SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Solopos.com, SOLO — Awakku lungkrah banget. Mulane, aku leyeh-leyeh ing lincak ngemper. Ora suwe, aku kelingan jaman semana.

Nalika bis jurusan Wonogiri–Solo tekan terminal Tirtonadi, Solo aku mudhun. Tasku cilik dakcangklong, tasku gedhe dakcangking tangan tengenku. Lumayan abot kanggoku.

Promosi Komeng The Phenomenon, Diserbu Jutaan Pemilih Anomali

“Semarang, Semarang. Semarang Pak?” pitakone wong terminal, golek penumpang.

“Inggih,” wangsulanku.

“Kula betakaken nggih Pak?”

“Inggih,” wangsulanku karo menehake tasku sing gedhe.

Aku mlaku ngetutake wong sing nggawa tasku tumuju bis semarangan. Ora suwe aku wis lungguh ing bis semarangan. Bis AC apik, banjur budhal ninggalake terminal Tirtonadi.

Sadawane dalan aku kelingan 40-an taun kepungkur, nalika SPG Don Bosko ing Semarang. Saben mulih Wonogiri lan bali menyang asrama ya numpak bis kaya ngene iki. Bedane, bis jaman biyen ora nganggo AC ngene iki.

Tekan Sukun sadurunge mlebu dalan tol bis mandheg. Akeh penumpang mudhun, kalebu aku. Tasku cilik dakcangklong, tasku gedhe dakcangking tangan tengenku.

“Ngersakaken grab Pake?”

Aku noleh. Saeba kagetku, krungu swara wanita udakara 30-an taun. Slirane nganggo kaos putih ngepres banget. Dedege sedheng kira-kira 160-an senti. Nganggo clana jeans biru tampilane pantes banget.

“Kula betakaken nggih Pak?” celathune, banjur ngangkat tasku gedhe saka tanganku. Wanita kuwi mlaku marani mobil grab diparkir ngisor wit pinggir dalan.
“Sopire grab endi Mbak?” pitakonku.

“Sopire nggih kula niki Pak.”

“Walah, ….”

“Wonten menapa Pak?”

Aku ndomblong, njembleng serendheng. Aku gumun. Racake sing diarani sopir ki priyayi kakung. Yen ana sopir wanita iku mung nyopir mobile dhewe, sopir mobil pribadi. Dudu sopir grab kaya ngene iki. Wanita ayu kaya ngene kok dadi sopir grab.

Aku gumun karo sopir iki. Pawakane lencir kuning. Nalika mbukak maskere sing ngalangi panyawangku, aku mlenggong. Aku ndomblong, mlongo. Wanita iki kaya Kinan sing ana ing sinetron Layangan Putus. Persis, jibles. Ora slewah babar blas.

“Mangga Pak, katuran mlebet!” celathune karo mbukak lawang ngarep sisih kiwa.

Aku gragapan. Dheweke mesem. Ayu banget, sempurna.

“Yen aku sing nyopir piye Mbak?” usulku.

Dheweke mesem karo ngulungake kunci kontak.

“Suami tindak pundi Mbak, kok slirane nyopir grab piyambak?” takonku ing sela-selane swara mesin ana ing dalan tumuju Jatingaleh. Penak tenan mobil anyar iki.

“Napa Pak?” pitakone semu sora.

“Garwane ngasta wonten pundi Mbak?” pitakonku setengah nylidhiki.

“Sampun mboten gadhah Pak.”

“Punapa seda dipunserang corona?”

“Dipunrayah tiyang sanes Pak,” wangsulane lirih.

“Wadhuh, lha kok ya ana wong tumindak ngono.”

“Kersanipun Pak, kula sampun trimah. Mbokbilih sampun sinerat lakon kula mekaten,” ature sajak legawa.

“Terus, Njenengan kaliyan putrane nggih?” pitakonku karo noleh ngiwa.

“Dereng gadhah putra Pak.” wangsulane karo noleh nengen nyawang aku.

Atiku tratapan, nalika nyawang pasuryane. Ayu tenan sopir grab iki, mangkono batinku. Ayune gawe buyar konsentrasiku.

Dumadakan pit montor ngarep mobil grab, nengah dadakan. Stir dakbanting ngeget nengen supaya ora nubruk. Saking kagete sopir grab ayu ngembruki pundhakku sisih kiwa. Begjane tanganku kiwa sing lagi nyekel persneling ketindhihan wohing dhadha sopir grab iku.



“Nyuwun ngapunten Mbak, ora weruh. Kok ana pit montor nengen ora menehi tandha,” jareku.

Slirane gragapan terus mbenerake lungguhe. Sawetara slirane mandeng aku, praupane semburat jambon. Aku kepengin ngesun pipine.

Ora krasa wis tekan lor Jatingaleh. Mobil grab mlebu Jalan Sultan Agung ing Kaliwiru. Mobil grab mlakune alon banget. Saben aku liwat dalan iki kelingan maewu-ewu kenangan kasimpen ing ati. Kenangan karo kenya Kaliwiru sing ayu kaya sopir grab iki. Muga-muga aku bisa ketemu. Sore iki slirane budhal saka Karawang tumuju Semarang.

“Menapa sampun dumugi tujuwan Pak, kok alon-alon sanget?”

“Dereng Mbak. Kula ngematke Jalan Sultan Agung niki,” wangsulanku.

Swasana sepi. Aku bingung arep omong apa. Bola-bali aku noleh ngiwa nyawang pasuryane. Dumadakan slirane noleh nengen nalika aku ngepasi noleh ngiwa.

“Badhe tindak pundi ta Pak?” pitakone karo semu gugup.

“Badhe dhateng Hotel Pantes Simpang Lima,” wangsulanku.

“Badhe rapat nggih Pak?”



“Badhe reuni cilik-cilikan. Sesuk awan Mbak, 14 Februari.”

“Reuni menapa Pak?” pitakone semu nylidhiki.

“Reuni alumni SPG Don Bosko Semarang.”

“SPG Don Bosko niku mapanipun pundi Pak?”

“Ana ing Jalan Sultan Agung iki.” Nalika mobil iki mlaku alon-alon mau pas ana ngarepe SMA Don Bosko. Biyen SPG terus diganti SMA. Ngono sujarahe.

“SPG niku sekolah napa ta Pak?”

“Sekolahnya Pria Ganteng,” wangsulanku karo ngampet ngguyu.

“Bapak ada-ada saja.” celathune karo semu bingung, ora pracaya.

“SPG iku Sekolah Pendidikan Guru. Sekolah berasrama. Lulusan SPG bisa dadi guru SD utawa TK. Mekaten Mbak.”



“Oooo, nembe mudheng kula,” ature.

Ora krasa wis tekan Hotel Pantes Simpang Lima. Mobil grab banjur mlebu area parkir.

“Nyuwun tulung Mbak, direwangi nggawa gawanku menyang kamar, nggih!”

“Inggih, Pak, siap.” muni ngono karo ngangkat tasku sing gedhe.

Aku lan slirane mlaku nuju meja resepsionis. Ing ruwang iku ora suwe, mung njupuk kunci kamar wae. Jalaran anggonku pesen kamar sacara online.

Aku lan slirane nerusake laku tumuju kamar sing dakpesen. Pintu kamar dakbukak. Kamare jembar, resik, lan adem merga AC.

“Dakaturi pinarak sik Mbak. Kene lenggah dhisik, ben mari kesele! Oh, iya. Asmane sapa, slirane?” pitakonku.

“Kula Wina, Pak.”

Dumadakan ana karyawan hotel mandheg ngarep lawang nggawa nampan isine maneka warna panganan lan ombenan.



“Mbak Wina ngersakne unjukan adhem apa anget?” pitakonku.

“Wadhuh, mboten sah repot-repot Pak.”

“Ora repot. Wis kadhung dakpesen.” jareku karo njupukake jus jeruk saka nampan.

“Ayo, diunjuk.”

“Inggih, Pak. Matur nuwun.”

“Slirane ki yen nyopir mobil grab napa nggih siang malam?”

“Namung siyang kemawon Pak,” ngakune.

“Bener. Luwih prayoga kuwi. Jalaran slirane ki, nyuwun sewu, ayu. Jujur, sakjane aku ora lila yen slirane dadi sopir grab sanajan kuwi pegaweyan halal.” bacutku.

Wina ndhingkluk, katon rikuh.

“Wis Mbak, terus pira ongkose mau?” pitakonku.

“Sakersa Bapak kemawon, kula ndherek,” wangsulane.

Aku ndudut lembaran abang papat saka dompet banjur daklungake.

“Wah, menika kekathahen, Pak,” pangucape Wina.

“Wis diasta kabeh wae, ora usah dilongi. Minangka simpatiku marang slirane.”

“Kula mboten sekeca, Pak. Napa malih panjenengan piyambak ingkang nyopir,” guneme rikuh. Aku meksa slirane dakkon nampani. Wina, bola-bali anggone ngucapake maturnuwun.

“Umpama slirane saiki ora usah nyopir grab ngono, piye?” pitakonku sabanjure.

“Menika sampun pedamelan kula, lhe Pak.”

“Bener. Aku ngerti. Nanging, aku ora lila yen slirane dadi sopir grab. Umpama slirane ngancani aku ana kene piye?”

Wina ndhingkluk sawetara. Katon praupane semburat jambon. Slirane banjur ndhangak nyawang aku, katon rikuh banget malah kepara kisinan.

“Yen slirane ora gelem ya ora apa-apa lho. Ora usah digawe abot. Ananging aku tetep ngantu-antu jawabane.” tembungku sareh.

“Kula dereng saged nyaosi jawaban sakniki Pak. Nyuwun pamit Pak, matur nuwun.”

“Sadurunge budhal, aku pengin nyaosi slirane hadiah.”

“Hadiah menapa Pak?” pitakone karo semu bingung.

“Mengko bengi kuwi, malam valentine’s day, hari kasih sayang. Aku duwe hadiah akeh ana ing tasku sing mbokgawa mau. Iki hadiah istimewa kagem slirane. Happy Valentine’s Day, Wina.” pangucapku karo menehake hadiah sing dakbungkus kertas jambon.

“Matur nuwun sanget Pak,” ature karo nampani hadiahku.

“Jane hadiah iku arep dakcaoske slirane malam valentine’s day mengko. Nanging saiki ya ora apa-apa. O iya, iki ana hadiah tambahan,” jareku karo menehake kembang mawar lan coklat silverqueen.

“Matur nuwun sanget Pak,” ature karo mesem sumringah.

Wina seneng banget. Makaping-kaping matur nuwun marang aku. Aku nyawang wae praupane sing ayu. Kepengin aku ngesun pipine.

“Nyuwun pamit, nggih Pak?”

“Nggih, ngati-ati. Maskere diagem! Aja lali pitakonku mau durung dijawab!”

“Nggih Pak.”

Swasana sepi. Age-age aku adus. Muga-muga ana kancaku sing nginep hotel iki, bisa dakajak ngobrol sadurunge turu. Ana ing grup WA akeh sing crita yen arep nginep ing hotel malam valentine’s day iki.

Bubar adus aku ngopi karo nonton TV. TV-ne jembar banget layare. Bening, gambare cetha. Emane pirang-pirang channel siyarane padha. Beritane mung wong sing protes merga ibu kotane dipindhah Kalimantan. Rame banget, ana jin mbuwang anak ing Kalimantan.

“Wadhuh, HP-ku geter. Sapa iki? Kok mung nomer sing ketok.” Hp-ku dakangkat.

“Assalamu’alaikum, Bapak ….”

“Wa’alaikum salam. Slirane ta Cah Ayu?”

“Inggih, Pak. Dalem Wina,” swarane lembut.

“Nyadhong duka Pak. Kula nembe matur samenika.”

“Iya. Ora dadi apa, Win. Aku wis krasa yen slirane ora sarujuk. Aku nyuwun pangapura ya, Win,” jareku apa anane.

“Bapak kok ngendika ngaten?”

“Lha piye, ta, Cah Ayu. Rak ya bener ta?”

“Mboten leres Pak!”

“Lire kepiye?”

“Kula ndherek kersanipun Bapak. Badhe malam valentine’s day kaliyan Bapak. Kula badhe mriku dhateng Hotel Pantes Simpang Lima.”

Terus lamat-lamat aku krungu swara. “Pak, Pak, Pake, tangia Pak!”

Jebule bojoku nggoyag-oyag awakku. Wow, allah. Tibake aku ngimpi ta iki mau.

 

D. Roch Ediyanto
Guru SMP Kanisius Jl. Durian No 9 Wonogiri 57612

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya