SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Abednego Afriadi

Kagem Jeng Agnes Dewi ing Pajang

Promosi Mudik: Traveling Massal sejak Era Majapahit, Ekonomi & Polusi Meningkat Tajam

Witing tresna jalaran saka tela. Ngono kuwi tetembungan kang dadi slogan sawijining panganan saka bahan tela. Tela rambat lan tela pendhem utawa puhung. Sing genah dudu tela gumantung.

Sanadyan wis kerja mapan lan kerep nampa bonus saka pabrik, nanging aku isih seneng panganan lan jajanan pasar, apa maneh mangsakan asli dhaerah. Kanca-kanca lan sedulur-sedulurku tansah nganggep aku iki katrok lan ora gaul. Nanging kabeh anggepan iku mau ora bisa gawe mogeling ilatku iki selak marang tela godhog, goreng lan tela bakar.

Ilatku krasa teles lan luwe nalika ngerti tela jalaran panganan iku ngelingake aku marang Dhik Menok, wanodya sing kaping pisan dak rangkul saka mburi kanthi cara sengaja ana saktengahe panggung festival teater. Owalah tela-tela, ngono celathuku nalika nyamiki panganan sing digawe saka tela. Kayata ceriping tela, gethuk tela, tela goreng lan sakliyane.

Tela pendhem lan tela rambat dadi seksi nalika aku nembung Dhik Menok. Tela kang mateng jalaran dak obong karo Dhik Menok nalika melu kemah Latsar Teater ana alas Pringgondani, Kalisoro, Karanganyar. Tela kang gawe aku sansaya cedhak marang Dhik Menok nalika ndhepipis kadhemen ing saktengahe rerumbyunge cemara lan pinus, ing saktengahe gunung sing ngelunjak mendhunge langit, ing saktengahe keteling pedhut kang mudun iku nelesi godhong-godhong, lemah lan suket.

***

Nanging Dhik Menok ora gelem tak pek bojo. Dheweke blakasutha marang aku manawa luwih seneng yen bebojowan karo tentara utawa pulisi. Mula aku ndaftar ana lowongan taruna. Rambutku sing sakdurunge gondrong rhewo-rhewo kaya macan gondrong, kapeksa dak potong bros ana salon Medura Kaya dene wanodya sing dadi kriteria-ku, Dhik Menok iku uga telaten ngancani aku ajar nglangi, fitnes lan jajan omben-omben soda gembira kanggo ngresiki paru-paruku saka bledug kenalpot, pabrik lan kebul rokok sing kerep dak sedhot.

Aku tansah kelingan nalika Dhik Menok ngeterke aku ing terminal nalika mangkat menyang kutha kanggo melu tes dadi tentara. Saka cendhela bis sing dak tumpaki iki, Dhik Menok ora mandheg-mandheg anggone neteske ilu ing pipine.

***

“Wis ta Le. Ora usah dipikir abot abot!”

“Pancen nasibku Mbok.”

“Iya Simbok mudheng, nanging ora usah kejeron anggonmu susah! Mengko yen kesambet lho!”

Aku pancen nggugu welinge Simbok. Aku pengen gage nglalekake kepinginan klebu dadi tentara, ateges ya kudu kelangan Dhik Menok. Kaya kang wis diblakakake marang awakku, yen dheweke mung gelem bebrayan karo tentara. Mbuh apa wae pangkate.

Ora pisan-pindho, Dhik Menok SMS aku, nakokake asilku melu tes mlebu taruna. Embuh, saben ameh mbales SMS iku, aku katon dheg-dhegan dhewe. Sikilku ngewel, njur atiku kaya diiris-iris. Anggonku pengin nglalekake Dhik Menok malah sansaya abot jalaran dheweke yen dak etung-etung wis SMS ping telung puluh. Apa maneh ana ing kafe iki grup musik top forti iku nglagokake tembang katresnan sing gawe nggrantesing atiku. Sirahku sansaya kliyengan wiwit limang sloki red label tak tenggak nganti krasa tekan telak panase.

Owalah Dhik Menok, Dhik Menok. Rambutmu yen dicukur cendhak kaya dene Demy Moore gawe aku bola-bali ngeleg idu jalaran gulumu katon putih. Semana uga yen kowe nganggo tanktop, mak slentheng, lenga wangimu ambune sumebar nganti sepuluh meter adohe. Irungmu kuwi mbangir kaya dene irunge Nabila Syakieb. Mripatmu cemlorot ngucing kaya mripate Asmirandah. Lambemu tipis. Sapa sing ora kemecer yen ngajak bebrayan. Umure ya isih nom kinyis-kinyis.

Wah sansaya suwe kok sansaya panas hawane? Wah malah maen musik dangdut. Wah jogedan wae ketimbang mumet.

Lelakon kaya ngono kuwi kira-kira mlaku nganti patang tahun. Saben wengi aku tansah njaluk dhuwit Simbok kanggo ndem-deman. Yen dhuwite lagi akeh ya menyang kafe. Nanging yen lagi mepet yo mung cukup tuku ciu wae. Ora krasa sansaya suwe awakku dadi ora kapenak, jantungku dheg-dhegan saya suwe sansaya cepet. Nalika sikil iki ngidak lataran omah, awak iki rasane abot-abot entheng. Angel kanggo ngadeg. Banjur awakku ambruk.

***

Awakku rasane isih kaya bar digebugi maling. Tangan, sikil, boyok, gulu lan balung rasane kaya bubar wae dienggo klothekan. Ealah Dhik Menok wis ana jejerku. “Wis mari Mas?”

“Oh, uwis Dhik.”

“Ngono wae mendem! Awakmu pancen gedhe Mas. Ning atimu ciut. Ora kuwat ngadhepi kahanan lan tantangan. Kaya ngono kok ngajak aku bebrayan,” ngono tembunge Dhik Menok sakdurunge pamit Simbok ameh kerja menyang Kalimantan, melu Kang Mase sing wis dadi pegawe negeri ing kana.

Sakwise iku, aku babar blas ora tau ketemu dheweke. Nomer hapene wis diganti. Malah aku krungu dhewe saka bapake, Dhik Menok sesasi engkas ameh rabi.

Ya nganti saiki aku durung bisa nglunturake katresnanku marang Dhik Menok. Mbuh nganti kapan. Apa maneh saben nyamiki tela godhog. Dhik Menok pancen wanodya sing gawe aku dadi gumbregah mbukak pikiranku sing cupet iki. Saumpamane Dhik Menok ora sida rabi karo calone kuwi, aku ya wani nembung dheweke. Wong ya aku saiki wis kerja mapan. Ora ketang isih dadi pegawe kontrak.



“Mas?” Dhik Menok clingak-clinguk mbiyak korden cendhela kamarku.

“Dhik? Kowe to Dhik?” ngono wangsulanku karo nguceki mripat sing isih krasa abot kanggo melek. Gusti Allah, ngimpi apa aku? Dhik Menok mara menyang njero kamar, sajak kabotan nggotong tela sakkarung.

Ngayogjakarta, April 2011

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya