Wayang Modheren Bisa Nggeret Kawigatene Generasi Mudha

Salah sijine wayang kang digelar ing Pekan Wayang Jawa Tengah yaiku wayang potehi. Wayang potehi yaiku wayang saka China. Ing asale ing China kidul, wayang potehi nganggo basa hokkian. Nanging ing Indonesia, wayang potehi wus nganggo basa Indonesia. “Basa Indonesia supaya warga masarakat bisa ngerti karepe lan apa isine wayang kasebut,” ujare dhalang wayang potehi saka pepanthan Potehi Lima Merpati Surabaya, Sukar Mudjiono, Selasa (12/6).

Tembang-tembang kang ditembangake uga wus diganti tembang saka Jawa, kaya tembang jinis campursari. Miturut Sukar, saben gelaran ana 15 tembang kang dilagokake nganggo basa hokkian. “Mula supaya gampang dingerteni dening masarakat, tembang lan basane banjur diganti,” kandhane.

Babagan ngganti basa kuwi ora dadi prakara, uga ora ngrusak pakeme wayang hokian. Nalika pentas, dhalang wayang potehi uga duwe kode-kode basa hokkian kanggo nglarasake sesambungane karo para pengrawit.

Carita ing potehi uga carita sujarah ing China. Kurang luwih ana 15-an carita. Saben carita bisa dibeber nganti rong sasi. Kuwi wae durung mesthi bisa rampung, amarga saking dawane carita. Mula saben wayang potehi digelar, lumrahe amung nganggo perangan carita tartamtu.

Nalika dheweke diundang manggung ing adicara-adicara Tionghoa, akeh masarakat Tionghoa kang kangen karo budayane dhewe. “Sanajan wus nganggo basa Indonesia lan tembang campuran nganggo tembang Jawa, kabeh tetep seneng. Malah wus dipracaya budaya iki bakale bisa tetep lestari.”

Ing sisih liya, dhalang Wayang Kampung Sebelah, Ki Jlitheng Suparman, rumangsa samara marang nasibe jagad pedhalangan. Sebab, kahanan pewayangan ing jaman saiki wus surut kaya banyu kali ing mangsa ketiga, surut ing kualitas uga kuantitas masarakat lan generasi mudha.

Nalika ditemoni Espos ing daleme kang mapan ing Desa Siwal, Baki, Sukoharjo, dheweke njlentrehake dhalang kudu ngerti kahanan lan prakara sosial ing masarakat. Pedhalangan yiku seni pagelaran kang cedhak karo masarakat. Mula kuwi, kabeh piwulang kang bisa dijabarake dadi perangan kang wigati tumrap masarakat.

“Wayang saiki mung dadi entertainment lan panglipur, kelangan aspek komunikasi. Mula aku ora nyalahake kanoman kang ora seneng wayang, salahke dhalange kang kurang bisa komunikasi,” ujare piyambake.

Dene Pangarsa panitia Pekan Wayang Jawa Tengah, Suparman, mratelakkae dhalang kang mlebu ing pedhalangan kontemporer padatan wus kemput babagan pakeliran wayang klasik utawa wayang purwa. “Kaya Pak Parman (Jlitheng Suparman) nganggo wayang kampung sebelah, piyambake wus ngerti tenan, mula duwe kreativitas kanggo mujudake apa sing dikarepake,” kandhane.

Kajaba mudeng pakeliran, dhalang uga ora ngganti pakem-pakem utawa aturan kang wus baku. Aturan kuwi contone Gathutkaca kang duwe sipat teguh lan kuwat. Ing wayang kontemporer kang nuduhake tokoh Gathutkaca, uga kudu duweni sipat kasebut, ora suwalike. Uga sipate buta uga kudu duwe sipat ala lang dadi mungsuhe kabecikan. “Yen tokohe gaweyan dhewe, kuwi ya sak senenge dhalange.”

Nalika ana dhalang kang durung ngreti temenan babagan pedhalangan lan pewayangan, banjur kepingin gawe wayang kontemporer, ujare Parman, kuwi sah-sah wae. Malah bisa dadi dalan kanggo sinau kang luwih jero lan rata babagan wayang. “Sing baku, bab kuwi bisa nggambarake sinau wayang kuwi ora angel, gampang. Kabeh bisa. Babagan pakeliran lan paugeran bisa disinaoni. 



Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya






Kolom