SOLOPOS.COM - Bambang Harjanto, Humas Pemkot Solo (JIBI/SOLOPOS/dok)

Bambang Harjanto, Humas Pemkot Solo (JIBI/SOLOPOS/dok)

Deduga lawan prayoga
myang watara reringa aywa lali
iku parabot satuhu
tan kena tininggala
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
angucap meneng myang nendra
duga-duga aja kari.(Wulangreh: PB IV)

Promosi Jaga Jaringan, Telkom Punya Squad Khusus dan Tools Jenius

Tiyang Jawi sanget nemenaken babagan unggah-unguh, subasita saha tata krama wonten ing samadyaning bebrayan ageng awit anggadhahi watak andhap asor saha ngurmati dumateng tiyang sanes.

Basa Jawi tuladhanipun ingkang dados basa padintenan wonten undha usukipun ingkang kebak pranataning basa miturut trap-trapanipun, wiwit saking basa ngoko, krama lan krama inggil. Cekakipun tiyang saged ngginakaken unggah-ungguh basa manawi pangandikanipun dumateng sapepadhanipun tansah hanetepi subasita lan paugeranipun tata susila satemah saged damel remen lan resepipun ing panggalih.

Babagan unggah-ungguh, leluhur Tanah Jawi sampun paring piwucal, kados Serat Wulangreh yasan Dalem PB IV ingkang kasebat wonten Sekar Pangkur ing inggil, kathah piwulang luhur ingkang tumuju dumateng kautaman. Manawi dipundudut wosipun, tiyang saged gesang kanthi sae manawi nindakaken unggah-ungguh. Cuplikan pada kaping kalih nyebataken bilih deduga, prayoga, watara lan riringa mboten saged dipunlirwakaken wonten samubarangipun. Nalikanipun tiyang nembe bangun, lenggah, mlampah, ngendikan ngantos dumugi sare, sekawan prakawis punika kedah dipungatosaken.

Menggah prathelanipun deduga inggih punika pamikir, sakderengipun tumindhak kedah dipunpikir kanthi premati.. Prayoga saged dipuntegesi dipunlimbang sae lan awonipun. watara inggih punika pangira-ira ingkang trep. Dene riringa kebak pangati-ati. Sampun ngantos tiyang keduwung wonten tembe wingkingipun awit tumindhak, muna-muni, tindak-tanduk, solah bawa ingkang kaladuk kurang duga prayoga.

Kutha Sala minangka punjeripun kabudayan Jawi paring kawigatosan murih lestatun saha ngrembakanipun kabudayan. Pamarintah Kitha Surakarta wonten ing Rencana Pembangunan Jangka Menengah 2010-2015 nyebataken tema pembangunanipun ngrembakakaken jati dhiri budaya Jawi wonten ing pamarintahan, ekonomi, sosial lan budaya kagem nggayuh panggesangan bebrayan ingkang sae.

Pramila sampun trep Pamarintah Kitha Surakarta kanthi Serat Nomer: 060/398 surya kaping 6 Pebruari 2012 netepakan saben dinten Kemis wiwit 17 Pebruari 2012 Busana Tradisional Jawi dados PDH. Ageman beskap landung ingkang kapilih kados dene ageman padintenanipun abdi dalem Karaton Surakarta. Bab punika jumbuh kaliyan kalenggahan PNS dados abdi nagari lan abdi masarakat. Ageman kejawen sadaya sami, ingkang mbentenaken ing antawisipun tiyang namung ukuranipun: blangkon, beskap lan selop. Punika ngandhut piwucal tri purasa ingkang nemenaken pikir, raos lan tumindhak.

Sakderengipun ugi sampun katetepaken basa Jawi dados basa pasrawungan saben dinten Jemuwah. Sadaya kaleksanakaken minangka salah satunggalipun sarana nindakaken unggah-ungguh wonten samadyanipun bebrayan. Pramila tiyang Jawi mesthinipun mangertosi unggah-ungguh awit sampun 267 tahun hadeging Kutha Sala. Nanging eman sanget menawi wonten ing wekdal sapunika tiyang Jawi sampun mboten mersudi malih babagan unggah-ungguh.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya