SOLOPOS.COM - Ilustrasi pentas Wayang Orang Sriwedari Solo. (Solopos/Nicolous Irawan)

Solopos.com, SOLO — Sanajan sasi Pasa, pepanthan Wayang Orang Sriwedari (WOS) Solo ora prei anggone gladhen utawa mbabar pentas. Mung wae, wektu munggah panggunge rada diundur sithik.

Maune jam 19.30 WIB dadi jam 20.15 WIB amarga nyelarasake karo kegiyatane warga masarakat sasuwene Pasa iki. Pangajabe para pandhemen seni tradhisional tetep bisa golek panglipur utawa tontonan sabubare ngibadah Salat Tarweh.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Salah sijine seniman kang kerepa kajibah dadi koordinator pentas wayang wong lan kethoprak ing pepanthan WOS, Diwasa Diranagara, ngandharake sasuwene sasi Pasa pepanthan WOS bakal mbabar pentas wayang wong ping 14 ing Gedhung Wayang Orang Sriwedari Solo.

Sanajan pamirsane mung bisa mlebu liwat regol mburi, Diwasa wus seneng amarga pentas wayang wong kang dibabar pisanan ing sasi Pasa iku ditonton kurang luwih 80% wong saka kursi sing cemepak sajroning gedhung.

“Iya wiwite Jumat [1/4/2022]. Alhamdulillah wektu kuwi akeh banget sing nonton, nganti 160-an wong saka 200 kursi sing cemepak. Saiki isih PPKM, mula pamirsane isih diwatesi paling akeh 200 wong,” piterange Diwasa, sawetara wektu kapungkur.

Diwasa duwe pangajab, muga-muga mangsa mudhik mengko bisa narik kawigatene masarakat lan para pemudhik supaya bareng-bareng nonton wayang wong.
Volunteer Sraddha Institute, Kukuh S. Widodo kang kerep nggatekake lan ngematake crita pewayangan, mratelakake maneka crita kang dipentasake dening pepanthan WOS sasuwene Pasa iki pancen sarwa apik.

Manawa ngonceki 14 irah-irahan crita kang dipentasake ing Gedhung Wayang Orang Sriwedari, panemune Kukuh, WOS ora mung mbabar crita-crita kang nuduhake bab-bab kang sarwa becik. Uga ana crita liya kang ngandhut piwulang jero tumraping manungsa.

“Crita kuwi kagambar saka wujude Kresna. Upamane nyritakake lelakone Wisnu nalika nitis saka Ramawijaya marang Kresna jroning crita Rama Nitis. Saliyane iku, uga ana crita Gojali Suta kang nyritakake ontran-ontran sajroning kulawargane Kresna. Sabanjure, Kresna Gugur utawa layone Kresna dhewe,” ujare Kukuh nalika ditemoni Espos, Senin (4/4/2022).

Saka 14 irah-irahan crita kang dipentasake WOS April 2022, Kukuh mratelakake manawa kabeh crita kang dibabar sajroning pentas wayang wong iku ora luput saka reroncening crita Banjaran Kresna. Banjaran ateges larik kang dawa, dene Kresna dadi punjering tokoh sajroning reroncening crita kuwi.

“Crita siji lan sijine ana sesambungane. Tanggal 1-2 April, nyritakake jaman nom-nomane Kresna kanthi jeneng Narayana. Tanggal 7-9 April, critane wus ngrembaka maneh ndhudhah crita katresnane Narayana. Tanggal 14-16 April nyritakake nalika Narayana ngancik diwasa banjur munggah nata kanthi jejeneng Prabu Kresna. Tanggal 21-23 April wus wiwit nyritakake Kresna nalika tata-tata arep perang Bharatayudha, lan tanggal 28 nganti 30 April, nyritakake nalika perang nganti Kresna gugur,” piterange Kukuh.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya