SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Kepriye Wujude Gajah?

Ana wong wuta lima pada congkrah
rebutan bener wujude gajah
ora ana sing gelem ngalah
apa maneh ngaku salah

Promosi Moncernya Industri Gaming, Indonesia Juara Asia dan Libas Kejuaraan Dunia

Oh, mangkene kang ingaran gajah
dawa kaya ula ginak gunuk kaya lintah

Ora yo, aku wis mestekake kanthi awas
gajah iku sajatine kaya tepas

Halah, kakehan lambe nganti domble
mangertiya, gajah iku kaya wit jambe

Aja kemeruh yang pancen ora weruh
wus nyata gajah iku mblegug kaya bedhug

Iki yen dibacutake bisa marai gelut
aku wus nekseni dewe gajah iku mamper welut

Bedaning panggrayang nuwuhake beda panampa
Kudu kanthi pajaring paningal supaya nyata wujude kang nunggal
Nanging,
Kang mangkana iku wus kaya dongeng padinan
kumawasis rebutan bener
anganggep kleru kawruhe liyan
amarga saka pikire winatesan ing kawruhe
apa mangkana iku wong kang ingaran padha cekak budine?

 

Nyipta Geguritan

Bolpen abang semendhe anteng ing tangan tengen
tangan kiwa tumumpang tenang ing kertas putih
madep mangulon mapag swasana heneng hening

Papan panggonan linimputan rasa tentrem
tidhem premanem
netra liyep rasa menep
mindeng sawiji narik aksara mbaka aksara
rinakit maujud tembung mbaka tembung
rinonce cinipta gatra mbaka gatra

Kembang kembang padha mingkup
gegodongan anteng miditing angin banjur meneng
kaya kaya mangayubagya
marang penggurit kang nyipta karya
geguritan kang tan kena kinaya ngapa

Nanging
Kertas putih iku isih tetep putih
Ah
Becik panembah bae ing tengah dalu
Banjur mapan turu

 

Putraku

Ngger, putraku
Mangertiya
rikala bayi
asring nganthi tengah wengi durung bisa turu
dakgendhong dakkudhang
banjur daktembangake
Dhandhanggula memanising hasthasila

Bokmanawa swaraku blero ing pangrungumu
merga kurang waspada ing titi laras
andayani awakmu ora bisa nglaras
nanging nyatane awakmu banjur angler

Saiki nalika coba daktembangake maneh
nalika awakmu mapan ing gendhonganku
banjur kowe takon iku tembang apa
dakcritakake rikala jaman samana
dakturu-turu kanthi tembang kasebut

Sakha, putraku, mangertiya
Eba bungahe atiku
Nalika kowe sumaur
tembange apik

Lilipur

Ora gampang nglipur atiku
sajroning gonjing
sanajan larasing gendhing kang ngrangin
ngumandhang saka niyaga kang linuwih
pancen nganeh-anehi
ora kaya adat sabene

Matur sembah nuwun saiki aku wis lerem
Marem atiku rumangsa kalipur
sajroning gonjang gonjing
sarana gendhing kang ngrangin
Ian nganyut­anyut ngumandhang ing batinku
Gendhing saka larasing sabda suci

Pancen bener
Ora ana lilipur
kang adheme kaya ngadhepake ati
Marang Gusti



Tangga

Tangga
kang ngentasake memeyan
nalika udan tumiba dumadakan

Tangga
kang disambati rikala kenthekan uyah
nalika nyambel supaya mangane bungah

Tangga
kang ngelingake nalika tengah wengi
lawang durung minep lampu isih pajar
bokmenawa keturon kepati angel tangi
pit onthel isih gemletak ing latar

Iya mangkana iku urip bebrayan
lung tinulung
ajen ingajenen
samad sinamadan
saiyeg saika kapti

Pancen bener
Sedulur paling cedhak
Iku tangga teparo

Solo, Februari 2021

Suryo Domas Sri PB
Sutresna Sastra Jawa, dedunung ing Solo.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya