujengan lan berkah tumrape Sasi Pasa. Mula ing upacara maleman kasebut Sinuhun paring tumpeng cacah sewu kang kaparingake marang abdi lan kawula kang ngepung hajaddalem ing Mejid Agung kono.

Jumbuh karo kahanan kang lumaku, mula tradhisi maleman ngalami owah-owahan kang ancase nguri-nguri kabudayan karo ngiras pantes tontonan wisata ing Surakarta. Mula tradhisi maleman iki nate ing wektu-wektu kapungkur kagandhengake karo kerameyan ing Sriwedari. Mula uga kasebut maleman Sriwedari.

“Wujude kirab saka Karatondalem Surakarta kang isine arak-arakan para abdi lan nggawa ancak isi tumpeng sewu ginawa menyang Sriwedari. Kapara murih gawe regenge ana arak-arakan ting-ting hik yakuwi kang ingaran lampiyon,” piterange.
Kenapa nganggo arak-arakan ting-ting hik? Sejatine pralambang tradhisi maleman kuwi ora liya nuladani prastawa nalika Kanjeng Nabi Muhammad mudhun saka Jabal Nur sawise entuk wahyu. Para sakabat nalika semana mapag kondure Kanjeng Nabi nganggo obor. Mula ting-ting hik kuwi ora liya nuladani obor minangka pralambang pepadhang.

Kajaba saka kuwi anane tumpeng kang cacah sewu minangka pralambang manawa tumurune Lailatul qadar kuwi ginambarake kaya dene sewu wulan. Mula saka kuwi ana kang ngandharake manawa tumpeng cacah sewu ora liya nggambarake sewu wulan.

“Ing tanah Jawa, tradhisi maleman kang paling gedhe kagelar yakuwi ing Karaton Surakarta. Nanging ing kasultanan Cirebon uga duwe tradhisi maleman. Ing samadyaning panggonan liya uga nate kagelar dening para kawula. Senadyan unine dudu maleman nanging bakune uga nuladani tumurune malem Lailatul qadar,” tambahe.

Yen kawawas luwih tliti maneh sejatine maleman selikuran kuwi mujudake tuladha karukunan umat ing alam donya iki. Ketemune ajarane Islam karo budaya kang lumaku ing tanah Jawa ora prelu nuwuhake dredah. Mula saka kuwi kang prelu dituladani ora liya mung manunggaling kawula kalawan gusti, pasrah marang kersane Kang Kuwasa, lan laku utama mligine ing dina-dina sepuluh pungkasan ing Sasi Pasa iki.

Nanging miturut pamawase Tundjung, para kadang ing tanah Jawa ora cukup ngleksanakake tradhisi maleman selikuran kang mung awujud upacara. Sawise kuwi, ora prelu ngaya maneh ngalab berkah saka Kang Kuwasa sanadyan malem Lailatul qadar ginambarake kaya dene sewu wulan berkahe. Amarga, tradhisi maleman selikuran kuwi nuladani kahanan kang luhur kang kagelar minangka tuladha lan njurung lakune umat ing sabubare pasa. Dadi ora pener manawa nglestarekake maleman selikuran kuwi mung sawatese upacara lan sawise kuwi terus nindakake bab-bab kang ora bener dening agama lan budaya.

“Mula dudu tumpenge utawa ting-ting hik (lampiyon) kang dadi ukurane regeng lan ramene swasana, nanging pralambang kang kandharake ing sajrone maleman selikuran kuwi kang luwih utama dituladani. Contone, ting-ting hik kuwi minangka obor kang paring pepadhang kaya dene Islam karo kitab sucine Alquran kang paring tuntunan murih umat antuk pepadhang ing uripe lan nalika akhirate,” tandhese.

Damar Sri Prakoso



Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya






Kolom