SOLOPOS.COM - Illustrasi wayang beber. (Solopos.com-Agoes Rudianto)

Illustrasi

(FOTO: Istimewa) (Sunaryo Haryo Bayu/JIBI/SOLOPOS)

Wayang dadi salah sijine asil budaya bangsa kang adiluhung. Wayang ing saben papan panggonan duweni ciri kang beda-beda. Ing Tiongkok ana wayang potehi, ing tlatah Sunda ana wayang golek, ing Jawa Tengah ana wayang kulit, lan sapiturute. Kabeh kuwi amarga wayang wus dadi perangan uripe masarakat. Gunane wayang akeh banget, bisa kanggo panglipur, uga kanggo sarana nggiyarake agama lan upacara agama. Beda budaya ing masarakat, uga beda wayang lan caritane.

Promosi Riwayat Banjir di Semarang Sejak Zaman Belanda

Sawetara wektu kapungkue digelar Pekan Wayang Jawa Tengah 2012, Senen-Rebo (11-13/6), ing Pendhapa TBS Solo. ing adicara kuwi dituduhake maneka warna jinis wayang. Wiwit wayang purwa kang wus dadi salah sijine budaya masarakat Jawa, uga ana wayang kontemporer utawa wayang modheren, kaya wayang onthel, wayang kampung sebelah lan liya-liyane. “Ora ana sarat utawa kriteria wayang ing adicara iki. Kita, masarakat Jawa kepingin nuduhake maneka warna jinis wayang kang ana ing bumi nuswantara,” ujare Pangarsa panitia, Suparman, nalika ditemoni Espos ing TBS, Salasa (12/6).

Miturut dheweke, adicara iki bisa nyedhakake wayang karo masarakat. Nyawang kahanan saiki, wayang mung dianggep panglipur kuna lan ora ngenomi. “Wong enom padha wegah ndeleng wayang, alesane kuna lan ora ngenomi,” kandhane Suparman.

Mula, ing adicara kasebut, panitia ngajab budaya wayang kuwi ora dadi bab kang angel disinau, ananging gampang lan bisa membumi. “Saiki, wayang yen isih dianggep budaya adiluhung lan dimaknani kudu ngene kudu ngono, ora oleh ngene ora oleh ngono, para generasi mudha bakal angel olehe sinau,” ujare.

Wayang lan ndhalang kuwi gampang. Contone nalika isih bocah, para bocah seneng gawe wayang lan ndhalang, bisa nganggo godhong, dluwang wungkus semen, suket lan piranti liyane. Kuwi nggambarake wayang kuwi bisa wujud barang kang prasaja nganti wayang purwa kang kempling saka kulit sapi utawa kebo. Kabeh bisa disebut wayang. “Wayang kuwi ora baku, saben abad terus ganti-ganti bentuke amarga melu karepe menungsa lan jaman,” jlentrehe dheweke.

Contone nalika Hindhu durung teka ing Jawa, ana kapercayan animisme lan dinamisme kang mracayani marang ruh leluhur. Ruh kuwi diwujudake arupa hyang. Dene wong kang bisa omongan karo ruh, diarani syaman. Sabanjure hyang dadi wayang, syaman dadi dhalang. Ing abad X, Hindhu mlebu lan dening Raja Jayabaya, wayang ngrembaka kanthi lakon carita Ramayana. Ing ngrembakane jaman, wayang uga salin. Nalika jaman Jenggala, Raja Sri Suryawisesa nyampurnakake wayang purwa, banjur diklumpukake, disimpen ing peti kang endah.

Ing jaman kuwi uga digawe pakem carita wayang purwa. Nalika ana adicara ing karaton, mesthi uga ana pagelaran wayang purwa lan Sri Suryawisesa kang dadi dhalange. Ora mandheg semono, wayang ajeg salin lan ngrembaka ngetutake jaman, salah sijine ing abad XV nalika Islam mlebu ing Jawa. Wayang kang ana gamelan lan gambar-gambar iku dianggep ora pas karo tuntunan Islam. Mula ing jaman kasebut, wayang dadi beda guna lan isine. Carita Ramayana lan Mahabharata wus diganti, wiwit tata cara ing panggung lan carita diganti karo tata cara kang pas karo masarakat Islam ing jaman kuwi.

Kajaba saka sujarah wayang, jinis wayang uga bisa dideleng saka wujude. Wayang purwa saka kulit sapi utawa kebo. Wayang purwa kuwi isih kuwat ing tokoh lan caritane, yaiku carita kang adhedhasar saka Ramayana lan Mahabharata. Sunan Kalijaga nggunakake wayang kulit kanggo medhia dakwah. Miturut sujarah, piyambak dadi wong siji-sijine kang gawe wayang saka kulit kewan.

Ing Sunda ana wayang golek, saka kayu telung dhimensi lan diwenehi klambi kaya manungsa. Uga ana wayang krucil utawa wayang klithik. Wayang kasebut saka papan kayu kang ora beda karo wayang kulit.

Banjur ing abad XXI iki wus akeh wayang kang wus di-modifikasi kanthi maneka warna. Ing Pekan Wayang Jawa Tengah, ana wayang hip hop, wayang onthel Magelang lan wayang kampung sebelah. Wayang hip hop nuduhake wayang wong kang metu saka pakeme. Wayang nganggo sepatu, kacamata, uga pada nembang jinise musik hip hop. Wayang iki wus metu saka pakem pagelaran wayang.

Uga ana wayang onthel Magelang. Wayang iki uga nganggo beber, ana dhalang lan para pangrawit ing mburine dhalang. Ananging pangrawit pada dandan aneh-aneh. Dhalang uga macak ora kaya salumrahe dhalang ing pakem, nganggo blangkon lan busana mirunggan Jawa. Carita ing wayang onthel iki uga kajupuk saka kahanan urp padinan. Dene wayang kampung sebelah nganggo wayang tokoh realis, carita sing digarap uga kajupuk saka kahanan urip padinan, ana tokoh Pak Lurah, tukang becak, ustaz, hansip lan liya-liyane.

Illustrasi (FOTO: Agoes Rudianto/JIBI/SOLOPOS)

Illustrasi (FOTO: Dwi Prasetya/JIBI/SOLOPOS)

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya