SOLOPOS.COM - Apem Yagowiyu (JIBI/SOLOPOS/ Sunaryo Haryo Bayu)

Apem Yagowiyu (JIBI/SOLOPOS/ Sunaryo Haryo Bayu)

Saben Sasi Pasa, Mejid Jatinom saben sore kanggo darusan anak-putu. Nanging Ki Ageng Gribig ora bisa nunggoni. Sebab wayah-wayah ngono kuwi piyambake nembe nindakake salat Tarweh ing Mekah. Lan kondure wus jam siji wengi banjur dadi imam Salat Tarweh.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Kacarita, nalika Ki Ageng Gribig jiarah menyang Mekah bareng karo Sultan Agung. Sawijining dina, nalika dina Jemuwah tanggl 15 Sasi Sapar taun 1511. Ki Ageng Gribig antuk apem kang isih anget, sabanjure diasta kondur lan arep diparingke anak-putune. Satekane Jatinom, apem iku jebul isih anget. Amarga apem sing diasta mau ora cukup didum, Nyai Ageng banjur diutus nggawekake apem supaya bisa didum rata.

Ki Ageng Gribig uga mrentahake warga Jatinom supaya saben Sasi Sapar ngrilakake danane kanggo njakati wong-wong kang mertamu ing Jatinom. Mula kuwi, sabanjure warga Jatinom melu-melu gawe apem kanggo slametan. Amung wae carane saiki beda. Apem-apem iku digawe lan dipasrahke marang panitya sebar apem. Dina Jemuwah, apem-apem iku banjur disebarke.

Miturut andharane Indarjo, pangarsa panitya yaqowiyu Jatinom, kawit mbiyen nganti saiki saben dina Jemuwah Sasi Sapar udakara tanggal 15, warga Jatinom nggelar slametan apem banjur disebarake. Manut kaprecayane wong akeh, apem iku bisa dadi pralambanging rejeki. Jaman mbiyen, bisa wae nganti saiki, angger wong antuk apem akeh iku dianggep sasmita utawa tenger manawa wong iku bakal antuk rejeki akeh. Mula padatan nalika ana wong sing antuk apem akeh bakal nanggap wayang kulit lan nggelar tontonan ing desa saengga dhaerah iku dadi rame lan gayeng.

“Amarga akeh banget tontonan lan pagelaran kang sumebar ing sawetara papan, dening pamong praja, maneka warna pagelaran iku banjur diklumpukke dadi siji ing sawijining papan, yaiku ing pasar lawas ing punjering Kutha Jatinom lan ajeg kelakon nganti jaman saiki.”

Saben ana perayaan upacara tradhisi yaqowiyu ing Jatinom, akeh banget wong saka tlatah ngendi-endi kang mara ing Jatinom. Kaya kang kelakon Jemuwah (13/1) kapungkur. Saliyane jiarah ing makame Ki Ageng Gribig, ing papan ngendi-endi ajeg dikebaki wong. Ing mejid-mejid, ing ratan-ratan, ing langgar-langgar, nganti tekan ara-ara ing gisiking Kali Soka pinggiran desa.

Papan kang padatan sepi nyenyet, nalika ana upacara yaqowiyu, papan-papan iku dadi regeng. Akeh tontonan lan swasanane dadi endah. Nalika wayah wengi, ing sakdawane kali dadi kebak rame-rame, lampune kelap-kelip nambah endahe wengi.

Jroning adicara yaqowiyu, manawa kabeneran tahun dal, akeh banget wong sing teka saka dhaerah pesisir, Semarang, Demak, Salatiga, Magelang, Muntilan lan sapiturute. Sawuse Jumatan, digelar upacara rebut apem ing ngarep Mejid Gedhe. Sansaya suwe regenge yaqowiyu tambah gedhe.

JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya