Jagad-jawa
Kamis, 15 Desember 2011 - 14:37 WIB

Kepengin dadi budayawan sejati

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Dite Hastini (JIBI/SOLOPOS/Istimewa)

Dite Hastini (JIBI/SOLOPOS/Istimewa)

Saking tresnane marang seni tradhisi Jawa, Dite Hastini, kanoman saka Sukoharjo, rila ninggalake lemah kalairane kanggo ngangsu kawruh ing Universitas Indonesia (UI) ing Jakarta.

Advertisement

Anak wadone Ki Dhalang Toto Atmodjo lan Mulyati iki uga milih kuliyah ing Jurusan Sastra Jawa FIB. Ora mandeg tekan semono, Dite uga sregep melu kegiyatan kang ana sesambungane karo seni tradhisi ing pawiyatan luhur iku.

“Saliyane kuliyah, aku gladhen beksan jaipongan, beksan Bali, Betawi, uga gladhen karawitan wiwit ngendhang sabet, ciblon lan jaipong, gladhen sabetan wayang,” pratelane Dite marang Espos, Selasa (13/12).

Kawasisane mbeksa utawa nggamel lan uga nembang pancen ora diselaki maneh. Sanajan isih mudha, lulusan SMAN 1 Sukoharjo iki kawit cilik pancen wus trampil lan bisa ngayahi kuwi kabeh. Ing Jakarta, Dite uga kerep melu pentas macapat, pentas kethoprak. Malah during suwe iki, bubar main film nadyan amung dadi figuran dhalang lan sindhene kanggo FFI. Irah-irahane Wajang Koelit. Aku uga melu pepanthan macapat Radya Agung Jakarta lan melu pepanthan drama tradhisional Sekar Budaya Nusantara Jurusan Sastra Jawa,” ujare.

Advertisement

Saking tresnane marang seni tradhisi, Dite uga gelem nglabuhi nonton wayangan sanajan udan-udan lan kudu mangkat dhewekan. Tumrap kenya kang tanggal 7 Desember wingi nyuguhake tembang macapat ing Jakarta Internasional Literary Festival ing Gedhung Kesenian Jakarta iku, nganti saiki dheweke sregep gladhen lan uga mulang beksa, nyindhen, sarta dadi pangrawit. Sebab, salah siji gegayuhane yaiku kepengin dadi budayawan sejati.

(JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakosa)

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif