Jagad-jawa
Kamis, 22 Maret 2012 - 11:54 WIB

UWIT: Laras Leres Lestari

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Kustawa Esye, S.Pd Pangarsa Komunitas Kiai Damar Sesuluh [Spirit Religius, Culture & Education]

”]Jiwa Jawane wong Jawa, nut piwulang luhur lan adiluhung warisane leluhur kita, ngukuhi filosofi memayu hayuning bawana, ngupaya tetep laras leres lestarine jagad gedhe kang asring sinebut makrokosmos lan jagad cilik utawa mikrokosmos.

Jumbuh mring alam bebrayan olah tetanen ing bumi Nuswantara, pamawas jiwa Jawane wong Jawa mring laras leres lestarine bapa angkasa lan ibu pertiwi, datan mingkar lan mingkur mring telung perkawis. Sepisan, tan kendat rasa rumangsane handarbeni. Kapindho, rumangsa handarbeni. Lan katelu, wajib mulat sarira hangrasa wani.

Advertisement

Trep-trepane, darma bektine manungsa murih sampurnaning urip tan kena ngrusak ayat-ayat Kaagungane Gusti Allah, arupa tatananing alam lingkungan. Jati dhiri urip lan panguripane wong Jawa,  satemene datan bisa ginggang mring ibu bumi lan bapa angkasa.

Saking keket-rakete mring alam lingkungan, leluhur kita nganggep sakehing kang kinandhut ibu bumi (tetuwuhan, suket, godhong, kayu, watu, gunung, kali, lemah) lan isen-isene bapa angkasa (lintang, rembulan, srengenge lan liya-liyane) ndarbeni spirit  aura spiritual, bisa diajak sambungrasa lan ngudarasa. Becike, kajaba antuk pakurmatan, uga kudu diajeni lan diayomi sakmurwate.

Advertisement

Saking keket-rakete mring alam lingkungan, leluhur kita nganggep sakehing kang kinandhut ibu bumi (tetuwuhan, suket, godhong, kayu, watu, gunung, kali, lemah) lan isen-isene bapa angkasa (lintang, rembulan, srengenge lan liya-liyane) ndarbeni spirit  aura spiritual, bisa diajak sambungrasa lan ngudarasa. Becike, kajaba antuk pakurmatan, uga kudu diajeni lan diayomi sakmurwate.

Pamawas luhur lan adiluhung iku, ora ateges lan aja dimaknani minangka sembah bektine manungsa mring kayu watu lan sapanunggalane. Sajatine, minangka rekadaya murih tetep laras leres lestarining alam lingkungan.

Lali Jati Dhiri

Advertisement

Tan antuk methik godhong lan mblandong kayu sakkepenake dhewe, sadurunge njeblokake winih tanduran liyane. Tan kena ngregeti sumber lan ilining (sendhang, sumur, kali lan kalenan) banyu, uga ngeduk lemah lan njupuk watu sakepenake udele dhewe.

Babagan liya-liyane kang uga kanggep pepali, datan kena nganiyaya munggahe mateni sato kewan kang asuku lan awulu, maneka rupa lan warnane kala grumremet (sabangsane semut, kalajengking, klabang, luwing, temangga lan liya-liyane), uga sakehing iber-iberan (sabangsane jangkrik, walang, kupu, kinjeng lan liya-liyane).

Murih sampurnaning urip lan leres laras lestarine alam lingkungan, nut piwulang adiluhung warisane leluhur kita, jiwa Jawane wong Jawa uga kudu tansah ngugemi falsafah filosofi tresna asih lan tepa slira. Ora mung mring sasamining manungsa, becike uga marang  sakehe isen-isen bumi lan angkasa.

Advertisement

Emane, akehe wong Jawa ing jaman sarwa susah lan banget mbingungake iki,  rinasa wis saya adoh nrajang angger-angger, nerak wewaler lan paugeraning ngaurip.

Amarga kapilut mring budaya manca nagara, utamane kang asipat hedonisme lan antroposentrisme,  kang ora jumbuh mrih luhur lan adiluhunging budaya kita, akeh wong Jawa kang kelalen lan ninggalake filosofi falsafah adiluhung warisane leluhur kita.

Amarga salah panganggepe mring pamawas punjering urip lan panguripane manungsa ing alam bebrayan agung, nuwuhake panganggep sakehing manungsa iku ndarbeki hak kawenangan nggulawentah alam lingkungane, bebas lan mardika sakkarepe udele dhewe.

Advertisement

Kasunyatan kang banget mrihatinake lan ora bisa diselaki, kleruning pamawas iki njalari saya akehe wong Jawa nglalekake mring jati dhirine manungsa, jroning tatanan lan tataran alam kang asring sinebut uga kosmos.

Jumbuh mring pamawas falsafah filosofi jiwa Jawane wong Jawa, jati dhirine manungsa jroning kosmos tan bisa urip ijen. Ning, ndarbeni sambung rapet mring sakehing perangan alam liya, mapan jroning tatanan kang urut  nut tatarane kalungguhane dhewe-dhewe.

Amarga iku uga, piwulang luhur lan adiluhunging leluhur kita ngandharake, darma bekti mrih sampurna uriping manungsa, jroning bebrayan agung,  ndarbeni kuwajiban lan tanggung jawab luhur, mring laras leres lestarining jagad gedhe lan jagad cilik.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif