SOLOPOS.COM - Espos/Burhan Ari Nugraha

Espos/Burhan Ari Nugraha

Jaman saiki gampang banget ana bencana. Udan sedhela wae ratan-ratan padha ngecembeng. Kadhang kala malah ndadekake banjir. Ora mung ratan, omah warga uga akeh sing klelep dipangan banyu.

Promosi Strategi Telkom Jaga Jaringan Demi Layanan Telekomunikasi Prima

Nalika wus kebacut kedadeyan, akeh pehak sing banjur nyuwara akeh, ngonceki kahanan, golek kaluputaning siji lan sijine. Jarene banjir utawa bencana iku dumadi amarga polah tingkahe manungsa dhewe sing dhemen mburu kasenengan lan butuhe dhewe. Upamane gampang banget negor wit-witan, mbabat alas nganti gundul, tanpa gelem ngimbangi laku kanggo njaga larasing alam.

Miturut pandhemen budaya Jawa saka Ngayogjakarta, Yohanes Siyamta, sejatine akeh piwulang leluhur kang bisa dadi lelandhesaning uripe manungsa, mligine bab njaga larasing alam lan saisine. Minangka titahing Gusti Allah kang kasinungan akal budi utawa titahing Gusti kang linuwih tinimbang titah liyane, manungsa nduweni jejibahan luhur ngemonah, nggulawenthah lan njaga murih lestarining alam utawa jagad saisine.

“Bab iki becik lamun kita gatekake falsafah gunungan. Ing gunungan dadi gambaran larasing urip. Ing kono digambarake kahananing donya saisine. Ana omah, ana tetuwuhan lan sato kewan. Yen sesambungan antarane sing kagambarake ing gunungan mau raket supeket, tansah nggatekake siji lan sijine, mula kahananing jagad saisine bakal tata-titi, tentrem karta raharja,” pratelane Siyamta ing Ngayogjakarta, Rebo (21/3).

Gambar gunungan iku perangan ngisor ukurane gedhe banjur saya munggah saya cilik, mengku teges awake dhewe kabeh titahing Gusti kang manggon ing jagad saisine kudu tansah ngabdi lan manembah marang Gusti. Kinanthenan jejibahan wajib njaga sesambungan klawan pepadhane lan njaga murih lestarine jagad saisine.

Gunungan mono tembung liyane uga diarani kekayon. Uga ana sing masatani kekayun. Tembung linggane kekayun yaiku kayun kang ateges karep. Uga dadi pralambang kekarepaning manungsa tansah manembah mring Pangeran lan karep tumandang karya murih raharjaning bawana.

“Dene wewangunan ing sawalike wujud butha lan geni mangalad-alad. Dadi pralambang nyata yen awake dhewe tumindak angkara murka kaya sing digambarake dening sirah butha, kanthi ora njaga lestarining alam, negori wit sageleme dhewe, mung mburu butuhe dhewe tanpa nggatekake murih lestarine, mula bakal tuwuh gara-gara kang arupa prahara, udan salah mangsa, banjir, lemah jugrug, lemah dadi cengkar, ketiga dawa, sumber-sumber dadi asat lan liya-liyane,” tandhese Pustakawan Universitas Atma Jaya Ngayogjakarta iki.

Miturut piyambake, gambar omah, tetuwuhan, kewan lan isine iku nggambarake sesambungan kang harmonis antarane kabeh titahing Pangeran. Dene gambar sewalike dadi lambang akibat lan risiko-ne, manawa kita ora njaga lan tresna marang jagad saisine.

Bab tetuwuhan kang ana ing alam iki uga kalebu titahing Gusti kang wajib kita jaga lan kita tresnani. Tatacara ing jaman semana lumaku kanthi becik wajib diuri-uri lan dilestarekake. Tuladhane sadurunge tandur diadani upacara slametan (wiwit) lan mengkone yen wis panen uga banjur ngadani slametan utawa munjuk sembah nuwun ing Pangeran utawa ngadani upacara merti dhusun. Yen anggone nenandur lan ngopeni tetanduran mau kanthi rasa tresna lan bekti mring Gusti, jer kita ngopeni padha-padha titahing Gusti, tetuwuhan mau ya mesthi bakal mikolehi lan murakabi.

“Upamane manungsa kapeksa negor wit, manawa gelem nandur dhisik utawa nyepaki winih kanggo nggenteni wit sing arep ditegor mau, aku sarujuk banget yen bab iku dilakoni ing jaman saiki. Kaya ngene iki dadi wujud jaga-jaga lan siyaga sarta njaga murih lestraining tetuwuhan. Tuladha bab iki, nate dakweruhi ing perkebunan kakao ing gumuk sakiwa-tengene Bedono-Ambarawa lan perkebunan karet ing sakiwa-tengene dalan tumuju Salatiga. Sadurunge wit-wit mau ditegor kanthi ancas dienomake utawa diremajakan, luwih dhisik padha ditanduri. Kalakone negor wit-wit sing dianggep wis tuwa mau, menawa winih sing ditandur wiwit trubus lan bakal dadi,” piterange.

Upamane kabeh iku ditindakake kanggo jaman saiki nyata manawa piwulang mau isih trep lan relevan. Prahara lan pancabaya sing saiki dumadi cetha dudu ukuman saka Gusti, nanging amarga awake dhewe minangka titah sing luwih sampurna tinimbang liyane ora tresna lan ora bisa njaga murih sempulur lan lestarining nugrahaning Gusti. Lan kasunyatane wong jaman saiki akeh sing mung seneng mburu butuhe dhewe lan kecukupan butuhing pribadi. Ora mikir marang wong liya lan ora gelem njaga murih jagad saisine sing kudu tetep lestari.

“Angger awake dhewe wis kecukupan wong liya utawa malah mbesuk anak-putune wis ora prelu dipikirake. Cara saiki bisa uga disebut egois. Budaya sarwa cepet utawa instan uga mangaribawani tumindake wong ing jaman saiki. Ora gelem nyiapake nandur maneh sadurunge negori, kuwi dadi bukti yen wong jaman saiki tumindak lan tumindake mung mburu cepete,” ujare Siyamta.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya