Cerkak: Masker

Sing marahi wong-wong urip padha nggrangsang ki jane apa lan sapa? Jaman semana,, wong angger wis bisa mangan sedina pindho apamaneh ping telu kuwi wis dianggep cukup. Arang lelungan kajaba menyang sawah lan tegal. Sambene open-open rajakaya. Dolane menyang pasar adol ingon-ingon sinambi ngiras soto lan golek mbako. Apamaneh sing digoleki? Tontonan, ndlidir saben-saben ana wong duwe gawe. Wayang kethoprak wis gawe mareme ati. Nonton tipi cukup nunut neng daleme pak lurah. Sing dituju saben malem Rebo kethoprak ngepasi acara kethoprak. Cukup kuwi. Apamaneh yen ngepasi ana kethoprak sayembara kang hadiyahe payung, jam dinding, pit federal, nganti tekan pit montor. Bungahe ora jamak. Saben dina dadi gelem tuku lan maca koran. Sanajan tujuwan utamane ngarah kupon undian kanggo melu mbatang paraga siningid kang dadi dhalang dredahe kadhipaten ing kethoprak iku.

Lha banjur sapa sing miwiti reka-reka tuku tipi dhewe, gek berwarna sisan. Wong sing wis emoh ngingu rajakaya, apa wong kurang duga anggone nonton kethoprak, apa bakule tipi kang gawe murah rega? Ya, kabeh iku mbokmenawa ana benere. Kasunyatan reregan apa-apa saya suwe saya murah. Mesthine pabrike ora gelem rugi, barang-barang produksine kudu payu. Salah sijine alesan uga kanggo mbayari karyawane. Karyawane racake wong-wong desa kang kepengin nyekel dhuwit kandel. Ujare bakul sinambiwara mapane dhuwit kandel iku ana kutharaja negara. Dadi sapa sing arep disalahake? Bareng saiki akeh nom-noman padha saba kutha, solah bawane dadi beda, ora gelem meneh maraga tumrape wong desa. Sing lanang ora gelem rerewang bapake garap sawah lan ngopeni kewan. Sing wadon ora ngerti meneh carane tandur lan matun merga wis keslamur wedhak pupur. Bubar sekolah prung, budhal menyang Jakarta. Mangka nyatane ana Bekasi, Tangerang, Banten, apa ngendi meneh. Angger arahe mengulon ya diarani menyang Jakarta.

Sekolahan ya padha bae, ujare ora prelu meneh wulangan sing ora ana gunane kanggo nyambut gawe ing kutha. Ngapa susah-susah sinau basa lan sastra Jawa? Nalika masang mur baut, ngecek strum aki, ngepaki barang-barang produksi, ora butuh unggah-ungguh basa. Butuhe trampil lan cepet. Murih perusahaan bisa luwih akeh bathine, buruhe pabrik ya akeh pametune. Yen gelem lembur nganti wengi ditambahi kanggo tuku kopi. Ora tanggung-tanggung pabrik-pabrik ngetokake gaji. Saben wong siji bisa nampa telu tekane limang yuta. Durung lemburane. Pokoke kaya Mas Hari kae, durung genep setaun mulih numpak motor lanang gedhe sing regane 30-an yuta. Taun ngarep jare arep mbongkar omah, direhab digawe cakrik saiki. Minimalis. Jobine ora mung keramik, nanging granit.

Ora ngertiya, wong tuwa kang ndama-ndama anak-anake digawake mulih dhuwit sekranjang melu oleng melu nabuh kendhang. Nanging ngepasi garap sawah butuh tenaga macul utawa nraktor, ndhaut, tandur, ngrabuk, lan nyemprot, gari nutuh-nutuh anake ora ngerti rekasane wong tuwa urip ana desa. Ora gelem rewang-rewang. Malah dadi nyemprot-nyemprot awake dhewe. Paribasan ngidoni langit, ora wurung mung mbalik ngenani awake dhewe.

Kanggone sing nglakoni buru dhuwit, mudhenge bareng wis kelakon. Menawa nyambut gawene mung kontrak setaun suwene rong taun. Bareng kontrake entek, gari bingung lonthang-lanthung dadi panji klanthung. Arep ngapa-ngapa wegah. Wis kebacut cekel dhuwit ngembrah. Tangeh lamun nyusul bapak simbok menyang sawah. Saben dina isine mung mlumah-mlumah ana ngomah. Dhuwit wis dadi montor lan granit kanggo njrambah rehab omah. Ora mung Hari sing ngrasake kaya kuwi. Akeh tunggale. Sok kepara padha reuni, kumpul-kumpul ana buk wates desa saben wengi. Udad-udud ngobrol ngalor ngidul nutuh kahanan. Nggrantese durung sepiroa dibandhing sing wis kebacut rabi. Ora cekel gawe nanging kebutuhane anak bojo kudu dicukupi. Mumet njaba njero, lara sirah lara ati.

Esuk-esuk mari tangi, Hari gragapan krungu bapake nggedhor-nggedhor lawang. Aneh. Ora kaya adat saben, mesthine ana sing wigati. Jare garapan sawah wis rampungan, nek perkara ngopahi buruh tandur lan traktor rak ya ora prelu nggedhor-nggedhor lawang.

“Ri, Hari..!” pangundange bapakne diseroni. Hari gageyan metu saka kamare. Kriyap-kriyip karipan sewengi lek-lekan.“Mau bengi, lunga menyang ngendi karo sapa bae?”

“Ana apa ta pak?” wangsulane Hari rumangsa ora duwe salah

“Kowe krungu apa ora, omahe Pak Pranoto kebobolan maling. Tipi, hape, karo dhuwit sing ana lemari jarene limang yutanan ilang. Gelange Bu Narni bojone ya katut.”

“Wah ya ra ngerti, maksude bapak ki takon apa nudhuh aku?”

“Kok tekan semono tembungmu Le. Lha sapa ngerti kowe mau bengi nek biyasa thongkrongan ana buk wetan desa rak dalan cedhak karo omahe Pak Pranoto dadi weruh glibete wong nyalawadi.”

“Lho, bapak nggone takon ya kaya ngono, setengahe atiku rak dadi krasa. Apa dumeh saiki aku pengangguran terus dadi gelem colong jupuk?”

“Ya aja nesu, karepe bapakmu ki mbokmenawa weruh, utawa sapa ngerti wong-wong ya duwe panduga kaya ngono. Saiki akeh wong nganggur saka perantoan, dadi gelem tumindak durjana merga ora biyasa tandang gawe kasar kanthi pametu cilik. Apa salahe bapakmu takon ngaruhake. Yen iya rak dadi wirange, apameneh yen nganti dadi urusane sing berwajib.”

“Pak…jaman saiki aja dipadhake karo biyen jaman bapak isih enom. Saiki jaman maju, akeh wong sliwar-sliwer saben wektu. Ora kenal awan wengi.Sasat sedina sewengi ora ana matine.Apameneh neng kutha gedhe kana.”

“Wis cukup.Ora prelu kokbacutke. Ora ana gunane kanggo bapak.” panyigege Mustolih, bapake Hari, sora. Anak-anak jaman saiki, apa merga ora oleh pamulangan unggah-ungguh lan tata krama dadi wani nglunjak marang wong tuwa. Sakecap disauri rong kecap. Sora diungkuli luwih sora. Dumeh bisa aweh paitan ngupahi buruh tandur lan traktor dadi wani nyentak wong tuwa. Ora kelingan sapa biyene sing nglairake, sing nyukupi kabutuhane, sing ngragadi sekolahe.

“Genahe kowe ora weruh lan ora tumindak nyubriyani, sebab wong thongkrongan wayah wengi bisa kena dakwa yen wong-wong wiwit cubriya. Wis bapak arep tilik tandur.”

“Ora.” Hari mung wangsulan sakecap lan lirih.

Wengine, wong kang dicubriyani meksa durung ketitik. Mbuh wong cedhak-cedhak bae, tegese tanggane Pak Pranoto utawa tangga desa kiwa tengen. Apa malah pancen wong nguja dadi maling saka endi embuh parane. Cethane wengi iki ana suwara kenthong dititir sinartan panjelihe wong akeh kang nyebut-nyebut maling. Maliiiinnnggg …Maliiiinnnggg …Maliiiinnnggg … ambal-ambalan tundhan. Swara kasebut mrambat sekawit saka arah kidul saya suwe mengalor nyedhak omahe Mustolih. Sawetara kang keprungu ngadohi uga ana. Kena dipestheke mrambat ngidul, sebab wetan lan kulon anane bulakan sawah. Desa iki mujur ngalor ngidul diapit sawah.

Saka sawetara wong kang bisa ditakoni nyebut omahe Pak Lurah sing kemalingan. Bola-bali dhuwit yutan kang ilang. Sejene kuwi ora ana sing digawa. Kaprigelane maling iki ngemu teges neter kapitayane wong-wong desa Banjarejo. Desa kang sekawit reja aman tanpa ana kekurangan. Yen ana siji loro kang durung cukup lumrah, pamarentah desa uga wis kupiya aweh bantuwan wujud beras, endhog, malah saiki ana daging, sarta dhuwit blanjan. Yen dikerta aji gunggung kepruk ora kalah karo pegawe negri golongan 1.

Geneya saiki ana wong durjana kumawani ngosik katentremane warga. Kok saben wengi ana sing kelangan. Sasat warga banjarejo uga ora ana sing tumindak nalisir. Durung nate ana wong kang duwe urusan karo kapulisen. Ning sapa ngerti wolak-waliking jaman lan kahanan. Mung kang nggorehake pikir, geneya kahanan kaya ngene akeh wong-wong buen diculake. Apa merga iku banjur ana kadurjanan. Kena dikandhakake masarakat dhewe ya durung nganti kaluwen utawa tembung kasare kaliren. Apameneh nek mung ukurane wong memangan mesthine isih bisa cukup. Nanging yen diukur nganggo nguja weteng lan nepsu nembe kena diarani kurang. Kurang lan luwihe mesthi uga ana watese. Yen dituruti karepe wong mesthi kepengin luwih lan urip mubra-mubru.

“Pak Lurah, nek kados niki terus-terusan, warga kedah didamel jaga rondha saben wengi.” Usule Trimo karo montong-montong nyekel penthungan.

“Setuju! Setuju! Sae niku Pak Lurah.” Surake wong-wong kang padha ngumpul dadakan ing kulon omahe Mustolih. Pak Lurah kang nembe kemalingan uga ana. Wong-wong kan niyate mburu maling iku malah sidane dadi rapat dadakan.

“Sedulur kabeh, prayogane saiki ngaso dhisik. Sesuk dirembug meneh, pamong desa bakal gawe jadwal jaga, saiki sing padha mulat kahanan. Bab kedadeyan kemalingan rong wengi iki mengko dakuruse menyang pulisi. Muga-muga enggal nemu sisik melik sapa sejatine kang wani ngosik katentremane warga. Aja padha lali yen metu saka ngomah kaya iki nganggo masker.”

Wong-wong kang gethem-gethem kepengin nyekel maling padha angluh, kendho nesune. Siji mbaka siji ninggalake papan kono. Mung kari Pak Lurah karo Mustolih kang paling cedhak omah sing isih keri. Bareng mesthhekake kabeh warga wis bali, Pak Lurah uga enggal nututi ninggalake Mustolih ijen.

Pandom jam ing tangane pak Lurah nuduhake angka 01.10. Bubar saka nguber playune maling kang ora kena dititik tlacake mau durung bisa mapan sare. Klisikan keganggu perkara sepele anane maling. Ora ngrasakake kahanan sumebare covid-19nembe gawe tintrim, malah ditambahi wong culika kumawani ngubak-ubak banyu bening. Dienam pikirane ngalor ngidul durung ketemu nalare. Pungkase mripat kesel dhewe, mak liyep kelalen merem. Nanging kudu keganggu meneh swara pambengoke wong-wong kang mesthine wargane dhewe nyebut-nyebut maling.

“Ngetan, wonge mlayu ngetan…!” aloke saweneh warga karo mllayu sipat kuping. Gemrudug swara sikil pirang-pirang mlayu kaya ana balapan jaran. Wong-wong kang padha nglumpuk keprenah ana sawetan omahe pak Lurah. Gregah tangi meneh. Metu ngomah,, nakyinake kahanan dalan wetan omah.

“Wonge nganggo masker brukut.” ana meneh sing alok jare weruh malinge

“Lha mbok awake dhewe ya nganggo masker, mung wong pira iki sing ora nganggo. Wong pancen kahanan. Kaya ngendikane pak Lurah mau angger metu ngomah supaya nganggo masker.”

“Wah, iki piye olehe mbedake, rata-rata padha maskeran.”

“Iki malah padha rembugan, ayo tututi meneh menyang ngendi playune!”

“Luput meneh malinge, arep ditutui menyang ngendi? Menawa kedadeyane bareng karo nggone pak Lurah mau, mung ora rumangsa yen ana tunggale sing kemalingan lagi krasa bareng mulih saka ngoyak mau, banjur bengok-bengok kemalingan.”

“Sapa sing weruh wonge yen nganggo masker?” wong-wong dadi thingak-thinguk nggoleki sing wadul maune. Rembuge padha saur manuk. Kawit mau ora ngerti larah-larahe. Kahanan kang dadi ora tentrem, ndadekake warga tumindak kurang duga.

“Ngone sapa sing kelangan?” Pak Lurah ndangu warga.

“Nggen kula pak, lemari diudhal-udhal, emas kalih arta senajan namung sekedhik. Sayuta langkung.”

“O…. nggonmu Sum.” Pak Lurah manthuk-manthuk. “Bapak-bapak, upami wengi niki awake dhewe sisan lek-lekan, jaga-jaga pripun. Disebar ana pos-pos pojok desa sing kira-kira dadi dalan mlebu metune wong kang nyalawadi. Yen prelu ana sing sesidheman murih yen malinge isih arep tumindak, dadi ora ngerti yen saiki wis padha siyaga.”

“Setuju… prayogi ngaten pak Lurah, kula kalih kang Sumadi tak iring kidul kulon, caket griya.” usule Trimo nayogyani.

“Ning aja turu Mo! Dumeh cedhak omah banjur mlipir mlebu omah terus ngorok.” senggake Mustolih disaut guyune wong-wong. Ora let suwe warga mrenahake dhewe-dhewe apa kang dadi pamrayogane Pak Lurah. Kahanan dadi sepi maneh. Nganti parak esuk ora ana wong kang bengak-bengok kemalingan. Sajake aman. Wengi-wengi candhake wong-wong tansah siyaga. Gilir gumanti manut urutane. Durung ana kabar sapa kang dadi malinge. Lap ilange kaya dipangan peteng.

Berita kang sumebar ana ing grup-grup media kontak, Desa Kambangsari wetane Banjarejo uga ana kang kemalingan. Malah sing dijupuk dudu dhuwit, nanging gabah limang kandhi. Anehe, saben-saben kedadeyan ana bae sing rumangsa weruh menawa malinge nganggo masker. Cethane wong-wong buen kang dijanjekake bakal diluwari saka paukuman nyatane durung ana kang metu bali saka rutan. Cacahe warga Kecamatan Arjowinangun ya mung loro, wong Kambangsari siji lan wong cedhak kecamatan. Loro-lorone pancen kecekel Pulisi merga konangan anggone maling. Embuh wong loro kuwi oleh pengentheng-entheng apa ora. Nyatane nek mung ndakwa wong maskeran, saiki akeh wong maskeran. Malah mung siji loro kang ora nganggo masker.

Wong-wong saumure pak Lurah lan Mustolih padha gedheg-gedheg ndulu kahanan iki. Pindhane miyak lan njlimeti paraga sinandi kang ana ing lakon kethoprak sayembara. Kasunyatan akeh rembug-rembug warga saben ana warung ana pos rondha, ana sawah ana pasar padha grenang-greneng nyebut jeneng. Cubriyane marang wong perantoan kang saiki ngandhang ana ngomah, elok dene dhuwite ora entek-entek. Nuli ngilani gaji, ngetung-etung bandha kang mentas dituku, klebu ngothak-athik enteke wragad rehab omah. Pandumuke kabeh kena diarani ketemu nalar.Bisa uga maling-maling sing diculake saka kunjaran, apa wong-wong kang mupangatake kahanan. Dina iki Pak Lurah wis gawe putusan menawa masker warga Banjarejo bakal disragamake.

 

Eko Wahyudi Merapi

Pandhemen sastra Jawa, mapan ing Kebumen.


Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya






Kolom

Langganan Konten

Pasang Baliho