Jagad-jawa
Sabtu, 21 Januari 2012 - 15:23 WIB

GREBEG SUDIRO, Nggambarake Guyube Warga

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Grebeg Sudiro (Dok/JIBI/Solopos)

Grebeg Sudiro (JIBI/SOLOPOS/Dwi Prasetya)

Lakuning sujarah antarane masarakat Jawa lan China tau kaganggu dening prastawa sujarah kang kurang kapenak. Ing Kutha Solo, malah tau dedrah lan uga dadi ontran-ontran kang njalari swasana Kutha Bengawan dadi kurang tentrem.

Advertisement

Nanging sujarah wus kari sujarah. Jaman saiki wus beda. Antarane masarakat Jawa lan China wus bisa urip sesandhingan kanthi becik, laras sarta nyawiji. Kahanan iku kagambar cetha ing Kampung Sudiroprajan kang mapan ing wewengkon Kecamatan Jebres.

Malah wiwit taun 2007 kapungkur nganti saiki, ajeg digelar adicara mirunggan kanggo nandhesake larasing urip masarakat Jawa lan China ing Kutha Solo. Adicara mirunggan iku yaiku Grebeg Sudiro, kang taun 2012 iki digelar ing ngarep Pasar Gede, Minggu (15/1/2012) kapungkur.

Adicara iki dibanjiri warga cacah ewon. Adicara diisi kanthi suguhan kirab budaya ing lingkungan Sudiroprajan. Kurang luwih 44 pepanthan seni lan budaya ing Sudiroprajan lan sakupenge melu ngregengake adicara iki. Minangka sarana pasrawungane seni budaya Jawa-China, Grebeg Sudiro taun iki nyuguhake rong tontonan anyar kanga sale saka China yaiku wushu lan taichi.

Advertisement

Wakil Walikota Solo, FX Hadi Rudyatmo, nalika mbukak adicara, ngelingake ngenani tujuwan utamane digelar Grebeg Sudiro iki kanggo nyawijekake sakabehe perangan masarakat ing Kutha Solo. Wong Solo ora kena kepantha-pantha lan aja nganti ana tumindak kang asipat diskriminatif marang liyan. Kang kudu ditengenake yaiku larasing urip, guyub rukun lan ngajeni siji lan sijine. “Adicara iki apik banget minangka sarana kanggo nyawijekake sakabehe perangan masarakat. Lan kita kudu ngucap sukur, dene saben taun gunggunge pasarta ajeg nambah akeh,” tandhese.

Pangarsa Panitya Grebeg Sudiro, Yunanto Nugroho, mratelakake pagelaran budaya Grebeg Sudiro iki bisa dadi wahana nyawijekake masarakat sarta ngraketake sesambungane masarakat.

 

Advertisement

JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

 

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif