SOLOPOS.COM - Illustrasi nyekar (JIBI/Solopos/Dok.

Illustrasi (FOTO: Agoes Rudianto/JIBI/SOLOPOS)

Sasi Ruwah utawa sasi arwah tiba ing tanggal 21 Juni 2012 utawa 1 Syaban 1433 H. Tumrap masarakat Jawa, mligine Sasi Ruwah kuwi duwe makna mengeti jasa para leluhur kang wus ndhisiki ing alam baka. Sasi Ruwah bisa dadi wektu kang trep kanggo mengeti budi pekertine para leluhur, para pahlawan kang duwe jasa gedhe yakuwi madege bangsa Indonesia.

Promosi Pembunuhan Satu Keluarga, Kisah Dante dan Indikasi Psikopat

“Nalika Ruwahan, aku uga ngajak anak-anak, tak critakake sapa sing dikubur, jaman dhisik piye uripe, apa jasa-jasane. Kuwi supaya dheweke dunung sapa leluhure, uga mangerteni jasa-jasane, dadi ora ilang utawa pedhot asal-usule,” kandhane dhosen FSSR UNS, Sisyono Eko WIdodo, Selasa (26/6).

Sasi ruwah kuwi uga bisa dadi sasi kang bisa dimaknani wancine resik-resik dhiri lair lan batin. Ngresiki ati lan pikiran dimaknani resik-resik mikrokosmos (donya cilik). “Iki bisa dadi sarana resik-resik mikrokosmos lan makrokosmos. Makrokosmos bisa dimaknani resik-resik lingkungan, ing sekitar dhusun, kampung, kuburan, omah. Uga bisa njaga lingkungan kaya alas, kali dadi tetep lestari,” ujare Sisyono.

Carane, salah sijine yaiku kanthi nguri-uri crita leluhur kang isih urip ing masarakat. Contone nalika ana piwulang kang nyebutake Wit-witan gedhe aja ditegor, ana sing nunggu. Piwulang iku ngandhut makna kang tandhes yaiku wit-witan bisa dadi sumber panguripan, kaya sumber banyu lan hawa kang resik. Bisa dideleng ing sakiterane wit-witan gedhe mesthi ajeg ana sumber banyu utawa sendhang kang banyune migunani tumrap masarakat, bisa dienggo mangsak, umbah-umbah lan adus.

Kajaba kuwi, ruwahan uga dadi sarana pakurmatan lan bekti marang para leluhur. Ruwahan dadi tandha kawicaksanan spiritual kang wus lestari wiwit saka leluhur, yaiku urip kuwi ora thukul utawa tiba saka langit, nanging saka jasa-jasane para leluhur. Jaman dhisik, leluhur padha njaga ilmu, bandha lan alam supaya lestari kanggo generasi candhake. Mula, generasi saiki uga kudu bisa njaga alam supaya bisa diwarisake marang generasi mudha.

Salah sijine wujud sukur marang leluhur lan Gusti Allah yaiku njaga alam supaya tetep lestari, bisa uga kanthi njaga kahanan. “Sipat kang saiki bisa ngrusak alam yaiku sipat nggragas lan ora duwe rasa marem. Wit-witan ditegori kanthi nepsu. Mula opahe yaiku banjir bandhang. Wit-witan kang bisa dadi sumber banyu utawa sendhang padha ilang, alam dadi ora harmonis, kamangka wong Jawa kuwi nengenake urip kang laras mikrokosmos lan makrokosmos.”

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya