SOLOPOS.COM - Bonari Nabobenar, Pangarsa Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso)

Bonari Nabobenar, Pangarsa Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso)

Lumantar Yayasan Rancage, Pak Ayip Rosidi wis nindakake ayahan kang satuhune dadi tanggungjawabe nagara kang kudu ditindakake dening Pamarentah (Dhaerah), yaiku paring ganjaran/bebana marang sok sapaa kang wus nuduhake prestasi pinunjul, gegandhengan karo kupiya ngrembakakake basa lan sastra dhaerah. Hadhiah Rancage kang maune mung tumiba kanggo Sastra Sunda (wiwit 24 taun kepungkur) nyatane sempulur nganti tekan seprene lan malah wus sumrambah marang Sastra Jawa, Sastra Bali lan Sastra Lampung. Iki ayahan agung kang pantes sinengkuyung.

Promosi Iwan Fals, Cuaca Panas dan Konsistensi Menanam Sejuta Pohon

Kepriye carane nyengkuyung? Pak Ayip tau ngendika, manawa panyengkuyung marang Yayasan Rancage bisa arupa dana lan/utawa laku mborong buku-buku kang wus ketiban Hadhiah Rancage. Tumrap pamarentah dhaerah, angger nyata jawa tenan (tegese ngreti utawa nalare wis gaduk nggagapi manawa Hadhiah Rancage kuwi penting banget kanggo ngundhakake pakulinan memaca lan nenulis apadene nglestarekake maneka warna wujude kabudayan bangsa Indonesia) iku dudu barang abot. Nanging, nyatane nganti seprene sajak durung katon gumregute.

Ya wis ben, yen pamarentah durung bisa aweh panyengkuyung, yen nyatane pancen durung jawa tenan. Andharan iki malah pengin mitakonake, bebrayan Jawa dhewe piye? Gelem nyengkuyung lekas kang apik banget kaya mangkono iku apa ora? Apa wong Jawa isih bisa rumangsa bombong yen basa Jawa ngrembaka ing tradhisi tulise, lan sastra Jawa sansaya maju laras karo semangat jamane? Ana cara gampang kanggo mangsuli pitakon iku. Tur, wangsulane wis ketemu: ora! Tegese, wong Jawa sajak wis ora preduli marang ngrembaka apa orane tradhisi tulis lan majune sastra Jawa. Titikane: ora ana buku abasa Jawa (aksara latin) kang bisa kadol nganti 2.000 eksemplar/judhul, kejaba yen olehe kepayon amarga proyek ”Inpres” lan sapiturute. Kamangka, yen wong Jawa kuwi cacahe udakara 100-an yuta, bisa dikira-kira wong pira kang melek aksara. Njomplang banget. Malah yen nitik riwayate buku-buku kang ketiban Hadhiah Rancage, wiwit taun 1994 nganti seprene kuwi, akeh kang mung kacithak ora luwih saka 1.000 eksemplar. Mbokmanawa malah ora mung siji-loro kang mung cinithak atusan eksemplar. Apa ora mrihatinake banget kahanan kang kaya mangkono kuwi?

Geneya kok kaya mangkono? Ana panganggep manawa sastra Jawa mono wis kukut mbarengi surude Sang Pujangga Ranggawarsita. Sabubare kuwi, luwih-luwih sastra saka jinis crita cekak, crita sambung, lan guritan kang padatane kapacak ing kalawarti abasa Jawa kuwi dudu karya Sastra Jawa, nanging mung dhapur ndilalah wae nggunakake basa Jawa. Tur isih ditambahi panyendhu manawa basa Jawane ya wis rusak, amarga wis kakehan kambon struktur basa Indonesia. Isine ya wis adoh saka wosing kabudayan Jawa, adoh saka bab sangkan-paran, sedulur papat lima pancer, lan sapiturute. Cekak-cukupe, tlonjonge mung marang dudutan manawa Sastra Jawa jaman saiki kuwi wis ora ana ajine.

Mbokmanawa, prekara aji-orane karya Sastra Jawa Gagrag Anyar kuwi bisa dadi rembug kang gayeng. Mula, gegayutan karo tlonjonge andharan iki, ing kene bakal cinupet kanthi atur: sanajan ta ala tanpa rupa, isih ana kang bisa diundhuh saka samubarang kang saiki tinulis nganggo basa Jawa. Apa? Ya, basa Jawa iku! Arepa isine bab keindonesiaan apadene kesejagadan saweneh crita cekak, upamane, dheweke wis urun marang sempulure basa Jawa ing jaman iki. Wong Jawa saiki iki, kena diarani wis kelangan aksarane: aksara Jawa utawa carakan. Iku ya amarga biyen ora disempulurake panganggone. Lha, saiki, yen wong Jawa wae wis nganggep sepele basa Jawa (sanajan wis semampir ing aksara Latin), apa mengko ora bakal apes kaping pindho yen tradhisi tulise banjur cures?

Mulane, mangga para priyantun Jawa ingkang tuhu tresna dhumateng wosing budayanipun, kalebet basanipun, wiwit sapunika kersaa mundhut buku-buku abasa Jawa. Punapa malih yen buku punika sampun kabiji lan dipunakeni pantes nampi pakurmatan wujud Hadhiah Rancage.

Mbokmanawa iki mung impen. Mula coba ayo ngimpi bebarengan. Yen ana wong 10.000 wae kang gelem nukoni saben ana buku abasa Jawa kababar, ayo dietung pira dhuwit kang bisa mlebu kanthonge pengarange? Upama regane Rp 30.000/buku, royaltine 10%, sawuse kepayon buku cacah 10.000 kuwi pengarang bakal nampa wutuh Rp 30 yuta. Lho, rak kepetung apik banget ta kuwi? Sing rumangsa kabotan nuku saben buku abasa Jawa kang kababar, ya nuku buku basa Jawa kang ketiban Rancage wae, tegese mung prelu tuku buku siji saben taun.

”Lho, aku ora doyan maca buku/karya sastra Jawa kok dikon tuku buku abasa Jawa?”

Sauger rasa tresna iku nyata ana, wis ta, ora diwaca ya ora apa-apa. Anggepen wae buku kuwi kadidene tandha mata. Tarini Sorita (asal Cirebon), kang dadi domestic worker ing Hong Kong sawijining wektu mbabar buku kumpulan crita cekak abasa Indonesia, Penari Naga Kecil. Olehe nyithak buku kuwi ing Surabaya, digawa menyang Hong 200 eksemplar, diedol ora mung marang sapepadhane domestic worker saka Indonesia, nanging uga marang kanca-kancane kang asale saka Philipina, tepungane saka Amerika lan Inggris klebu marang juragane kang babar pisan ora bisa maca buku abasa Indonesia. Lha, angele wong Jawa, biyasane yen mbabar buku kanca-kancane malah didumi kanthi gratis! Mbokmanawa iku pakulinan apik nanging kurang prayoga.

Angger impen utawa gagasan iki dianggep apik, ndadekake sawijining  Gerakan Tresna Sastra Jawa kanthi laku tuku buku basa Jawa kudune dudu barang angel. Saiki wis ana ubarampe kang nggampangake kampanye, nyumebarake ulem, lan ngajak saben wong Jawa kang melek internet melu nggethok tularake wigatine gerakan mau, kang kasebut situs jejaring sosial, kayata Facebook, Twitter, lan liya-liyane. Upama gerakan iki bisa sinengkuyung dening para pengarang (sastrawan) Jawa apadene para guru basa Jawa wae, mbokmanawa ora prelu kedawan impen. Sumangga.

 

 

 

 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya