UWIT: Jaman Industri Dadi Pawitan Rusake Alam
FOTO/Istimewa

Sujarah wus nyathet manawa ing donya iki wus ngalami telung revolusi kabudayan, yaiku nalika manungsa wiwit tepung carane nandur; kapindho nalika manungsa gawe papan kanggo urip; lan katelu nalika manungsa wiwit ngrembakakake industri.

FOTO/Istimewa

Upama disambungake karo tatanan alam lan larasing urip, jaman industri bisa diarani minangka pawitan rusaking alam. Kanthi lambaran kapitalisme kang ngrembaka rikala semana, manungsa luwih akeh mburu seneng lan kabutuhan dhewe kanggo nguwasani alam saisine. Kahanan iku banjur ndadekake rusake alam kang sansaya jembar.

Miturut Sugiyarto, dhosen FMIPA UNS Solo, rusake alam kaya kang kelakon ing jaman modheren iki ora bisa ucul saka polah tingkahe manungsa. Contone, jroning tata cara tandur. Manungsa wus wiwit nilar tata cara tradhisional, banjur pindhah menyang tata cara modheren kanthi mupangatake kemajuwan teknologi kang bisa ngincim kalestarene alam lan lingkungan.

“Satemene jroning tata cara tandur, masarakat Indonesia wus duwe maneka warna jinis tata cara kang trep karo watak lingkungane, asipat luwes saengga bisa nyangga kabutuhan pangane manungsa nganti mataun-taun,” ujare jroning pirembugan ing UNS, durung suwe iki.

Tumrap masarakat Jawa, uga ngugemi budaya tandur kang laras karo kalestarening alam, mligine marang kalestarene sumber daya banyu. Nanging emane, tata cara kang kaya mangkono iku wus akeh ditilar dening masarakate dhewe, mligine masarakat modheren.

“Jaman mbiyen ana sistem pekarangan, talon, budidaya lorong kang akeh dirembakakake ing wilayah Jawa Tengah sisih kulon. Sabanjure ana sistem tumpangsari, bera lan tanduran kang asipat organik, kang trep kanggo njaga kalestarene lemah,” tandhese.

Kang luwih apik maneh, para leluhur kita bisa njabarake tata cara kang kaya mangkono iku, sarta piwulang kang kakandhut sajrone kanthi upacara-upacara tradhisional kayata wiwit, bedhah bumi, sedekah bumi lan sapanunggalane. Isien sedekah kang digawe kudu pepak, wiwit saka pala kependhem, pala gumantung, pala kesampar lan liya-liyane. Dene warisan budaya lan tata cara tandur iku satemene uga trep karo teori-teori ilmiah kang digunakake kanggo mbangun sistem tandur ing jaman modheren iki.



Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya






Kolom