Jagad-jawa
Kamis, 2 Februari 2012 - 14:33 WIB

KRIDHA: Kepengin Gawe Buku

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - KRT Tulus Setyodipuro (JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso)

KRT Tulus Setyodipuro (JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso)

Kawit mudha, KRT Tulus Setyodipuro duweni kekareman nulis crita utawa geguritan. Sawetara karyane iku ajeg kakirimake menyang kalawarti utawa ariwarti ing dhaerah Jawa Timur lan dhaerah liya.
Saliyane iku, isih akeh karya-karyane kang kasimpen ing daleme, ing Banjarsari RT 011/RW 002 Madiun. Nanging saiki, piyambake kepengin nglumpukake kabeh karyane iku lan kepengin gawe buku klumpukan karya kang ngamot crita cekak utawa Cerkak lan geguritane.
“Aku kepengin nglumpukake kabeh karyaku kang nate kamot ing kalawarti, ariwarti, utawa kang isih sumebar ing omah. Aku kepengin nglumpukake dadi siji, lan digawe buku. Muga-muga bisa enggal kaleksanan,” ujare marang Espos, sawetara wektu kapungkur.
Tumrap priya kang nduweni asma asli Tulus Setiyadi iki, nulis pancen dadi sambene saliyane melu ngrembakakake budaya Jawa ing dhaerahe. Ing daleme, Tulus ngadegake Pakempalan Taruna Jawi kang bisa kanggo sarana gladhen budaya Jawa bebarengan, ngudi kawruh, sarta nguri-uri budaya lan sastra Jawa. JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif